BONSAI
Wis meh sedina Drajat nunggu Rista, bojone sing arep nglairake. Bola-bali Drajat keprungu sambat lan jeritane bojone
sing nembe berjuang ngliwati maut. Kanggo nylimur pikire sing ora karuwan, Drajat nyoba ngobrol karo wong sing uga nunggu ana ing rumah bersalin kuwi. Nanging mbuh ngapa, apa wae sing dadi bab rembugane, kabeh kaya ora mathuk. Pikire Drajat tambah ora karuwan, deweke banjur wira-wiri kaya wong linglung. Saya cetha menawa saiki Drajat lagi ora kepenak ati.
“Adhuh, aku ora kuwat!”
Drajat kaget. Krungu sambate Rista, Drajat kaya ditangekake saka ngimpi sing ala. Drajat banjur kelingan ana ing wayah sore nalika Rista kandha menawa dheweke mbobot. Krungu mangkono Drajat banjur mbopong Rista, dirangkul lan di ambungi. Sedina wutuh Drajat mesam-mesem dewe..
ORA KAGODHA
Anggone nyambut gawe dadi tukang becak wis suwe banget, wiwit manten anyar nganti nduwe anak papat. Isih diayahi kanthi rasa tanggung jawab sarta ora nduweni rasa aras-arasen babar pisan. Kanggone Durasim, kendharaan rodha telu kuwi wis dianggep kaya dene sawah sing wulu pametune kanggo nguripi anak bojo mben dinane. Satemene biyen tau banting stir bakulan pitik sing ora patiya rekasa. Ning jebul malah kerep rugi. Mbomenawa wae pancen wis ditakdirake dening sing ngecet lombok manawa garis uripe kadidene tukang mancal becak.
Dina kuwi isih jam sepuluhan nanging panase wis krasa sumelet. Karo methangkrong neng ndhuwur becake, bola-bali Durasim ngelapi raine sing gemrobyos nganggo andhuk cilik kang dikalungake gulu. Durasim ajeg mangkal neng prapatan ringin kembar…
SEPURE WIS MANGKAT
AKU nyawang arloji, jam 10 kurang limang menit. Saka speakere stasiun Tawang, Semarang keprungu lamat-lamat lagune Sony Jozh. Ora rinasa eluhku tumetes. Tembang kang mentas tak rungu mau malah njejuwing rasa pangrasaku. Kaya lagi nyemoni apa kang tak lakoni saksuwene iki. Gawang-gawang ing mripatku lelakon seminggu kepungkur ing stasiun iki ya ing kursi kang saiki tak lungguhi. Lelakon kang njalari ati kang sasuwene aku bebojowan mati dadi urip maneh.
Anggonku bebojowan cukup suwe nanging durung kaparingan momongan. Sepining batinku saya ngambar-ambra awit saploke ningkahan arang kadhing kumpul bojo merga dipisahake dening jarak..








Crito ooppoo iikkii ..
ke-pendek ‘en.
Silahkan klik link “Read More” mas, untuk membaca kelanjutannya….
Terimakasih.
muataneee pendekkk,, dawa owg
iya! terlalu pendek
macane di rampung eaaaaa!!
SENG RODOK DOWO THOYO….
terima kasih saya beruntung soal.e qw bsa ngerjakan tugas bhs.jawa aq dg mudah
ya ampun ,, pendek sih pndek . tpi gag jga kya gni kalik
ada cerita hewan ngaa ? tentang bahsa jawa
ceritaxa kok pendek bnget sich???
blog walking
menurut saya ini malah kepanjangan.. btw ada cerita jawa yang pake tulisan jawa nggk ?
seng lucu ana ora??
apik2 buanget’s
ga des
mohon ceritanya lebih lengkap lagi
koq puendek ceritax ..
crita’a xx pendex skali sich??????????
thankyou..^-^
msk cma segini doang
gak puassss donggggggg