Ditimbali Kanjeng Ratu Kidul


Ditimbali Kanjeng Ratu Kidul 

Manggone ing bangunan kuna tinggalan jaman Landa sing katelah Kamar Bola. Dijenengi Kamar Bola jarene merga dhek jaman penjajahan Landa biyen papan kono kuwi mujudake gedhung kang­go main bola sodhok utawa billiard. Sawise Indonesia merdika gedhong Ka­mar Bola iku banjur digunakake kanggo sekolah SMA partikelir, lan pener, Ben­teng Walanda banjur dibangun dadi Mas­jid Raya Klaten.

Bangunan Kamar Bola kalebu bangu­nan kang wingit. Akeh lelembut kang manggon ing omah kuwi. Ewasemono wong tuwane Bambang sak kulawarga ora wedi mapan ing seperangan bangu­nan kuwi minangka tukang kebon sing kejibah reresik lan nunggoni Kamar Bola sakpekarangane. Diwedeni maneka war­na lelembut, dikeloni gendruwo, utawa dipindhah mapane turu menyang papan-papan sing nylempit utawa ing wuwung­an omah wis asring dialami Bambang wiwit isih cilik. Nanging ya ora nda­dekake kapok, malah kaya-kaya bab kuwi kaya gegojegan.

Prastawa iki dumadi ing taun 1976, nalikane Bambang isih bujang lan wong tuwane sing sithik-sithik ngerti carane nyrawungi alaming le­lembut isih sugeng.

Sajroning selapan dina wis kaping telu Bambang ditekani pawongan kang nyandhang cara prajurit kraton nitih kre­ta kudha. Prajurit-prajurit kuwi ngajak Bambang supaya gelem sowan marang Kanjeng Ratu Kidul ing Kraton Segara Kidul. Nanging Bambang ora mangsuli. Saguh ya ora nulak ya ora. Wekasane ka­ping telu prajurit-prajurit sing ngaku utusane Kanjeng Ratu Kidul kuwi kepeksa bali nglenthung ora oleh gawe.

Nalika kedadeyan kuwi dicritakake marang bapake, bapake mbenerake si­kepe Bambang sing ora njawab panga­jake prajurit-prajurit saka alam gaib ku­wi. Sebab yen Bambang nganti njawab lan gelem melu mbok menawa Bambang ora bakal bisa bali mulih.

Kaping telu utusane Kanjeng Ratu Kidul cabar ora oleh gawe ngajak Bam­bang sowan ngabiyantara. Dumadakan ing sawijining wengi, kira-kira jam siji nalika Bambang lagi teturon ing lincak teras omahe, ngerti-ngerti kok wis pin­dhah lungguh ing gi­sik­ing samodra Sega­ra Kidul. Banyu kang jembar alerap-lerap, ombak kang oyak-oyakan dhuwure sao­mah-omah, lan nu­wuh­ake swara jumle­gur yen padha tabrak­an, gumelar ing pang­arepane.

Bambang dicandhak, diangkat mendhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake sakayange menyang tengahe samodra sing lagi rob.

Durung entek gu­mune lan durung ngan­ti kecekel ngira-ira posisine mapan ing perangane Segara Ki­dul sisih ngendi. Ora ngerti sangkan para­ne, dumadakan ana piyayi sepuh marani Bambang. Piyayi se­puh kuwi jenggote dawa wis putih kabeh, nyandhang pengang­go cara sunan jaman mbiyen, jubah lan serban sarwa putih, nggawa teken dawa gilap warna kuning emas.

“Mengku karep apa kowe tekan pa­pan kene?” pitakone piyayi sepuh kuwi.

Bambang kaget nampa pitakonan kuwi. Rumangsa dheweke ora sengaja mapan ing papan kono. Bambang banjur njawab sak kenane: “Kula namung pe­ngin ningali samodra Segara kidul ing­kang nembe rob.”

“Ngerti samodra lagi rob kok malah ditonton. Apa Kowe ora ngerti bebayane? Ngertiya, kowe bisa kesaut ombak lan keseret alun tekan tengahe samodra? Yen kepengin slamet kowe sumingkira saka papan kene! Kana minggir ngadoh saka gisiking samodra sing lagi rob ngge­gilani iki!” prentahe piyayi sepuh kuwi ngeman marang keslametane Bambang.

“Mboten, Kyai, kula mboten badhe kesah saking papan mriki. Kula mboten ajrih sanajan ningali alun samodra ageng­ipun sakgunung-gunung,” wang­sul­ane Bambang mbeguguk ora gelem lunga.

“Dikandhani wong tuwa kok ora ma­nut. Apa Kowe njaluk tak uncalake ing tengahe samodra kana?” kandhane pi­yayi sepuh kuwi karo ngancam.

“Sumangga menawi Panjenengan kagungan kersa mekaten. Nanging kula tetep mboten badhe kesah saking papan mriki,” panantange Bambang.

Entuk wangsulan sing sajak nantang, piyayi sepuh kuwi kanthi praupan kang nandhakake lagi duka banjur marani Bambang sing isih lungguh sila ing wedhi. Bambang dicandhak, dijunjung dhuwur kanthi entheng, banjur diuncalake saka­yange menyang tengah­e samodra sing lagi rob. Awake Bambang kemle­yang tiba ditampani alun kang gedhene sakgu­nung anakan, banjur di­seret ing tengahe sa­mo­dra.

Kedadeyan kang aneh ngelok-eloki dia­lami Bambang. Arep ora percaya, nyatane Bam­bang rumangsa nga­lami. Arep percaya, kedadeyan iki kok kaya mokal lan ora tinemu nalar. Nanging kabeh kuwi yen Gusti Kang Maha Kuwa­sa sing ngersakake, ora ana barang mokal sing ora esoh klakon.

Sawise diuncalake dening piyayi sepuh sing nyandhang kaya cara Sunan, Bambang weruh banyu Se­gara Kidul kaya mbiyak dadi rong pe­rangan kiwa tengen. Bambang tiba ing tengah-tengahe sing ora ana banyune. Wangune tengah-tengah kuwi mujudake dalan kang nuju ing Kraton Segara Kidul. Dalan kuwi dumadi saka lemah sing alus lan ora kena banyu. Garing ora teles. Bam­bang banjur mlaku tumuju regol kraton sing wis wiwit katon ing jarak udakara satus meter adohe. Sajroning mlaku nuju regal Kraton Segara Kidul kuwi Bambang krungu swara pating bengok ing kiwa tengen lan ing mburine Bambang. Swara-swara kuwi ana sing nyeluki jenenge Bambang, ana sing sambat-sambat njaluk tulung kaya swa­rane wong-wong sing lagi kerem keseret ombak.

Ngrungokake swara-swara sing pa­ting bengok kuwi Bambang kaya meh ora kuwat, kepengin noleh banjur aweh pitulungan. Nanging Bambang sadhar yen swara-swara kaya mengkono kuwi biyasane mung mujudake panggodha sing yen dituruti mung bakal nyilakani. Pungkasane Bambang nggedhekake tekad kanggo terus maju sowan Kanjeng Ratu Kidul lan ora ngrewes sakehing swara panggodha senajan nangis ngre­rintih njaluk tulung utawa celuk-celuk jenenge memba swarane wong sing wis dikenal.

Tekan regol kraton kapisan Bambang dicegat prajurit jaga cacah loro sing siyap siyaga nggawa gaman tumbak lan tameng.

“Mandheg dhisik, Kisanak! Kowe arep mlebu Kraton Segara Kidul, apa keperlu­wanmu?” pitakone prajurit jaga sing bre­ngose sakepel.

“Kula badhe sowan Kanjeng Ratu Kidul. Awit sampun kaping tiga kula di­tim­bali Kanjeng Ratu, nembe saged so­wan sakpunika,” wangsulane Bambang.

“Yen pancen sowanmu merga ditim­bali tak paringi palilah, nanging kowe kudu laku ndhodhok. Ora kena mlaku nga­deg kaya wong ora duwe sopan san­tun arep ngadhep ratu. Lan Kowe ora kena dlajigan sakarepmu dhewe. Ngerti, Kisanak?”

“Inggih kula mangertos lan badhe ngestokaken dhawuh lan nggatosaken pesen Panjenengan,” wangsulane Bam­bang.

Bambang banjur mlaku ndhodhok tumuju Kraton Kidul. Ana regol cacah telu sing kudu diliwati Bambang. Telu-telune dijaga prajurit sing gagah lan nggawa gaman tumbak lan tameng. Sawise ngliwati regol sing kaping telu Bambang mlebu plataran kraton. Nyawang meng­arep Bambang weruh wewangunan kraton saka ngisor nganti ndhuwur, saka pondhasi nganti atap sirap bangunan kabeh katon putih sing digawe saka balung-balung manungsa sing ditata rapi. Senajan bahane digawe saka ba­lung menungsa nanging katon rapet lan pengkuh.

Mlebu pendhapa kra­ton Bambang wis ditunggu Kanjeng Ratu Kidul sing lenggah ing dhampar ken­cana. Dhampar lenggah­ane Kanjeng Ratu Kidul dawane kira-kira karo te­ngah meter. Tanganane dhampar kaentha ukiran ula. Kabeh warnane ku­ning mengkilap digawe saka emas. Kanjeng Ratu menganggo sarwa ijo, rik­mane diore dawa ngagem makutha emas. Ing kiwa tengene Kanjeng Ratu lungguh dhayang-dha­yang patah sakembaran sing ayu-ayu rupane, umur kira-kira sangang taun. Kanjeng Ratu banjur ngawe Bambang supaya nyaket.

“Bambang, tekamu mrene pancen tak kersakake merga aku ngerti kowe bocah enom sing sregep tirakat lan laku prihatin. Nanging sadurunge aku wawan pangandikan karo kowe sing akeh-akeh, kowe tak keparengake mubeng lingkung­an kraton kanggo nonton­nonton kaha­nane Kraton Kidul kene.” Bambang matur sendika lan banjur pamitan arep nonton-nonton kahanane kraton.

Ing mburi kraton Bambang weruh ana dhapur kang jembar banget. Nalika mle­bu pawon Bambang kaget meruhi ana pawonan cacah telu sing gedhe – gedhe lan genine tansah murub amarga terus disugoni bahan bakar. Anehe bahan bakar sing kanggo ngurubake pawonan kuwi ora saka kayu utawa karet nanging balung-balung jrangkonge manungsa. Ing sacerake pawonan ana pasedhiyan tumpukan balung-balung jrangkonge manungsa sepirang-pirang sing siyap disugokake ing cangkeme pawonan sing katon panas geni mulat-mulat. Bambang rumangsa miris banjur age-age metu saka dhapur raseksa sing nggegirisi kuwi.

Ing mburi dhapur katon ana paviliun sing akeh cacahe. Ana paviliun mligi kanggo wong lanang, ana paviliun mligi kanggo wong putri, lan uga ana paviliun mligi kanggo nom-noman setengah tuwa sing rupane bagus-bagus lan ayu-ayu. Lan sing gawe mirise ati ing kono uga ana bangunan gedhe kanggo papan panyiksan. Ing papan iki akeh wong disik­sa. Tangan dirante digantung munggah, banjur wong-wong sing mung nganggo kathok cendhak ireng kuwi awake saku­jur dipecuti nganti getihe mili pating dle­wer. Ganda amis nduleg irung. Jerit-tangise ngebaki ruwangan gawe melas wong sing ngrungokake. Bambang ora betah suwe-suwe ing papan kono, dhe­weke banjur metu.

Sawise dirasa cukup anggone ngu­bengi lingkungan kraton Bambang banjur bali sowan Kanjeng Ratu Kidul. Kanjeng Ratu lan dhayang-dhayang patah sakem­baran isih lenggahan nunggu sowane Bam­bang.

“Kowe wis ngubengi kabeh lingkung­an kraton. Saiki aku arep nerangake apa sing wis kok weruhi nalika mubeng-mu­beng mau,” ngendikane Kanjeng Ratu sawise Bambang bali sowan ngabian­toro.

“Wong-wong sing ana paviliun mburi kae mau wong-wong sing kalap ing pa­pan kene lan tak kersakake dadi kawu­laku. Dene nom-noman bagus-bagus lan ayu-ayu ing paviliun sing kok weruhi mau bocah-bocah sing banget ditresnani ba­pak-ibune ngungkuli tresnane marang anak-anake liyane nanging tak kersakake dadi kawulaku ing kene. Ing kene nom-noman kuwi uga dadi abdi kinasihku. Mula wong-wong tuwa sing anake padha kalap ing kene ora perlu susah merga ing kene anak-anake iya entuk pangu­ripan sing kepenak.

Dene wong-wong sing padha disiksa kae wong-wong sing padha wani nantang aku, lan padha dlajigan ing papanku, apa maneh padha tumindak saru ing papanku sing tak anggep suci.

Banjur wong-wong sing mung katon balung-balung jrangkong sing padha di­dadekake bahan bakar kanggo ngurub­ake pawonan ing dhapurku, kuwi wong-wong sing padha golek pesugihan ing tanah Jawa sing wis tekan janjine. Pan­cen kanggone wong­wong sing padha kepengin sugih kanthi gampang, ora gelem nyambut gawe kanthi rekasa, ing tanah Jawa kene iki wis tak gelar papan-papan kanggo golek pesugihan. Iki pi­nangka pacoban marang imane ma­nung­sa. Yen wong kuwi wis tekan jan­jine, wong kuwi bakal digawa mrene disiksa dadi bahan bakar pawon gedhe sing genine panas mulat-mulat kuwi mau, ngendikane Kanjeng Ratu Kidul njelasake werdine apa wae sing wis di­we­ruhi Bambang ing papan kono.

“Piye, Mbang, apa kowe kepengin sugih mblegedhu sarwa turah, nanging pungkasane dadi bahan bakar disugok­ake ing pawonan kaya wong-wong kae mau?” pandangune Kanjeng Ratu ma­rang Bambang.

“Mboten, Kanjeng Ratu. Kula mboten kepengin sugih yen samangkenipun na­mung dados hurub-hurub pawonan ing­kang sakelangkung panas. Kula trimah dados tiyang ingkang gesang cekapan, syukur tirah saged kagem sodaqoh,” wangsulane Bambang.

“Yen ngono aku mangestoni. Saban­jure aku marengake kowe bali nyang ngomahmu. Nanging welingku sing perlu kok gatekake: Sepisan, yen kowe kepe­ngin ketemu aku, yen ora dhong pinuju pisowanan aku bakal teka nemoni kowe. Syarate kowe kudu sesaji: sega putih, banyu putih, kopi pait, gedhang mas di­ga­we kolak ora nganggo gula, iwak ayam dhadha menthok, menyan lan merang pari ketan ireng. Kaping lorone, pesenku kowe mengko yen bali mulih sajroning njangkah 100 meter sanjabane regol, senajan krungu swara apa wae aja me­nga-mengo lan aja nyaut utawa mangsuli senajan krungu swara celuk-celuk je­nengmu. Wis saiki kowe tak tundhung bali saka papan kene. Aja kesuwen ma­pan ing kene, iki dudu papanmu!”

Sawise ngaturake gunging panuwun lan nyuwun pamit, Bambang enggal-enggal ninggalake Kraton Kidul kanthi laku ndhodhok nganti tekan regol sing pungkasan. Sawise ngliwati regol Bam­bang mlaku biyasa ing dalan sing kiwa tengene banyu segara ngilak-ilak kanthi ombak gedhe siyap arep nglelep dalan kuwi nanging ketahan sawijining tembok sing ora katon. Ing samburine Bambang lan sakiwa tengene keprungu jumerite wong-wong bengok-bengok njaluk tulung kaya lagi glageban keseret alun ombak samodra kang lagi rob. Nanging nuhoni welinge Kanjeng Ratu Kidul Bambang ora ngrewes swara-swara kuwi mau kabeh. Sakjane abot yen dirasakke nanging nge­lingi yen kuwi mau kabeh mung go­dha Bambang nahan rasaning ati. Lakune madhep mantep tumuju ngarep arah mulih nyang ngomahe dhewe.

Entuk 100 meter langkahe Bambang saka regol sing pungkasan, dumadakan ana angin gedhe sing tumiyup santer mbuncang Bambang mumbul angkasa. Ngerti-ngerti Bambang wis bali turon ana lincak ing emper omahe. Alhamdulillah Bambang ngucap puji syukur marang Gusti kang akarya jagad lan isih tetep nyayomi dheweke sawise nglakoni keda­deyan sing luar biyasa.

Seminggu sawise kedadeyan kuwi Bambang nemokake pusaka loro cacahe ing ngarep omahe nalika lagi mbukak lawang ing wayah esuk. Pusaka kuwi diwenehi jeneng Keris Kiyai Nagagini sing dawane kira-kira sangang senti meter lan Tumbak Kiyai Cacing Kanil sing dawa­ne kurang luwih wolung senti meter.

(Cuthel)

Komentar
  1. fino mengatakan:

    dasds dsd as

  2. haryono mengatakan:

    aku sepertinya pernah mimpi seperi yg di alami bambang tapi aku gak menghadap Ratu tapi aku keliling kraton dan melihat persis yg dilihat bambang

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s