Pesugihan Bocah Cacad


Pesugihan Bocah Cacad

“Ana rame apa ta Lis, kok abane arep ngundang prawan sa­kam­pung?”

“Alah, nggih namung nengeri Ndhuk niku lho Bulik. Adate nika nek pitu­las taun rak sweet seven teen. Kersane mboten nelangsa lan rumaos seneng larene!”

E, dadi Ajeng iku wis pitulas taun ta, aku grenengan dhewe. Mesakne bocah iku. Praupane ayu, mesthine nek normal ngono ya jan ngedab-edabi.

“Bulik nembe rawuh? King Bangil jam pinten, kok ngantos meh sonten dumugi mriki?” pitakone Sulis njugarake lamunanku.

“Jam enem-an luwih. Wong mampir Ka­rangkates barang.”

Bubar menehake oleh-oleh marang Sulis, aku ora nemoni wong tuwane, ning bali nyang Mbahe maneh, sing omahe ngarep persis omahe ponakanku.

Aku banjur nerusake lungguhan karo maratuwa kaya sakawit  sinambi ngen­teni bojoku adus. Dakdulu wadanane ibu katon saya sepuh, nanging rikmane ora ketara uwane lan ngendikane uga isih cetha senajan wajane suda.

Daleme ibu ya isih panggah kaya biyen. Omah ukuran 4 x 8 m. Temboke pu­tih. Kori lan cendhelane dicet biru. Kur­si tamune panggah jeglong tengahe, se­bab busane mimpes njaluk diiseni. Beda banget klawan omah ngarepan sing mung keletan dalan iku. Omah magrong-magrong tingkat loro. Platarane jembar rinengganan taman kebak kembang war­na-warni. Sepedhah motore ana papat. Mobile loro, padha irenge ning seje me­rek, siji Innova lan sijine Avanza.

“Nyawang apa ta Ndhuk?” pitakone Ibu

“Niku lho Bu, griyane Lis. Rumaos kula saya dangu kok nyelot sugih. Jane garwa­ne Lis sing niki niku nyambut damele napa ta?”

Ibu banjur crita yen gaweyane bojone Lis ngono ngabotohan. Adate wong nga­botohan iku cepak kalahe, adoh me­nange. Tumrap bojone Lis iki beda. Ka­lah, babar pisan ora tau. Menange mes­thi, gek nganti tikel tekuk. Wong sakam­pung ajeg gumun. Wong liyane padha to­rog tegal lan sawah, dheweke malah nam­bah lemah lan njembarake omah. Wong kampung nga­ra­ni yen Kani, bojone Lis, ora lamba.

“Wis gek ndang adusa kana Ndhuk, kae lho bojomu wis rampung!”

“Kula dhisik Mbah. Ibu mengke mawon!,” anak wadonku nyelani kambi terus mlayu me­nyang jedhing tan­pa ngenteni wangsul­an­ku. Embahe ya wis ora komentar apa-apa maneh, nuli nggu­yu nyawang polahe anakku.

Sholat Maghrib dak­jamak karo Isya’. Bubar iku aku nyang omahe Mbakku sa­per­lu ngrewangi Lis. Pranyata sing rewang akeh. Sing gawe jajan ana dhewe. Sing masak ana dhe­we. Sing gawe inuman ana dhewe. Ya wis Alhamdulillah, dhasar aku ora pati bisa masak, dadi ya mung kari ndelak-ndelok wae.

Ning nalika aku arep mbuwang hajat nyang jedhing, e lah kok ing kono ana kembang sundel saktekruk sing durung kejamah. Ya enggal wae gebogan kem­bang kasebut dakudhari lan dakpotong-potong gagange. Terus, dakgolekake tam­bahan godhong asparaga, voring, karo pakis ing taman.

Kembang-kembang mau banjur dak­rangke ing sajrone stoples-stoples tang­gung kang kaisi banyu sacukupe. Bubar iku, pirang-pirang rerangken kembang kasebut enggal dakseleh ing meja-meja. Sakala sakehing ruwangane dadi katon urip lan seger sarta ngganda wangi.

Ora krasa jam wis nudhuhake sewe­las luwih. Aku ngantuk banget. Pancen sa­awan ora kober turu, awit ngerneti bojoku nalika nyetiri Carry, mobil pribadi­ne. Aku enggal mangkat turu ing sepen mburi jejer pawon.

Krungu kabar mangkono, sakala aku tiba ndheprok.

 

Udakara jam loronan, aku wis tangi maneh. Kaya padatan ing omahku dhewe, aku enggal wae wudlu saperlu arep sholat wengi. Bubar sholat aku ngaji Surat Ar-Rahman mligi dakhadhiyahahe kanggo ponakanku sing sesuk ulang taun. Muga-muga Ajeng Puspitasari tansah pinaringan Rahman-Rahim-E Gusti.

Nedheng-nedhenge maca Al-Quran, dumadakan keprungu ngrenyinge bocah mothah kang ora cetha swarane. Karo tetep ru­kuhan, aku enggal me­nyat tumuju ruwang te­ngah. Mripatku jlalatan nggoleki asale swara mau. Aku samar yen ana sing lagi tindhihen, saengga kudu enggal di­gugah supaya ora ke­bacut bilahi. Bolongan kunci kamar padha dak­injen siji mbaka siji. Pi­nuju nginjen kamar ge­dhe ngarep dhewe, sa­cara reflek aku mbe­ngok sakayange. Te­rang wae penghuni ka­mar enggal metu nuli nesu.

“Eee … dados Bulik ta biang keroke. Layak, Ajeng kawit mau mo­thah terus lan ora ge­lem dakkeloni. Sinten sing ngangsali njenengan sholat teng griya kula. Pokoke, mengke nek ngantos wonten menapa-menapane, Bulik kedah tanggel jawab!”, Kanin enggal mlebu kamar maneh kambi mbanting lawang sora banget.

Aku nuli metu saka omahe Mbakku, te­rus nyabrang dalan tumuju omahe mara­tuwa. Aku nothok cendhela kamar ngarep. Bojoku tangi lan ngengakake lawang. Aku nangis. Bojoku kamitenggengen. Aku enggal dijak mlebu ngomah.

Bubar iku, aku crita sakehe apa kang nembe dakdulu. Bab Kanin kang turu saka­mar karo Ajeng. Bab Kanin ngeloni Ajeng tanpa awer-awer. Bab Kanin kang nesu banget nalika ndulu aku nganggo rukuh. Bab pangancame Kanin marang aku, lan sapanunggalane. Luhku dleweran mili ora kabendung. Aku nangis awit gela banget.

Aku uga matur Mas Ko, yen jejo­dhowane Kanin klawan Sulis iku ora tulus, ana pamrihe, lan kebak wewadi. Buktine, Kanin ing wengi iku ora nindakake saresmi klawan Sulis ning karo Ajeng, anak kwa­lone sing cacad. Aku ngyakinake Mas Ko yen kabeh mau mesthi ana sambung rapete karo kesugihane Sulis.

Esuk umun-umun, bojoku langsung tu­mu­ju omahe Sulis. Mripate bojoku ka­ton abang. Aku ora ngerti, abange si mri­pat mau apa krana kurang turu apa se­bab nesu. Aku uga ora ngerti apa sing arep ditakokake bojoku klawan Mbakyu­ne. Rada suwe bojoku ing omahe Mbak­yu­ne. Sawise metu saka kono, bojoku nemoni aku lan ngejak enggal bali mulih menyang Bangil. Aku ya enggal ngring­kesi barang-barangku lan nuli pamitan ibu maratuwa. Alasane bojoku, nembe entuk bel saka kantor, saengga Mas Ko kudu enggal bali saiki uga.

Ing sadawane dalan Blitar-Bangil, bo­jo­ku crita tanpa kendhat. Adate, yen nyo­pir ora nate omong. Gelema omong ya mung saperlune. Esuk iki jan beda ba­nget. Bojoku sajak cuwa marang Mbak­yune. Pranyata, Sulis uga ngerti apa kang wis mataun-taun ditindakake Kanin klawan Ajeng. Sulis ora bisa suwala, awit iku mujudake perjanjen awal nalika mangun bale somahe.

Sejatine, ibuku maratuwa wis nate ngo­mong marang Sulis supaya ngelik­ake bojone. Kanin iku nindakake pakone setan. Ning Sulis malah muring-muring. Malah sabubare mahargya ulang taune Ajeng mengko, Sulis ya wis ngidini ren­canane Kanin arep ngopeni bocah cacad loro maneh. Sing dipurih ya bocah wa­don sing ora bisa mandhiri. Sing cacade persis Ajeng (cacad mentale, ora bisa ndu­lu sarta ngomong, nanging isih bisa dirasakake madu kawanitane). Lan nggo njaga supaya si Wadon cacad ora keba­cut mbobot, mula ing saben dinane kudu diombeni pil KB.

Alhamdulillah dalane lancar, mula senajan isih durung jam loro aku sabrayat wis te­kan omah. Sawatara iku, tilpun omahku muni, “Kring .. kring .. !”

Tilpun enggal dakang­kat. Pranyata tilpun saka Mbakyune bojoku. Tilpun ngabarake yen Ajeng tilar donya tanpa sebab. Be­ba­rengan karo iku Kanin lumpuh total lan ora bisa ngomong babar pisan. Krungu kabar mangkono, sakala aku tiba ndheprok. Balung-balungku kaya di­lolosi. Aku keweden lan ge­meter. Aku kelingan pangancame Kanin, yen nganti ana apa-apane aku kudu tanggung jawab.

Ora watara suwe, bo­joku mlebu ngomah saka ruwang garasi. Mas Ko enggal marani aku lan ngangkat anggaku digawa menyang kamar. Aku enggal nyritakake apa kang mentas dakrungu. Dheweke banjur nguwatake atiku kanthi pangucap, “Dhik, kabeh mau dudu salah­mu, ning takdire Gusti. Gusti Allah Maha Rahman lan Rahim mring kabeh titahe, klebu marang Ajeng ponakane dhewe.”

Wis watara meh setaunan, aku isih du­rung dijak Mas Ko sambang ibune ma­neh ing Blitar. Kabar-kinabaran mung li­wat tilpun. Saka tilpun dakrungu kabar yen larane Kanin saya nemen. Waras ora lekas lan mati ora enggal pinesthi. Lelara­ne strok berat, banget ngentekake wra­gad, lan mbebeda sing lagi ngrumat. Sa­wah lan tegal sarta barang-barang omah­e ya wiwit mbrindhil diedoli kanggo mer­tamba. Senajan mangkonoa, aku isih du­rung dililani Mas Ko tuwi.* (Cuthel)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s