Randhu Growong


Randhu Growong

Mudhun saka ojeg dheweke mlaku alon-alon nyedhaki wit randhu alas gedhe ing ping­gir kali iku. Thingak-thinguk, ora ana katon wong kemliwer. Dheweke tidha-tidha. Apa bener papan iki ?. Yen sinebut papan kramat, kok ora katon anane cungkup, jirat makam, utawa pager mligi sing dadi tandha papan wingit. Pancen ana growongan amba ing poke wit, cukup dileboni wong loro. Ana tan­dha tilas punthukan obongan menyan lan kembang setaman sing wis rada garing. Karo nunggu mbokmenawa ana wong liwat, sokur yen kuwi malah juru kunci­ne, Ngadenan selonjor bantalan tas. Pa­pane eyub lan adhem, ketambahan angin semilir, nyebar hawa ngantuk. Nrawang ngenam panguripane kepungkur, nalika dheweke isih dadi “wong”. Tegese isih duwe pametu ajeg, isih kajen lan urip cukup mapan.

Dadi perangkat desa sing cukup ketengen, isih duwe sawah sing bisa disewakake marang pabrik tebu. Sisihane uga bukak dhasaran ing Pasar Ngablak. Ing desane Tanjungmaja bae, jeneng Ngadenan cukup dikenal. Merga blereng kepilut barang lan dhuwit, lali ma­rang ajaran kapercayan sing diem­ban. Ngadenan nylewengake bantuwan be­ras miskin (raskin). Tumpuk-tumpuk nganti atusan yuta. Nalika dianakake pa­meriksaan, dheweke kabukten wis ngge­lap­ake dhuwit bantuan desa lan beras raskin. Kepeksa ditebus ing pakunjaran. Senajan barang-barang sing disleweng­ake mau wis diganti sarana ngedol sa­wah lan sebagiyan pekarangane. Isih nan­dhang kapitunan gedhe, dilereni aliyas dipecat saka kalungguhane. Metu saka pakunjaran ora duwe gaweyan. Ke­pengin mlayu menyang Jakarta, nyam­but gawe saentuke. Nanging sisihane ora nglilani. Pawadane anake isih cilik-cilik. Ngadenan kepeksa nurut. Kanggo nga­wekani kebutuhan urip, sakliyane sisiha­ne isih dodolan ing pasar, Ngadenan me­lu buruh mblantik kewan sapi, kebo, uta­wa wedhus saben dina pasaran.

“Mas…wungu mas. Kok sareyan teng ngriku, nggene kotor,” wong lanang se­te­ngah tuwa gugah-gugah.

“Ooooh… matur nuwun pak. Papane silir ndadoske ngantuk. Nyuwun pirsa napa niki wit randhu growong papane mendhet pesugihan?”.

Paraga setengah tuwa sing kaceluk mbah Narto kuwi ora semaur, mung nya­wang Ngadenan kanthi tajem. “Nggih… leres niki randhu growong. Yen disebut nggene pesugihan, niku kula mboten sa­ged matur cetha. Sebab yen sing nyuwun niku tiyang sekitar ngriki, mesthi mboten kasil. Yen tiyang seking kitha tebih… ra­cake malah kasil. Napa empun manteb saestu menggah mengke pituwase. Awrat lho mas perjanjen kalih bangsane siluman niku. Sampeyan usaha sing wa­jar mawon. Sanajan katone rekasa na­nging murakabi.”.

Akeh-akeh kojahe mbah Narto Kam­di, pawongan kang melu ngreksa pun­dhen randhu growong kuwi. Nanging Nga­denan puguh lan kenceng tekade. Wusana dheweke diterake “kula-nuwun” marang dhanyang-e randhu growong. Njaluk pitulungan supaya bisa dadi sugih mbrewu. Kanthi manteb wengi kuwi Nga­denan tuguran ijen ing ngarep wit ran­dhu growong. Ing wanci tengah wengi, angin tumiyup santer. Rembulan tanggal enom ketutupan mega. Swa­sana kekes tintrim. Tanpa sangkan pa­ran, wis ndhekem ing ngarepe Ngadenan sing sila ngedhepes asu ireng mulus sak­pedhet gedhene, melet-melet lan mbe­kos nggereng. Dheweke kaget, nanging nuhoni welinge mbah Narto, dheweke mung meneng ora reaksi. Ora suwe blegere asu ireng kuwi ilang musna tanpa lari.

“Niku ateges panyuwunan sampeyan dikabulake kalih danyange. Mung pitu­wase paling telat sewulan ngepasi tang­gale Jawa dalu niki, sampeyan kedah atur kurban. Wujude bekakak asu ireng mulus. Dene janji sampeyan mangke ngampil arta bank gaib niku badhe pin­ten taun, sumangga. Ning ampun kesu­pen… saben taun wanci tanggal Jawa pendhake dalu niki. Sampeyan kudu teka ngriki, atur “anakane” utang niku. Nyu­wun jangkane utang sing tebih sisan, dadi cucuk ang­gene ngrasakake”.

Piwelinge mbah Narto tha­rik-tharik. Ngadenan man­thuk-manthuk kalegan. Bakal keturutan sedyane dadi wong sugih sing kajen ing desa lan kuthane. Sada­waning dalan bali menyang Kudus, mesam-mesem dhe­we kaya wong kena sawan. Tekan ngomah, apa sing wis dilakoni dicritakake ma­rang sisihane. Senajan mau­ne kurang sarujuk mer­ga wedi bebendune, bareng diterangake wijang kepeksa nurut apa sedyane sing la­nang.

Sepasar anggone muter golek asu ireng mulus lagi bi­sa ketemu. Pawadan kang­go sarana ruwatan seng­kala. Sing nduwe asu nglilani dituku, kanthi rega cukup dhuwur. Nanging mer­ga syarat sarana saka dha­nyange randhu growong ku­du kuwi senajan dirasa pan­cen abot, tetep ditindakake. Bekakak asu ireng wis didum rata ma­rang tangga teparo. Nanging ora walaka jinising daging panggang kuwi. Nga­wekani supaya ora mancing masalah aib ing lingkungan daging bekakak asu mau diakoni daging wedhus.

Saploke ritual bekakak asu ireng mulus kuwi, panguripane Ngadenan saya nanjak. Prasasat apa sing dicekel gawe mesthi nekakake dhuwit. Ngadenan bisa tuku kios gedhe ing Pasar Bareng, pasare luwih gedhe tinimbang Pasar Ngablak Tanjungmaja. Dagangane sing wadon saya pepak lan komplit. Ora suwe kios sebelah kanan keringe uga dituku. Su­warni, sisihane Ngadenan wis kondhang dadi juragan ing pasar. Ngadenan dhewe wiwit dol tinuku sepedha onthel, mung­gah dol tinuku sepedha motor, saiki mun­dhak dadi jual beli mobil, lan rental mo­bil. Ing wektu rong taun urip lan pang­uripane wis malik grembyang. Dheweke wis mlebu kalangane pebisnis. Saiki dadi pengepul sapi potong. Seminggu kaping pindho kirim patang trek sapi potong menyang Jakarta.

“Mbah… niki mpun ngancik taun ka­ping tiga. Wancine kula mangsulake utang kula riyin teng randhu growong ngriki.artane mpun kula cepakke teng mobil. Nyuwun diujubake nggih mbah?”, tembunge Ngadenan marang mbah Narto.

Mbah Narto mung manthuk karo me­sem. Ing batine wis nduga yen Ngadenan bakal memperpanjang kontrake marang bank gaib randhu growong. Ngadenan sing teka telung taun kepungkur isih klu­wus mundhak taun teka mrono, kahana­ne tambah moncer.

“Sampeyan riyin ngampil pinten mas?. Saben taun sampeyan mpun mbalekake anak­ane, mesthine niki mangsulke “mbok­e” ngoten?”.

 Ngadenan mbisiki total silihane telung taun kepungkur. Dhuwit ing njero tas koper kuwi dietung bebarengan. Ing kono tuwuh keanehan. Dhuwit sing isih lak-lak­an saka bank, sing saka omah wis di­e­tung ganep, nyatane bareng arep dibalekake setor menyang bank randhu growong kurang saka etungan nyata. Mbah Narto mung mesem nggleges. Sakbanjure mung aweh saran marang Ngadenan, supaya ngadhep maneh marang dhanyange. Panggraitane juru kunci kuwi pancen numusi. Sapa paraga sing “perjanjen” ka­ro pundhen randhu gro­wong kuwi mesthi ngalami nasib lan kahanan, kaya sing dialami dening Ngade­nan. Dikaya ngapa bae se­tan prayangan mesthi ora gelem rugi, tansah ngupaya sing kawogan saya terikat kuat.

Ritual bekaka asu ireng mulus tansah ditindakake ing saben taun, senajan sa­rana sesidheman. Kasugih­a­ne Ngadenan saya ngam­bra-ambra, malah wis mbu­kak bank perkreditan rakyat (BPR). Sejatine mung usaha sinandi anggone ngubeng­ake dhuwit panas. Api-api nulung nganging sakbenere menthung. Wis akeh sing dadi kurban tanpa disadhari.

Rong taun saka wektu perpanjangan perjanjen karo randhu growong, Nga­denan teka maneh nyetor­ake dhuwit “silihan” komplit karo jumlah anakane. Dhuwit wis dietung bola-bali kanthi cara manual lan mesin. Ora ana sing kecicir. Dheweke ora kepengin pras­ta­wa rong taun kepungkur kelakon ma­neh. Mantep dheweke kepengin mung­kasi sesambungan karo “bank gaib” ran­dhu growong. Mudhun saka BMW dhe­weke nyangking tas koper tumuju omahe mbah Narto, njaluk diujubake maneh marang dhanyang randhu growong. Wan­cine wis surup surya. Sintru ing ngi­sor randhu growong, swasanane tintrim se­najan durung tekan petenge wengi. Dite­rangi nganggo teplok, bebarengan dietung cacahing dhuwit “setoran”. Na­nging aneh. Cacahing dhuwit kurang saka total jumlah setoran. Ngadenan dadi jengkel, muntab nesune rumangsa diapusi. Nanging arep ngarani sapa? Wu­wuse lekoh, nguman-uman dhanyang­e randhu growong. Pangerih-erihe mbah Narto wis ora dipaelu. Sebageyan dhuwit sing isih ana ing njeron tas koper disun­tak. Ditendhang mawut awur-awur. Aneh­e … kaya ana angin tumiyup nye­dhot aburing dhuwit sing mawut kuwi, kepuntel mlebu ing saknjeroning grow­ongan wit randhu alas.

Ngadenan sing isih getem-getem, ning­galake tlatah Wedi nrabas dalan si­dhatan tekan Prambanan. Saka Pramba­nan arep nerusake laku menyang Yogya. Sakdalan-dalan nyetir dhewekan kaya wong edan, ngomel lan misuh. Sing dadi saraning pisuhan lan undamana mung dhanyange randhu growong Mutian. Ngliwati laladan candhi langite peteng mendhung ngendanu. Angin kemrosak kaya lakune lampor. Banter lan nggegi­risi. Petungan  mangsa pancen ora bisa di­u­gemi. Gumuruhe angin, kuwawa ngrung­katake wit mahoni tuwa ing ping­gir marga. Sumiyut gumebrug nibani lan ngebruki BMWne Ngadenan. Ringseg tanpa puliha ketaman prahara sing ngge­girisi. Nanging anehe Ngadenan isih bisa metu, lan slamet saka cintraka. Gliyeran cekelan lawang mobil, panone semrepet. Kaya ana renggunuke asu ireng mulus sak­pedhet nggereng ndhekem. Sikile tha­kur-thakur, mbaung sora lan nggero nubruk anggane Ngadenan.

Purnaning prahara dalan dadi macet, merga ambruking wit mahoni. Nindhihi BMW lan jasade Ngadenan sing gilang-gilang. Pitulungan saka masyarakat, eng­gal ngentasake jasade Ngadenan dikirim menyang kamar mayat RSUP Dr. Sarjito Yogya. Ing pamulasaran RSUP, katitiprik­sa yen patine Ngadenan ora saka sebab ka­cilakan. Nanging tatu-tatu ajur ing jan­tung lan atine, klebu organ dalam liyane. Kaya tatu-tatu dikerah cakaran landhep, bolong ing dhadhane, kanggo dalan nye­dhot getih ing jantunge. Jasad sing mati rusak nrenyuhake, mripat mendelik ora bisa dieremake, ilat melet kaya nan­dhang wedi lan kelaran. Ing pandeleng mistis, Ngadenan mati dikereg dening “utusane” dhanyange randhu growong Mutian.

Pethi mati isi jisime Ngadenan sing dilebokake luweng kubur mlethek kayune kaya sigar ngumbar ganda banger ndu­leg irung. Bola-bali diurug, jirat kubur kuwi mesthi ambles. Kepara ing saben wengi, miturut katrangane wong sakiwa tengene kuburan kuwi, tansah keprungu pembaunge asu sing memelas. Apa swa­ra pambaunge asu ireng mulus saka pun­dhen randhu growong?.

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s