Candra


Dyah Bratajaya

Kita mesthi ora asing maneh ngenani babagan candra. Amarga nalika kita nekani kondangan temanten, pranata cara mesthi nyandra temanten sakloron ngepasi kirab, lan wangsul kirab. Candra uga akeh diprangguli ing pedhalangan utawa pewayangan, sarta ing kethoprak. Wondene sing diarani nyandra yaiku : nggambarake kaendahan utawa kahanan sarana pepindhan. Dadi kang luwih digatekake gegambaraning kaendahan utawa kahanane, dudu dhapukaning ukara kang ditengenake. Dhapukaning ukara yaiku pepindhane kang amung kanggo sarana panyandra.

Wong nyandra iku ora mesthi nganggo basa kang dakik-dakik lan ora mesthi nganggo basa rinengga utawa basa pepaes. Akeh wae wong nyandra amung nganggo tetembungan sing lumrah, kayata : lakune kaya macan luwe, bangkekane kaya tawon kemit, irunge ngudhup mlathi, athi-athine ngudhup turi, lan sapanunggalane. Wondene panyandra sing nganggo basa rinengga antarane, kayata : grana rungih pindha kencana pinatar, eseme pindha madu pinustika, dhasar sulistya ing warna sinembuh tyase ngumala, lan sapanunggalane.

Mungguh kang lumrah dicandra, yaiku : peranganing awak manungsa lan bab kang gegayutan karo manungsa, perangane awak danawa lan bab kang gegayutan karo danawa, uga kaananing alam. Wondene tuladha-tuladhane kaya mangkene :

 

Candra kang tumrap manungsa, Candra kang sinawung ing pethikan tembang Asmaradana:

Sang putri Banoncinawi

rum-arum Dyah Bratajaya

yen cinandra sawarnane

kurang candra luwih rupa

nyata tan ana mimba

slira sedhet singset lurus

pindha gambar wewangunan.

 

Pamulu ambengle kiris

pindha parade binabar

ruruh wingit pasemone

jatmika arang ngandika

tajem mawa prabawa

rema memak ngembang bakung

semu wilis ngandhan-andhan.

(S. Padmosoekotjo)

 

Maksude kaya mangkene :

Senajan rupane Dyah Bratajaya utawa Dewi Wara Sembadra saka Banoncinawi, wis dicaritake kaendahane nganggo pepindhan kang pinunjul, isih luwih endah warnane utawa rupane Dyah Bratajaya tinimbang karo kaendahane barang sing kanggo memindhanake. Awake singset lan becik wangune persis kaya wewangunan gambar. Pasuryane kuning sumunar tajem mawa prabawa, arang ngendika yen ngendika tansah nganggo trapsila, lan rekmane ketel sulak ijo ngandhan-andhan.

 

Candrane manungsa nesu

Lir sinabit talingane,

jajabang mawinga-winga,

sinabeta merang sagedheng, bel dadi geni.

Angga pindha mubal dahana, netra andhik angatirah,

imba tepung,

idep mangada-ada,

waja gathik,

kumedhut pardoning lathi.

Saking bangete nggeget waja,

kecoh marus ariyak ludira.

 

Maksude kaya mangkene :

Candra ing dhuwur nggambarake wong kang lagi nesu banget, atine panas kaya disabet sagedheng merang kobong. Lan digambarake mripate mencereng abang, alise nganti gathuk, idepe ngadeg njegrag lan untune nggeget nganti metu getihe. Candra kaya mangkene biyasane bisa kita temoni ing lakon pewayangan utawa ana ing kethoprak.

 

Candrane Wong Minum

Eka padmasari, minum sasloki agawe sumringah rai, pepindhane kaya sumringahe kembang trate kang warna abang.

Dwi amartani, minum rong sloki marakake luput ing pati utawa marakake kalis ing pati.

Tri kawula busana, wong minum telung sloki wiwit duwe polah nganeh-anehi utawa owah adate. Pepindhane kaya abdi kang manganggo sacara bendarane.

Catur wanara rukem, minum patang sloki kaya wanara mere-mere ana ing wit rukem. Karepe gunemane wiwit kaya wong ndleming.

Panca sura panggah, minum limang sloki atine tatag-tanggon sugih kewanen, sarwa keduga nadhahi gegaman, sepi ing rasa was sumelang.

Sad guna weweka, minum nem sloki sirna pangati-atine.

Sapta kukila warsa, minum pitung sloki kaya manuk kang kadhemen amarga kudanan, njedhindhil.

Asta sacara-cara, minum wolung sloki solah tingkahe wis ora karuwan, tinggal tata, lali kasusilan.

Nawa gra lupa, minum sangang sloki awake wis lungkrah nglumpruk tanpa daya, amarga wis kakehan polah.

Dasa yaksa mati, minum sepuluh sloki pepindhane kaya danawa mati, nglegorong meneng wae lan ora obah-obah.

Candra ing dhuwur nggambarake lelakune wong minum saka awake isih sumringah tumekaning ora bisa apa-apa maneh nganti kaya buta mati.

 

Candrane paprangan

Swaraning gong, beri, pusur, tambur,

tempuk lan gathiking watang sarta bengingehing jaran,

kaya mbelah-mbelahake bumi,

polahe wadya bala kaya gabah diinteri.

Tandange kaya bantheng ketaton.

Kehing pepati kaya babadan pacing.

Ing paprangan prasasat banjir getih asarah wangke.

 

Candrane Danawa

Mijil :

Ageng inggil gagah godheg-wok bris,

netrane kadya mong,

wuluwawar sumingkal alise,

simbar jaja pan kadya walingi,

idepnya angisi,

wulune ngrembuyung.

Nggambarake buta gedhe dhuwur, raine kebak rambut, ya godhegen, brewoken, uga jenggoten lan matane kaya mata macan. Wulu ing dhadhane gedhe-gedhe lan dawa-dawa kaya suket wlingi, alise kandel, lan idepe sakisi-kisi.

 

Candrane Kaananing Alam

Candraning kaananing alam iku kayata : candraning alam ing wayah esuk, sore, wengi, ing gunung, ing segara, ing padesan, lan sapanunggalane.

Tuladha candraning alam kang gegayutan karo gegantine mangsa, kayata :

Sotya murca saking embanan,

ing mangsa kasa wit-witan akeh kang brindhil.

Bantala rengka,

mangsa karo akeh lemah padha mlethek,

lan sapanunggalane.

 

Candrane alam ana ing tembang Durma :

Tan pantara bayu bajra maliweran

Geter-geter mawredi

Genjot kang bantala

Kartika tibeng kisma

Dres sumawur sang Hyang Riris

Kocak samodra

Lindhu mawanti-wanti

(Punarbawa II)

 

Tembang ing dhuwur nggambarake kaanan alam lagi dumadining bencana amarga angin gedhe utawa lesus tanpa kendhat, bumi oreg, lintang tiba ing bumi, udan deres, ombak gedhe sarta lindhu kang ambal-ambalan.

Dadi kaendahan kang kamaksud ing candra iku ora amung kaendahaning rupa secara fisik. Ananging uga kaendahaning basa kang direnggani mawa lelewaning basa, kang biyasane migunakake lelewaning basa hiperbola. Hiperbola iku lelewaning basa kang nyatakake bab kanthi cara kaluwihan, supaya ukara dadi katon luwih edi lan mbangkitake daya tarik.

Nuwun.

 

Diambil dari http://www.panjebarsemangat.co.id/, pada 24 Desember 2011. pukul 04:34

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s