Tembung Dasanama


DASANAMA ANTARANE TEMBUNG LAN TEMBUNG 

PURWAKA

Dasanama iku akeh jinise, Miturut Gudai (1989:11), kesinoniman (dasanama) kelakon kanggo kabeh tataran basa yaiku ukara, frase, tembung, lan morfem, kayata:

  1. Kesinoniman antarane ukara
  2. Kesinoniman antarane frase
  3. Kesinoniman antarane tembung
  4. Kesinoniman antarane morfem

Panulis kurang sarujuk, amarga yen ditintingi maneh, ing basa Jawa uga ana dasanama kang kadadeyan ing antarane tembung lan frase uga antarane frase lan ukara.

Dasanama antarane tembung lan tembung kaperang maneh dadi enem yaiku dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung kriya, dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung kahanan, dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung aran, dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung panggandheng, dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung panuduh, lan dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung katrangan.

Ananging ora saben buku semantik ngrembug kanthi mligi babagan dasanama. Tuladhane ing bukune Chaer (1995) ngrembug babagan dasanama ananging mung sathitik, amarga ing buku iku ngrembug babagan semantik dene dasanama iku mung perangan ing semantik.

Pateda (1989) ing bukune mung sethithik ngrembug babagan dasanama. Dene Djajasudarma uga mung ngandharake babagan dasanama kanthi umum.

Kurange buku kang ngandharake dasanama kanthi mligi nggaweni panulis rada angel ngrembug babagan dasanama iki.

Sejatine akeh banget tembung-tembung dasanama kang nduweni jinis-jinis tartamtu mula alasan panulis milih judhul Dasanama antarane Tembung lan Tembung yaiku amarga kepingin mangerteni apa wae jinising dasanama antarane tembung lan tembung.

Makalah iki bakal ngrembug kajian semantik babagan dasanama mligine dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung kriya, dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung sipat lan dasanama antarane tembung lan tembung ing tembung aran.

ANDHARAN

Dasanama antarane tembung lan tembung yaiku dasanama kang kedadeyan ing tataran tembung. Miturut Kridalaksana (1984)  dasanama yaiku wujud basa kang maknane mirip utawa meh padha karo wujud liyane: padanan iku kanggo gawe tembung, kelompok tembung, utawa ukara sanadyan umume sing dianggep sinonim mung tembung-tembung wae.

Kanggo luwih mangerteni sejatine dasanama mligine dasanama antarane tembung lan tembung ora bisa ninggalake jinis tembung. Miturut Sasangka (2008:115-148) jinising tembung ing basa Jawa ana sepuluh yaiku aran, kriya, kahanan, katrangan, sesulih, wilangan, panggandheng, ancer-ancer, panyilah, panyeru.

Dasanama antarane frase kedadeyan ing tataran frase utawa bisa kasebut ing dasanama antarane frase kang tegese meh padha utawa padha yaiku frasene. Dasanama jinis iki luwih sethithik ketimbang dasanama antarane tembung. Ora kabeh frase nduweni dasanama. Tuladhane yaiku frase tape goreng kang tegese padha utawa meh padha karo randha royal, frase wong tuwa lan frase ibu lan bapak. Dene tuladha frase kang ora nduweni dasanama yaiku saputangan ora padha tegese karo sapu ing tangan.

Beda karo dasanama antarane frase utawa ukara, dasanama antarane tembung luwih gampang anggone ngandharake. Dasanama antarane tembung kang nduweni teges padha utawa meh padha yaiku tembunge. Dene tembung cacahe luwih akeh tinimbang frase lan luwih gampang, mula dasanama antarane tembung kang arep dirembug ing pniten iki rada longgar sipate.

Soedjito (1989: 5) ngandharake yen dasanama mesthi kadedayan ing jinis tembung kang padha. Tembung aran karo tembung aran, tembung sipat karo tembung sipat, uga tembung kriya karo tembung kriya.

Saka data kang ditemokake, dasanama antarane tembung lan tembung ing basa Jawa diperang dadi enem yaiku :

  1. dasanama antarane tembung aran.
  2. dasanama antarane tembung kriya.
  3. dasanama antarane tembung sipat.
  4. dasanama antarane tembung panggandheng.
  5. dasanama antarane tembung panuduh.
  6. dasanama antarane tembung katrangan.

 

  1. 1.     Dasanama Antarane Tembung Aran

Dasanama antarane tembung aran yaiku dasanama kang kedadeyan ing tembung aran. Kaperang maneh yaiku tembung aran sukma lan tansukma.

(a)      Dasanama antarane Tembung Aran Sukma

Tembung aran sukma yaiku tembung aran kang nduweni nyawa. Tuladha dasanamane yaiku

Dhayoh – tamu

Badhut – pelawak

Yayah – bapak

Pandung – maling

Lsp.

Tuladha ing ukarane :

  1. a.       ing ketoprak kuwi sing paling apik badhute.
  2. b.       ing ketoprak kuwi sing paling apik pelawake.

           Ing tuladha (a) lan (b) tembung badhut padha tegese karo pelawak, mula yen tembung badhut diganti pelawak ora ngowahi tegese ukara.

(b)      Dasanama antarane Tembung Aran Tansukma

Tembung aran tansukma yaiku tembung aran kang ora nduweni nyawa (sukma) utawa bisa kasebut samubarang. Tuladha dasanamane yaiku

Jeneng – aran                           Pariwara – iklan

Gendul – botol                           Layang – surat

Piranti – bekakas                      Pawarta – kabar

Ubarampe – piranti                    Praja – nagara

Lsp.

Tuladha ing ukarane :

  1. a.       masku sing nang Jogja ngirimi aku layang.
  2. b.       masku sing nang Jogja ngirimi aku surat.
  3. c.       Tehe tak lebokne gendul ya?
  4. d.       Tehe tak lebokne botol ya?

  Katon cetha menawa tuladha ing ndhuwur bisa digenti tanpa ngowahi surasaning tembung.

  1. 2.     Dasanama Antarane Tembung Kriya

Dasanama antarane tembung kriya yaiku dasanama kang kedadeyan ing tembung kriya. Ing jinis dasanama iki, rada akeh tuladhane amarga tembung kriya bisa didasanamakake kanthi jembar. Tembung kang nduweni dasanama tuladhane :

Merdhayoh – mertamu                     Ngoyak – nguber

Dicancang – ditaleni                        Ngicipi – ngrasakake

Mbolos – mlincur                             Ngecakake – nindakake

Dicekel – dicandhak                                    Nuntun – ngirit

Celathu – kandha                            Maido – nacad

Ndeleng – nonton                            Macak – dandan

Kaleksanan – kelakon                      nyawang – nglirik – nginceng

lsp.

Luwih jelase bisa dijlentrehake ing ukara ngisor iki :

(a)       Antok merdhayoh ing omahe Pak Tarto.

(b)       Antok mertamu ing omahe Pak Tarto.

Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen tembung merdhayoh minangka dasanamane mertamu. Amarga tembung iki kalebu dasanama padha tegese, mula bisa genti-genten tanpa ngowahi surasane tembung.

(c)       Aku mau nyawang layange Mas Antok.

(d)       Aku mau nglirik layange Mas Antok.

(e)       Aku mau nginceng layange Mas Antok.

Tuladha ing ndhuwur ora bisa dijlentrehake kanthi gampang. Tembung nyawang – nglirik – nginceng tembung dasanama kang tegese meh padha, mula ing ukara ndhuwur ora bisa genti-genten panganggone. Tembung nyawang – nglirik – nginceng bisa kabedakake kanthi cara fiture distinctif. Yaiku kanthi jarak utawa solah bawane. Nyawang ateges ndeleng kanthi biasa utawa jarake cedhak, nglirik ateges ndeleng saka pojoke mripat, dene nginceng ateges ndeleng saka bolongan utawa jarake cedhak tapi jarak pandange sethithik.

 

  1. 3.     Dasanama Antarane Tembung Sipat

Dasanama antarane tembung kriya yaiku dasanama kang kedadeyan ing tembung sipat. Tembung sipat kabagi maneh dadi loro yaiku tembung watak lan tembung kaanan (Sasangka. 2008: 122-123).

(a)    Dasanama antarane Tembung Watak

Tembung watak mujudake tembung aran, dene tembung watak iki ora bisa owah (ora ngalami owah gingsire teges). Tembung-tembung kang bisa kalebu ing jinis iki yaiku :

Pencilakan – bedhigasan            Prigel – trampil

Becik – apik                              Ngebreh – boros

Basuki – slamet                                     Kendel – wani

Cuwa – gela                              Giris – wedi

Lsp.

Kanggo luwih cethane, kajlentrehake kaya ing ukara ing ngisor iki:

(a)     Budi kuwi pancene prigel bocahe.

(b)     Budi kuwi pancene trampil bocahe.

(c)     Aja dadi bocah bedhigasan, mundhak ora disenengi wong.

(d)     Aja dadi bocah pencilakan, mundhak ora disenengi wong.

Ukara – ukara ing ndhuwur, nerangake yen ta tembung – tembung kang kalebu dasanama tembung sipat mligine watak iku akeh – akehe tembung dasanama kang bisa genti-genten. Tanpa ngowahi surasane tembung tembung trampil lan prigel bisa gegantiyan, semana uga tembung bedhigasan lan pencilakan.

(b)    Dasanama antarane Tembung Kaanan

Tembung sipat awujud tembung kaanan iki njlentrehake tembung – tembung dasanama tembung sipat kang bisa ngalami owah – owahan. Tembung – tembung kang kalebu jinis iki antarane :

Reja – rame                   Ijen – dhewe

Sugih – mulya                Loh – subur

Sengsara – susah

Cethane bisa diwaca ing tuladha ukara ing ngisor iki :

(a)     Jakarta, kutha kang reja banget.

(b)     Jakarta, kutha kang rame banget.

Beda karo dasanama tembung sipat watak, dasanama tembung sipat kaanan iki gampang anggene owah. Tuladhane ing ndhuwur Jakarta kang reja banget iku gampang anggene sepi, nanging yen ngowahi keprigelan iku susah.

Sairip karo tuladha ing ngisor iki :

(c)     Mergawea kanthi sregep supaya uripmu ora sengsara.

(d)     Mergawea kanthi sregep supaya uripmu ora susah.

Kahanan susah utawa sengsara ing ndhuwur iku gampang anggene ngowahi tinimbang watak cuwa kaya ing tuladha tembung watak. Saliyane iku, uwis dadi ciri lumrahe dasanama yen tembung siji padha tegese karo tembung sijine mula ing tuladha (a), (b), (c), lan (d) tembung dasanamane bisa genti-genten tanpa ngowahi surasane.

  1. 4.     Dasanama Antarane Tembung Panggandheng

Dasanama antarane tembung panggandheng yaiku dasanama kang kedadeyan ing tembung panggandheng. Tembung – tembung kang kalebu ing jinis dasanama iki sethithik banget, ing antarane kang bisa ditemokake yaiku :

Rikala – nalika

Sabab – karana – jalaran

Tuladha kanggo jinis iki pancene sethithik, nanging muga bisa nganti jelas jlentrehan ing ukara ngisor iki :

(a)     Rikala udan awan mau, aku isih nang dalan.

(b)     Nalika udan awan mau, aku isih nang dalan.

(c)     Aku ora bisa karo sliramu sabab tresnaku wus dakwenehake marang wong liya.

(d)     Aku ora bisa karo sliramu karana tresnaku wus dakwenehake marang wong liya.

(e)     Aku ora bisa karo sliramu jalaran tresnaku wus dakwenehake marang wong liya.

Ukara (a) lan (b) nuduhake tuladha kang rada gampang anggone ngonceki, dene ukara (c), (d), lan (e) rada angel tinimbang tuladha sadurunge. Ukara (a) lan (b) nuduhake tembung dasanama kang tegese padha mula bisa genti-genten kanthi ora ngowahi surasane. Ananging ing ukara (c), (d), lan (e) ngemu teges kang meh padha dadi ora mesthi bisa tepak anggone genti-genten. Ing ukara (c), tembung sabab luwih ngandharake kaindahan tinimbang karana, lan jalaran. Saliyane iku tembung karana luwih umum digunakake tinimbang tembung sabab lan jalaran. Tembung jalaran panganggone luwih kuna tinimbang tembung sabab lan karana.

 

  1. 5.     Dasanama Antarane Tembung Panuduh

Dasanama antarane tembung panuduh yaiku dasanama kang kedadeyan ing tembung panuduh. Dasanama tembung kang nuduhake saperangan tartamtu. Tuladhane ing antarane : iku – kuwi

Yen ditrapake ing ukara:

(a)     buku iku daksilih saka Perpus

(b)     buku kuwi daksilih saka Perpus

Tuladha tembung dasanama ing ndhuwur nuduhake yen tembung kuwi luwih dipengaruhi dialek tinimbang tembung iku. Ananging rong tembung iku nduweni teges kang padha mula bisa digenti-genten tanpa ngowahi surasane.

  1. 6.     Dasanama Antarane Tembung Katrangan

Dasanama antarane tembung katrangan yaiku dasanama kang kedadeyan ing tembung katrangan. Tembung katrangan kaperang maneh dadi papat yaiku dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung aran, dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung sipat, dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung wilangan, lan dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung katrangan.

Perangan-perangan kasebut bakal dijlentrehake kanthi amba ing ngisor iki.

  1. a.       Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Aran

Dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung aran tuladhane mung sethithik kang bisa ditemokake.

Dudu – ora   

Mung – nggur

Panetrapane ing ukara :

(a)     Wong kuwi dudu bulekku nanging ibuku

(b)     Wong kuwi ora bulekku nanging ibuku

(c)     Bapakku biyen mung guru sd

(d)     Bapakku biyen nggur guru sd

Ukara (a) lan (b) kalebu tuladha tembung dasanama kang tegese meh padha, mula anggone geganti-genten kurang trep. Dene ing ukara (c) lan (d) minangka tuladha  tembung dasanama kang kapengaruhi dialek, ananging ora ngowahi surasane yen digenti-genten.

  1. b.      Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Sipat

Ing ngisor iki tuladha ngenani Dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung sipat.

Sarwa – tansah

Semu – rada

Panetrapane ing ukara :

(a)     Wong kuwi uripe sarwa kecukupan.

(b)     Wong kuwi uripe tansah kecukupan.

(c)     Haryadi nganggo klambi wernane semu abang.

(d)     Haryadi nganggo klambi wernane rada abang.

Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen ing tuladha ukara (a), (b), (c), lan (d) tuladha tembung dasanama kang tegese padha mula bisa genti-genten tanpa ngowahi surasane.

  1. c.       Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Wilangan

Ing ngisor iki tuladha ngenani Dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung wilangan.

Kari – isih

Mung – nggur

Panetrapane ing ukara :

(a)     Dhuwitku kari sepuluh ewu.

(b)     Dhuwitku isih sepuluh ewu.

(c)     Endhoge mung loro.

(d)     Endhoge nggur loro.

Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen ing tuladha ukara (a), (b), (c), lan (d)  minangka tuladha tembung dasanama kang tegese padha mula bisa genti-genten tanpa ngowahi surasa tembunge. Saliyane iku, tembung dasanama kari lan isih, Mung lan nggur  uga dipengaruhi dialek ing penganggone.

  1. d.      Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Katrangan

Ing ngisor iki tuladha ngenani Dasanama tembung katrangan kang nerangake tembung katrangan. Tuladhane yaiku:

Wae – bae

Panetrapane ing ukara yaiku:

(a)     dhompete meh bae ilang.

(b)     dhompete meh wae ilang.

Tuladha ing ndhuwur nuduhake yen ing tuladha ukara (a) lan (b) minangka tuladha tembung dasanama kang tegese padha mula bisa genti-genten tanpa ngowahi surasa tembunge. Saliyane iku, tembung dasanama wae – bae uga dipengaruhi dialek ing panganggone.

DUDUTAN

Saka andharan ing ndhuwur mau bisa didhapuk dudutan yen cirine dasanama yaiku tembung siji nduweni teges padha utawa meh padha karo tembung liyane. Dasanama antarane tembung lan tembung yaiku dasanama kang kedadeyan ing tataran tembung.

Dene dasanama antarane tembung kaperang maneh yaiku:

  1. Dasanama Antarane Tembung Aran

(a)      Dasanama antarane Tembung Aran Sukma

Tuladhane:

  1. a.    Ing ketoprak kuwi sing paling apik badhute.
  2. b.    Ing ketoprak kuwi sing paling apik pelawake.

(b)     Dasanama antarane Tembung Aran Tansukma

Tuladhane:

  1. a.    Masku sing nang Jogja ngirimi aku layang.
  2. b.    Masku sing nang Jogja ngirimi aku surat.
  3. Dasanama Antarane Tembung Kriya

Tuladhane:

  1. a.       Antok merdhayoh ing omahe Pak Tarto.
  2. b.       Antok mertamu ing omahe Pak Tarto.
  3. Dasanama Antarane Tembung Sipat

(a)     Dasanama antarane Tembung Watak

Tuladhane:

(a)     Budi kuwi pancene prigel bocahe.

(b)     Budi kuwi pancene trampil bocahe.

(b)     Dasanama antarane Tembung Kaanan

Tuladhane:

(a)     Jakarta, kutha kang reja banget.

(b)     Jakarta, kutha kang rame banget.

  1. Dasanama Antarane Tembung Panggandheng

Tuladhane:

(a)     Rikala udan awan mau, aku isih nang dalan.

(b)     Nalika udan awan mau, aku isih nang dalan.

  1. Dasanama Antarane Tembung Panuduh

Tuladhane:

(a)     Buku iku daksilih saka Perpus

(b)     Buku kuwi daksilih saka Perpus

  1. Dasanama Antarane Tembung Katrangan
    1. Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Aran

Tuladhane:

(a)     Wong kuwi dudu bulekku nanging ibuku

(b)     Wong kuwi ora bulekku nanging ibuku

  1. Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Sipat

Tuladhane:

(a)     Haryadi nganggo klambi wernane semu abang.

(b)     Haryadi nganggo klambi wernane rada abang.

  1. Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Wilangan

Tuladhane:

(a)     Endhoge mung loro.

(b)     Endhoge nggur loro.

  1. Dasanama Tembung Katrangan kang Nerangake Tembung Katrangan

Tuladhane:

(a)     dhompete meh bae ilang.

(b)     dhompete meh wae ilang.

Dasanama ing jaman saiki wus rada diperhatekake, menawa mbesuke bakalan ana kang kanthi mligi ngrembug babagan dasanama basa Jawa. Amarga sejatine, wigati banget anane panliten ngenani babagan iku kanggo nggampangake kajian semantis mligine sesambungane teges.

KAPUSTAKAN

Chaer, Abdul. 1990. Pengantar Semantik Sastra. Jakarta: Rineka Cipta

Djajasudarma, T. Fatimah, 1999. Semantik 2. Bandung: PT Refika Aditama

Gudai, Dr. Darmansyah. 1989. Semantik Beberapa Topik Utama. Jakarta: Iptek Pengembangan Lembaga Pendidikan Tenaga Kependidikan

Kridalaksana, Harimurti. 1982. Fungsi Bahasa dan Sikap Bahasa. Ende & Flores: Nusa Indah

Padmosoekotjo, S, 1955. Ngrengrengan Kasusastraan Djawa I. Purworejo: Hien Hoo Sing

Padmosoekotjo, S, 1953. Ngrengrengan Kasusastraan Djawa. Purworejo: Hien Hoo Sing

Pateda, Prof. DR. Mansoer. 2001. Semantik Leksikal. Jakarta: Rineka Cipta

Sasangka, Sri Satriya Tjatur Wisnu. 2008. Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa. Jakarta: Yayasan Paramalingua

Soedjito, Drs. 1989. Sinonim. Bandung: Sinar Baru

Suwandi, Dr. Suwaji, M.pd. 2008. Semantik Pengantar Kajian Makna.  Yogyakarta: Media Perkasa

Komentar
  1. Ria 'Eya Luuv' mengatakan:

    pak admin,mw tanya ni.cari buku Paramasastra Gagrag Anyar Basa Jawa di mana ya??aq cari-cari buku tu ssh bgt… :(

  2. apriliana vivy candra mengatakan:

    elek banget ah………………………………………………………..!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!! kur koyo ngono thok..

  3. anisa lan ayuni mengatakan:

    mau tanya ,,,,, aku & temanku bingung nyari dasanama MALING, GEDHE LAN YE …..
    soalnya itu di buat pr ,,,,,,
    tolong ya beritahu ,,,, dah nyarik di pepak , internet gc da …… :( :) tolong :)

  4. tuladhanipun dikatahke.. ben saged damel sinau.

  5. jack mengatakan:

    mau tanya nih dasanamane candra apa ya?

  6. Risma & Indah mengatakan:

    contoh kalimat dasanama diperbanyak dong …

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s