Ora Butuh Jalma Linuwih


Ora Butuh Jalma Linuwih

image

APA tegese pinter yen mung kanggo minteri wong liya? Apa tegese sekti mandraguna yen kasektene mung kanggo sesongaran, kepara nyilakani liyan? Apa tegese sugih bandha-bandhu yen mung kanggo gawe merine sing ana ing kiwa-tengene? Ateges janma linuwih iku ora dibutuhake maneh?

Mengko dhisik. Kepinteran, kasekten, lan kesugihan pancen mujudake tandha-tandha kaluwihaning manungsa. Sok sapaa kang nduwe kepinteran luwih saka liya-liyane, mesthi bakal ingaranan wong wasis. Mula wong kaya mangkono iku pantes dadi paran pitakonan lan bisa diarep-arep bisa ngudhari sakehing perkara.

Kuwi yen bener panganggone. Yen ora pener, bisa tiba ing kosok balen.

Dene kanthi kasekten, wong ora mung dadi luwih percaya dhiri, nanging uga bakal gawe wedine mungsuh lan sengseme kanca-rowang. Mula wong banjur padha ngudi piye bisane sekti. Ana kang kanthi gladhen amrih saya limpad lan rosa, nanging uga kanthi nambah kekuwatane jiwa.

Emane, kasekten iku akeh-akehe kandheg ing babagan atose balung wulete kulit. Mula banjur ana sesebutan ”sekti mandraguna tinatah mendat jinara menter ora tedhas tapak palune pandhe sisane gurinda” utawa ”ditumbak lakak-lakak dibedhil mecicil”.

Nanging kasekten ing tata lair mau adhakane bisa njlomprongake marang sing kedunungan dadi nduwe ambeg kumalungkung, sapa sira sapa ingsun. Kasekten pancen bisa marakake wong dadi sesongaran lan hawane mung golek mungsuh.

Mulane kasekten lair wae ora cukup. Kudu linambaran sektine batin. Iku kang bisa diarep-arep bakal ngeker marang hardaning kanepson, meper marang krenteg sesongaran.

Dene kanthi bandha, manungsa temene luwih jembar tebane anggone bakal tumindak. Kanthi bandha, manungsa bisa ”asung boga marang kang kaluwen”. Nanging sok-sok kanthi bandha iku, wong banjur nguja ”maksiat batin” kanthi rumangsa entuk hiburan yen bisa weweh marang ”kang kaluwen” tanpa ngrekadaya amrih bisane ”sing keluwen” kuwawa dhewe ”ngupaya upa”. Pemberdayaan, istilahe saiki.

Sing luwih cilaka maneh yen bandha iku malah njalari dadi lali marang purwa duksina. Bandha marakake dwong dadi ngangsa uripe.

Mulane sapada tembang gambuh kang nganti saiki isih kerep diwulangake ing sekolah unine mangkene: Wonten pocapanipun/ adiguna adigang adigung/ pan adigang kidang adigung pan esthi/ adiguna ula iku/ telu pisan mati sampyuh. Dene sing apik kuwi yen bisa ”guna ing aguna tan ngendhak gunaning janmi”.

Manungsa kang ganep apa-apane mau banjur kaprah diarani janma limpad seprapat tamat.

Timbule Skeptis

Banjur, apa sebabe nganti muncul pratelan-pratelan retoris tur ngemu rasa skeptis kaya mangkono mau? Muncule pratela mau temene ora uwal saka kanyatan kang gumelar. Kanyatan kang sarwa nguciwani.

Ora beda kang nate kababar dening RNg Ranggawarsita ing Kalatidha: ratune ratu utama/ patihe patih linuwih/ pra nayaka tyas raharja/ panekare becik-becik/ parandene tan dadi/ paliyasing Kalabendu/ mandar mangkin andadra….

Pranyata ”jalma linuwih” ing barisane para pangreh praja iku ora bisa dadi jaminan kahanan negara bakal dadi tata tentrem kerta tur raharja. Sanajan sakabehe klebu jama kinacek, nanging yen cak-cakane ora pener, tetep saya ndadra kahanane.

Kosok baline, dudu crita carangan yen ana sawijining panguwasa sing olehe maca teks ”bapak2 ibu2” wae dadi ”bapak dua ibu dua”, nanging jebul angone nglumpukake pendapatan asli daerah (PAD) luwih dhuwur tinimbang panguwasa sadurunge sing jarene kalebu sarjan sujaneng budi.

Pancen butuh wong pinter, nanging dudu sing kuminter, apa maneh minteri. Ora ana gunane yen kepinterane mau mung kanggo ngapusi liyan.

Mulane banjur ora mokal yen ana sawenehing ajaran kang jumurang marang para panggilute supaya dadi manungsa kang cubluk mbalilu wae. Sebab kanthi mangkono, temene manungsa bakal tansah nglenggana marang purwaning dumadi, rumangsa manawa satemene dudu apa-apa lan dudu sapa-sapa. Kurang luwih paralel karo pratelen sing ngandhakake manawa ”saya akeh sing disinau temene saya akeh sing ora dimangerteni”.

Mulane uga piwulang Sasrakartanan mratelakake supaya sabisa-bisa manungsa iku ”sekti tanpa aji, sugih tanpa bandha” lan sapiturute. Piwulang mangkene iki uga laras karo gambarane manungsa kang sakeplasan katone kebak paradoks. Ora mung punjul ing apapag, mrojol ing akerep, nanging uga dhisik tan nglancangi, dhuwur tan ngungkuli.

Ewasemono, tetep ana gegeran kanggo nemtokake pilihan. Ora kurang, Serat Wulangreh uga wis asung pituduh kepriye dhasare lamun golek ”imam” kuwi. Ora liya: lamun sira anggeguru kaki/ amiliha manungsa kang nyata/ ingkang becik martabate/ sarta kang wruh ing ukum/ angibadah lan kang ngirangi/ sokur oleh wong tapa/ ingkang wus amungkul/ tan mikir pawewehing lyan/ iku pantes sira guronana kaki/ sartane kawruhana.

Mula saiki, kang dibutuhake dudu dudu jalma linuwih yen kaluwihane mau mung kango ngungkul-ungkuli. Dudu manungsa linuwih, yen kaluwihane mung kanggo ngasorake lan nyengsarakake sapepadha-padhane tumitah.

Cethane, kang dibutuhake dudu tekane kawula kang kumratu-ratu, nanging ratu kang kumawula. Persis karo sing kaimpun ing sipat wolu kayadene ing astabrata. Kanthi nduwe sipat-sipat kayadene segara, angin, srengenge, lan sapiturute, temene manungsa iku bakal nduwe teges lan dibutuhake marang sakabehe kang tumitah. Kanthi samadya, temene manungsa uga ora kurang maknane, tumrap sapepadha-padhane, luwih-luwih kanggo sing dipimpin.

(Sucipto Hadi Purnomo/35)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s