Relativisme Piwulang Jawa


Relativisme Piwulang Jawa

image

SAJRONING nyinau lan naliti piwulang Jawa luwih asring kita pranggul tembung ‘kudune’ tinimbang tembung ‘kudu’. Bab iki nuduhake anane relativisme ing piwulang Jawa. Bab bener lan luput kudu manut kahanan lan situasi sing diadhepi. Piwulang relativisme iki menehi kalodhangan marang wong-wong kang padha nggegulang piwulang luhur Jawa ora rumangsa dituntun lan dipituturi nanging bakal nenimbang kanthi suka renaning wardaya. Emane, relativisme piwulang Jawa mahanani sifat permisif marang laku luput lan nyimpang.

Kanggo nguningani bab iki, mangga dakaturi menggalih anane piwulang Jawa cacah loro sing kontradiktif antarane siji lan sijine. Daksebutake ing kene anane petung neptu dina utawa pasaran yen dibandhingake karo piwulang mupus mring kahanan. Kaya wis kawuningan, ing piwulang Jawa ana pangerten bab neptu dina lan pasaran. Manut petung kaya kang sinebut ing primbon, dina Rebo Legi gunggung neptune rolas. Saka ngendi asal-usule? Petung iku manut angka petung arbitrer awit dina lan pasaran tertemtu duwe etungan angka khusus. Adhedhasar angka iki bisa ditemtokake maneka warna bab kayata nasib, katuranggan, jodho & salaki rabi, naga dina, taliwangke, saparwangke, nujum, nganti petung para pandung kang bakal nindakake kadurjanan utawa pengin main kertu lan adu jago supaya bisa entuk kemenangan.

Ngrendheti

Yen ditliti nggunakake teori psikologi modern, kapercayan ngenani petung dina lan pasaran iki wis menehi sugesti negatif marang warga bebrayan sing kadhung percaya. Urip kalimput rasa was sumelang. Rasa wedi lan khawatir thukul ing pikiran tanpa tetimbangan nalar. Sugesti negatif kaya iki bakal ngungkung kabeh laku, jangka, lan pambudidaya. Rasa wedi, miris, lan ancaman bebaya uga bakal ngrerendheti jangkah. Kanyatan, isih akeh warga bebrayan Jawa sing percaya marang pangirabawane petung dina lan pasaran. Ing alam teknologi digital iki isih asring kita krungu ana pasangan jalwestri sing gagal mbangun bale wisma mung amarga petung jenjeme dina lan pasaran ora gathuk. Durung suwe iki pernikahan massal sing diadani dening saweneh pondhok pesantren ing Jawa Timur pendhaftare saya suda amarga akeh sing murungake nikah massal. Apa sebabe? Anehe, anggone mbatalake nikah iku amarga dina pernikahane ngepasi wulan Sura (Muharram).

Sing angka loro, ing piwulang Jawa uga ana piwulang kang nyurung tuwuhe sugesti positif ing madyane bebrayan. Sugesti positif iki bisa kita sumurupi nalika wong Jawa kudu nampa pacoban lan musibah. Nalika ketaman coba, ngibarate kesandhung ing rata lan kebentus ing awang-awang, wong Jawa kudu bisa mupus ing kahanan. Umpame, saweneh sudagar sing kobongan dagangane ana pasar, korban kudu bisa nggelar lan nggulung pikire. Mula dheweke kudu tetep matur nuwun marang panguwasa-Ne Gusti amarga sing ilang mung bandhane sing ana ing kios pasar dene kulawarga lan bandha sing ana ngomah isih wutuh. Umpama maneh si sudagar kelangan sing luwih akeh, dheweke kudu tetep bisa mupus kahanan kanggo nglelipur dhiri lan mbagun dina esuk sing during teka.

Sikap nrima lan mupus ing kahanan iki wus ditaliti lan nyata mujudake nilai positif sing makili piwulang muslim Jawa ing piwulang pengembangan kepribadian ala Dale Carnegie. Bisa mupus mring pacoban klebu bagian saka positive thinking lan penting kanggo nglantarake dina sesuk sing luwih becik. Sikap positif iki antara liya mulangake arih bisa nggayuh urip sukses wong kudu ngakeh-akehi suka syukur marang Gusti kang Maha Kuwasa lan ngurangi anggone nggresula lan ngangluh asesambat sajroning nglakoni laku jantrane urip sing kebak pacoban, godha lan rencana.

Kanyatan anane piwulang loro sing tumbukan iki nuduhake yen piwulang Jawa saktemene menehi pilihan, ora kudu ngene ning kudune ngene, ora kudune ngene bisa kaya kae, lan sapanunggale. Nyikapi relativisme iki kita nduweni kebebasan. Tegese wong Jawa kuwi ora susah kudu ngugemi petung neptu dina lan pasaran kanggo nemtokake saweneh perkara. Ora susah kudu gumantung sa’at, jenjem, naga dina, taliwangke, lan sapanunggale. Bisa wae ketemune petung diwiradati. Bisa uga digawe petung Iiya adhedhasar tetimbangan logis. Yen wus nyata yen petung kuwi njalari tuwuhe sugesti negatif, kenapa ndadak diugemi banget-banget. Apa ora luwih utama malah ngembangake sugesti positif ing alam pikiran? Yen manut pamawasku, bebrayan Jawa kudune wiwit ngembangake sugesti positif amrih bisa nyawang dina sesuk kanthi luwih padhang lan kuwawa ngrampungake perkara kang nggubeI uripe bebrayan. Ning sepisan maneh dak aturake, kita kabeh duwe kamardikan arep milih sing endi. Ora ana tetembungan ‘kudu’. Bisane mung kandha ‘kudune’.

Nerak Ukum

Relativisme piwulang Jawa kabukten uga nuwuhake sikap sing toleran lan permisif. Yen sing tuwuh iku sikap toleran mesthine ora dadi masalah awit sing jeneng wong Jawa kuwi kondhang pinter ngemong, Iuwes, lan bisa manjing ajur ajer. Nalika ana konflik-konflik antaretnis saksuwene iki durung tau ana wong Jawa sing dimungsuhi lan memungsuhan. Umpama ana mesthi dudu amarga saka asale etnis minangka wong Jawa nanging amarga faktor pribadi lan faktor subyektif liyane. Saka tuwuhe sikap toleran iki akeh kepercayaan lan uga agama kang tuwuh sesandhingan wiwit jaman kuno nganti saiki. Yen pletikan konflik mbok menawa ana ning ora nganti sumebar lan mbebayani bebrayan.

Sing perlu entuk kawigaten mbokmenawi sikap permisif sing kadhang dibungkus nganggo adat lan budaya Jawa. Akeh warga bebrayan Jawa sing katone alus anoraga katambahan manise celathu lan kebak subasita emane uga nindakake pakarti-pakarti kang nerak ukum agama utawa ukum negara. Kanggo conto, yen panjenengan tindak menyang kutha Solo lan sakiwa tengene, panjenengan bakal digawe nggumun anane warung sate jamu. Tumrap warga sing neneka mbok menawa durung priksa apa sing dikarepake kanthi istilah ‘sate jamu’ kuwi. Ning tumrap wong awam, kabeh wis uninga yen ‘sate jamu’ kuwi kayadene eufemisme (basa sing kanggo ngalusake) kanggo nyebut sate daging sona. Sapa sing dhahar sate jamu iki? Ya para warga etnis Jawa yen secara formal mesthine ana sing ngaku nggilut agama Islam. Ing kamangka rak wis padha priksa ta yen daging sona kuwi haram ukume. Kenangapa warung sate jamu iki bukak saben dina tur ya laris?!

Saliyane iku, sikap permisif iki uga njalari praktek laku nerak ukum negara kang gegayutan karo ma-lima. Saindhenging Jawa Tengah kita temokake papan-papan kanggo nggawe ciu, jenewer, tuak, lan bangsane inuman sing marahi wuru liyane. Malah ana paguyuban ngunjuk ciu utawa adicara pahargyan lan pawiwahan sing diganepi nganggo acara mendem. Ora mung nggunakake ciu, acara mendem uga wus nggunakake inuman-inuman produk pabrik sing banget mbebayani tumrap bebrayan. Amarga acara mendem iki wis umum, wong-wong sing ora gelem melu ngombe malah dianggep aneh. Sing nggumunake pihak kepolisian ora tau ngadani tindakan serius marang praktek ndem-deman sajrone pawiwahan kaya kuwi nadyan sajrone surat ijin pawiwahan wis tinulis larangan judhi lan mendem.

Sikap permisif uga njalari laku ngabotohan sing dikemas nganggo acara sepasaran bayi, midodareni, utawa malah ana papan wong kesripahan. Ngenani main kertu ing papan slametan kematian wiwit geblak, pitung dina, sakteruse ing sebageyan wilayah wis dianggep lumrah. Para priyayi uga lumrah wae duwe kesenengan main kertu ceki kaya sing dicritakake ing novel Para Priyayi. Laku selingkuh uga lumrah. Sakora-orane bab iki dicritakake ing prosa lirik Pengakuan Pariyem karya Linus Suryadi AG. Ngenani laku-laku nerak ukum agama lan/utawa ukum negara kaya ing andharan dhuwur, warga bebrayan nganggep kelumrahan ing tataran tertemtu. Pambudidaya nglaman marang laku ma-lima kadhang malah nuwuhake seling surup. Bisa wae tuwuh daredah ing papan kono.

Jalaran piwulang Jawa mung bisa menehi tembung ‘kudune’ mula masyarakat bebas nemtokake pilihane dhewe-dhewe. Ning mesthine warga bebrayan Jawa bisa mikir kanthi dewasa. Mesthine luwih utama yen padha gelem ngembangake sikap toleran tinimbang nyuburake sikap permisif marang penyimpangan. Ning sepisan maneh, ora ana barang ‘kudu’ kanggo ngamalake piwulang Jawa. Mangga dilelimbang, dipilah lan dipilih dhewe endi sing luwih prayoga kanggo nggayuh panguripan sing luwih mulya lan tumata.

(Sudadi/35)

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s