Dhadhung lan Arit


Dhadhung lan Arit

Duk nalika semana, ing sawijining zaman, ana kerajaan sing subur makmur, tata tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi dikuwasani dening sawijining raja, sing mung kagungan putra mahkota. Ora kanyana-nyana raja mau mangkat tanpa gerah luwih dhisik. Mula, mesthi wae putra mahkota sedhih nggetuni sedane bapake, awit ngrumangsani yen dheweke isih enom lan durung siyap yen kudu ngganteni kalenggahane bapake, minangka raja.
Sing ndadeke putra mahkota mau krasa nelangsa, amarga bapake ora ninggal pesen apa-apa marang dheweke.
“Ora lumrah, ora sakbaene, aku kepengin ngerti apa sing nyebabake sang raja seda kanthi ndadak,” mangkono sing dipikir lan dirasake ing njero atine putra mahkota iki.
Mula dheweke banjur gawe sayembara kang bisa dieloni sapa wae, ora mandhang drajat lan pangkat, wanita lan priya. Hadhiyah sing bakal ditampa dening sapa wae sing menang ing sayembara iki uga ora baen-baen, yaiku sakilo gram emas murni lantakan.
“Hai para kawulaku kabeh, sapa sing gelem ngancani jisime bapaku ana njero kuburane sewengi wae, bakal tak paringi bebana emas murni,” kandhane putra mahkota mau karo mbrebes mili eluhe, nangis!
Kanthi ngancani ing kuburane ing pangajap bisa meruhi apa wae sing bakal dihizab (ditakokake malaekat) sawise ditinggal dening para pelayat ing njero kuburane lan kanthi mangkono uga bisa dimangerteni sebab kematiyane sang raja sing ndadak kuwi, embuh karana di tenung, teluh, santhet, jengges lan jinis liyane, saengga sapa sing tegel gawe patine raja bisa uga dimangerteni kanthi gamblang.
Nanging ditunggu sedina, rong ndina nganti seminggu durung ana wong sing wani melu sayembara mau, saengga jisime raja uga durung dikubur. Bab iki ndadekake putra mahkota saya sedhih lan ngrantes atine.
Tujune sakwise dina sing kaping sepuluh, ana sawijine nom-noman maju, sowan ing ngarepe putra mahkota sing lagi lenggah ing dhampar kencana. Priya sing sandhang panganggone prasaja iki banjur matur yen dheweke bakal melu sayembarane putra mahkota. Krungu omongane priya mau, putra mahkota rumangsa seneng atine.
“Sapa jenengmu, saka ngendi kowe lan apa gaweyanmu saben ndinane” pitakone putra mahkota marang priya mau.
“Nami kula Tholib, saking Desa Sebrang Kulon, kula namung lare angon wedhus Ndara” wangsulane Tholib, karo nuduhake arit lan dhadhung sing menyang ngendi wae digawa. Kandhane, arit mau kanggo ngarit suket lan dhadhunge kanggo nyancang wedhus lan ya mung kuwi bandha sing diduweni.
“Lha apa kowe wis siyap tenan ngancani bapakku ing njero kuburane sewengi natas lan critakna apa wae kedadeyan sing kelakon ing kono?” pitakone putra mahkota maneh
“Inggih Gusti!”
“Banjur apa tujuwanmu melu sayembara iki?”
“Kula namung badhe ngewahi nasib kula ingkang kecingkrangan menika.”
Jenasah sang raja ing sore kuwi banjur dilebokake ing kubur sing wis disedhiyakake, semono uga Tholib uga nglekar ana sandhinge. Undhuk-undhukan lemah kuburan kuwi uga wis diwenehi selang kanggo ambegane Tholib saka njero kubur. Sawise surub para pelayat lan putra mahkota padha ninggalake kuburan.
Dina esuke, Tholib wis sowan ing ngarepe putra mahkota. Putra mahkota katon wis ora sabar maneh ngenteni critane Tholib sing wis sewengi nung-goni jisime bapak-e, “Nyuwun panga-punten sedaya kalepatan kula sang putra mahkota, kula kapeksa nulak paringani-pun hadhiyah emas setunggal kilo gram, najan kula sampun kasil nenggani jisimipun sang raja” kandhane Tolib lirih, ndadekake kagete putra mahkota iku.
“Dadi, hadhiyahku ora mboktampa! kenapa?”
“Inggih, amargi ingkang dipun hizab malaekat wonten ing alam kubur kula rumiyin, malah sejatosipun dereng ram-pung, nanging kuburan sampun didhu-dhah para kawula, lajeng kula dipun pu-rih medal” critane Tholib, nanging sak-durunge putra mahkota paring pangan-dikan, Tholib wis nutugake omongane.
“Sedalu kula dipun takeni malaekat, bab dhadhung lan arit kula menika, malah kula ngantos kewalahan. Kasunyatanipun ing alam kubur menika sedaya ingkang dipun gadhahi manungsa badhe dipun hizab (ditakokake) asal usulipun. Saget dipun bayangaken menawi kula nampi emas ingkang mboten jelas asal usulipun.”
“Karepmu?”
“Mekaten, malaekat wau dalu mawon nangkletaken saking pundi asal usulipun arit lan dhadhung kula, saking pundi kok saget angsal dhadhung lan arit, tumbas menapa nyolong, sampun nate kangge tumindak ala napa dereng, menawi tumbas ngangge arta halal menapa haram lan tasih kathah malih ingkang dipun tangkletaken bab arit lan dhadhung kula menika, menapa malih mangke menawi kula nampi emas, kamangka kula mboten mangertos asalipun, saengga kula mboten saget tanggeljawab. Menapa kula mboten kadosan lan dipun siksa? Mila kula mboten saget nampi paringanipun hadhiyah menika,” kandhane Tholib. ***

Komentar
  1. nabila rahman mengatakan:

    kasih sinopsis dong…

  2. sofil mengatakan:

    nggak da yg lain ta ?

  3. zain mengatakan:

    sagat membantu di tugas

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s