Mula Bukane Iwak Glodhok


Mula Bukane Iwak Glodhok

Ing alas, pancen Macan sing dadi penguwasane. Dheweke kondhang wengis lan sakwiyah-wiyah marang kewan-kewan liyane. Kabeh pepinginane kudu dituruti. Sato kewan alas kabeh padha wedi lan manut marang kekarepane macan.

Sawijining dina, Kadhal lagi mlaku-mlaku dhewekan golek pangan.  Kadhal iku mau mlaku ing sakupenge alas, dhe­weke ora ngira yen anggone golek pa­ngan nganti tekan istanane Macan. Bab iki ndadekake Macan nesu banget. Dhe­weke nggereng kanthi sora amarga ru­mangsa keganggu, nyebabake Kadhal keweden setengah mati.

“He.., kewan cilik, wani-wanine kowe mlebu istanaku, apa kowe ora mangerteni yen iki tlatah larangan,” getake Macan.

“Ampun tuan, kula mboten mangertos bilih sampun mlebet dhaerah mriki. Kula nyuwun pangapunten tuan” ujare Kadhal kepuyuh-puyuh merga wedine.

“Amarga, kowe wis wani ngganggu lan mlebu tlatah kekuwasaanku, kowe kudu nampa paukuman” ujare Macan meneh.

“Ampun….. ampun…. tuan” Kadhal ngreripih njaluk pangapura.

“Ora ana pangapura kanggo kowe. Kowe wis nyalahi peraturan alas kene. Paukuman kudu tetep kok tampa” kan­dhane Macan karo isih tetep nesu.

Kadhal cepet-cepet mlayu ndhelik, na­nging apes, dheweke mung kewan cilik. Kanthi trengginas, Macan kasil nangkep Kadhal mau.

“Mbok kira kowe bisa mlayu ndhe­lik??? Uhh.., ora bakal” gerenge Macan.

Kanggo paukuman, Macan banjur nyukil matane Kadhal. Lan mata iku mau dibuwang mbuh menyang ngendi parane. Mesthi wae Kadhal kelaran, nanging ora wani mbengok, amarga wedi yen Macan bakal menehi paukuman liyane sing luwih abot meneh.

Sawise rada suwe lan ora keprungu swarane Macan, Kadhal banjur mlaku alon-alon kanthi grayah-grayah, dheweke nduweni pangajab bisa nemokake maneh matane mau.

Ora adoh saka panggonane Kadhal, ana bajing sing lagi golek pangan. Weruh Kadhal mbingungi, tuwuh kawelasane. Bajing nakoni Kadhal, geneya dheweke nganti mbingungi kaya mangkono. Kadhal banjur nyritakne kabeh lelakon sing men­tas dialami. Bajing dadi tuwuh welase, wusanane dheweke saguh mbiyantu Kadhal ngewangi nggoleki matane.

Sawise rada suwe nggoleki, wusanane matane Kadhal mau temen-temen bisa ditemokake. Ora lali Bajing banjur mbi­yantu masangake pisan. Nanging, emane Bajing anggone masang kurang pener, matane Kadhal dadi luwih dhuwur kaya matane Kodhok. Kekarone matane Kadhal ora bisa nyawang bebarengan. Yen sing siji nyawang ngetan, mata sijine nyawang mengulon.

Sawise ngucap panuwun marang Bajing, Kadhal banjur nerusake mlaku mulih menyang omahe. Nanging, nalika bojo lan kabeh keluargane weruh dhe­weke, kabeh malah padha mlayu ka­weden.

Kadhal dadi nelangsa atine, kabeh anak bojo apadene sanak kadange kang ditresnani padha ninggalake dheweke. Kadhal banjur nemoni Bajing maneh. Dhe­weke nyritakake kabeh lelakon sing mentas dialami ing omahe.

Bajing dhewe dadi rumangsa salah marang Kadhal. Dheweke banjur aweh panyurung, supaya Kadhal mlebu wae menyang njero banyu supaya ora isin lan nelangsa atine. Kadhal setuju marang panemune Bajing mau. Apameneh dhe­weke wis ora duwe sanak kadang kang gelem nresnani maneh.

Amarga urip ing banyu, Kadhal wu­sanane malih dadi iwak. Iwak mau je­nenge iwak Gelodhok, utawa ana uga kang ngarani Tembakul, Belacak utawa Gabus Laut. Iwak Gelodhok bisa urip ing dharat lan ing banyu. Iwak Gelodhok se­neng pencolodan menyang dharatan, utamane ing dhaerah lendhut ing saku­penge alas bako nalika banyu laut asat. Rupane iwak Gelodhok uga khas banget. Kalorone matane nonjol ing sandhuwure ndhase, raine kothak, lan kepet-kepete ing geger ajeg digarake. Awake bunder dawa kaya terpedho, dene kepet ing bun­tute mlungker. Kapinteran kang diduweni iwak Gelodhok, saliyane bisa urip suwe ing dharatan, iwak Gelodhok bisa menek oyot-oyote wit bako, mencolot adoh, lan ‘mlaku ’ ing sandhuwure lendhut nganggo kepete. Persis kaya patrape Kadhal. Saliyane iku, matane bisa njaga dheweke saka musuh sing arep nyerang.

Iwak Gelodhok seneng tetulung marang sapadha-padha. Amarga awake sing aneh mau, karo senengane tetulung marang sapa wae sing mbutuhne, dheweke malih nduwe kanca akeh. Gelodhok saiki dadi seneng marang panggonane. Dheweke ngucap panuwun marang Bajing sing wis aweh pambiyantu urip ing banyu. qq

Komentar
  1. MM. Etik mengatakan:

    cariyosipun sae saged dipun tambahi pitutur luhur supados migunani tumrap lare-lare, naming wonten tembung ingkang dereng trep, Istana saged migunakaken tembung kraton, tuan saged ndara/gusti. matur nuwun

  2. Amar mengatakan:

    sinopsise opo??

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s