Nonton Barongsai


Nonton Barongsai

Nalika tekan sangarepe bengkel sepedha montor Maju Lancar, Rendi ndeleng Tarmi­di lagi lungguh ing bangku dawa njero bengkel kono. Rendi banjur ngenggokake sepedha onthele, nyedhaki Tarmidi. Lik Sardi sing duwe bengkel uga ngrangkep tukang servis lagi nyambut gawe nyethel knalpot. Tangan kiwa lan tengene gupak oli.

“Wah, sajake sepedha montor anyar iki duwekmu, Di ?” pitakone Rendi  nye­dhak karo milang-miling ngingeti sepedha montor sing ketara isih gres mambu toko.

“Ya, olehe tuku isih entuk patang dina. Entuk kiriman dhuwit saka Ibu sing nyam­but gawe ana Malaysia, njur aku ditukok­ke sepedha montor. Saiki Lik Sardi takkon nyetel knalpote ben unine banter nggo trek-trekan  Imlek mengko bengi,“ aloke Tarmidi karo mesam-mesem seneng, sa­jak kepranan karo sepedha montore sing modhel anyar kuwi.

“Lho, iki mau Rendi, to? Piye knalpote iki wis tak setel, unine mesthi banter mbre­begi kuping. Piye Ren, kowe sida melu Tarmidi trek-trekan mengko bengi?“ sumambunge Lik Sardi karo nyetater mesin sepedha montor. Byuh, unine  jan mbedhah kuping tenan. Rendi  meksa nyumpeti kupinge kiwa tengen nganggo drijine. Suwalike Tarmidi malah ngguyu lakak-lakak, sajak seneng banget.

“Piye wis cocog  ora. Yen isih kurang banter mengko tak bedhele maneh” pita­kone Lik Sardi karo mateni kontak mesin.

“Wis cukup Lik. Piye Ren, sida gelem melu trek-trekan karo aku pa ora?” pita­kone Tarmidi. Rendi  mung gedheg, ora gelem. Karo maneh wong tuwane mesthi ora ngijini.

“Ora, aku wedi. Aku arep ndeleng Barongsai wae,” kandhane Rendi banjur pamit mulih.

Tarmidi najan isih bocah kelas siji  SMP, nanging  nakale ora jamak. Yen ing sekolah wis ora pisan pindho padu karo kanca-kancane. Uga wis bola-bali didu­kani gurune, nanging meksa durung ka­pok. Omahe kepetung cedhak karo omahe Sasono. Ibune nyambut gawe dadi Tenaga Kerja Wanita ing negara Malaysia. Ing ngomah, Tarmidi mung be­barengan karo bapake sing saben dinane nyambut gawe dadi Satpam ing pabrik sepatu.

Tekan omah, Rendi  banjur ngaturake obat watuk marang bapake, sing dhek mau tuku saka tokone  Abah Kamal. Bu­bar kuwi Rendi  banjur ngrewangi ibune resik-resik nyaponi ruwang tamu. Rendi  seneng awit bapak lan ibune janji ngajak mirsani pagelaran Barongsai mapak te­kane taun Imlek sing digelar sangarepe klentheng sacedhake alun-alun kutha.

Jam loro awan sidane Rendi ndherek bapak lan ibune menyang alun-alun. Wong telu boncengan numpak sepedha montor ngupengi kutha sing pancen swasanane rame. Sadalan-dalan kebak wong lan kendharaan. Sajake kabeh wong padha selak kepingin ndeleng kese­nian Barongsai, ngramekake tekane  taun  Imlek.

Ing alun-alun swasanane regeng ba­nget. anang wadon gedhe cilik, nom tuwa tumplek bleg ngebaki alun-alun kutha. Wong adol panganan maneka warna. Apa maneh sing jenenge tukang bakul dola­nan prasasat payu laris manis nganti en­tek gusis. Pas jam telu awan, pagelaran Barongsai diwiwiti. Swarane jidhor lan tambur ditabuh rame banget. Ora let su­we, siji mbaka siji grup Barongsai  tampil ing plataran klentheng sing jembar. Grup Barongsai padha mamerake ketrampilane dhewe-dhewe. Para pamirsane uga pa­dha seneng, malah kepara menehi se­mangat nganggo keplok. Semono uga Rendi ora gelem keri, nonton nggon nga­repan. Apamaneh nalika grup Barongsai Dragon melu ngregengake pagelaran kuwi, Rendi melu keplok rame. Awit grup Barongsai Dragon kuwi dipimpin dening Koh Bak Liong, salah siji tangga cedhak omah nunggal RT.

Pagelaran Barongsai Imlek kuwi sa­jake uga narik kawigaten para wartawan suratkabar lan televisi. Ketara saka  ke­repe para wartawan njupuk gambar atrak­sine Barongsai. Warta lan gambar Ba­rongsai kuwi bakal kapacak ing suratkabar utawa ditayangake ing televisi.

Pagelaran Barongsai mapak tekane taun anyar Imlek dipungkasi pas jam se­tengah lima sore. Rendi bebarengan ba­pak ibune bali mulih. Ora lali, mampir bakul adol kacang godhog lan martabak. Ibune sing tuku, jarene nggo camilan me­lekan ing omah ngiras nonton siyaran te­levisi.

Nalika sepedha montor lagi wae mlebu gang kampung, dumadakan ing sangarepe omahe Tarmidi katon kebak wong. Sepedha montor banjur mandheg. Wong telu banjur padha mudhun nyedhaki, golek katrangan ana kadadeyan apa.

“Tarmidi kacilakan, truk ngemot pasir pinggir dalan ditubruk saka mburi. Sepedha montore ringsek. Bocahe teng griya sakit, tatune sajake rada abot,” aloke sawenehing warga.

“Oooaalaa bocah durung cukup umur lha kok diumbar wae nyetir dhewekan, apa maneh ora duwe SIM pisan,” sumam­bunge warga liyane semu nyalahake wong tuwane Tarmidi.

Keprungu yen Tarmidi nandhang kacilakan, sauntara Rendi mung dheleg-dheleg. Sebab dhek awan, Tarmidi meksa arep ngajak dheweke melu trek-trekan sepedha montor. Tujune pangajak mau ditolak. Saumpama Rendi sida melu ngono, banjur piye kadadeyane.

“Alhamdulillah, aku isih tansah pinaringan begja kesla­metan,” pangudarasane Rendi ing batin.

Kadadeyan sing dialami dening Tarmidi kena kanggo tepa tuladha, yen sok sapaa wae nindhakake samubarang tanpa petungan akeh sithike bakal nemoni apes. Kaya sing dialami dening Tarmidi, karepe ngono golek kasenengan, nanging te­mahan entuk kacilakan. ***

Komentar
  1. Thomas mengatakan:

    akeh e rek ceritone

  2. Munir mengatakan:

    Sipp..

  3. Munir mengatakan:

    Sipp

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s