Reretu ing KUTAI (1)


Reretu ing KUTAI (1)

Negara Kutai wis kondhang kaloka kadidene negara kang gemah ripah loh jinawi tata ten­trem kerta raharja. Lemahe loh, maha­nani subur kang sarwa tinandur sarta mu­rah kang sarwa tinuku. Kawulane ra­cak urip kecukupan. Ya sabab kahana­ning negara kang sarwa makmur kuwi mau njalari akeh para kawula saka manca-praja kang bara menyang Kutai.

Sing jumeneng nata wektu kuwi as­ma Sultan Muslihudin, sawenehing sultan kang kawentar becik bebudene. Sultan Muslihudin mbukak negarane kanggo para among dagang utawa para kawula saka manca-negara kang kepengin nga­up menyang Kraton Kutai. Awit wektu kuwi Kraton Kutai lagi butuh kawula sing akeh kanggo ngolah kaskayaning negara kang presasat turah-turah. Mula Sultan Muslihudin butuh tenaga kerja ora sethi­thik kanggo ngolah kaskaya sing wujud maneka sumber alam mau. Sultan Musli­hu­din duwe pamikiran menawa  kawula­ne sangsaya akeh, kaskaya mau mesthi bakal bisa kaolah kanthi luwih becik.

Kawula sing padha bara menyang Ku­tai akeh-akehe asal saka Kraton Makas­sar. Para among dagang lan among tani Makassar padha lunga menyang Kraton Kutai. Suwe-suwe para kawula saka man­ca-praja mau carup dadi siji karo kawula sing asli kelairan Kutai. Apa maneh ora sethithik saka kaum neneka mau kang wekasane omah-omah karo warga Kutai. Mula endi wong asli Kutai lan endi sing ne­neka, suwening suwe angel dibedak­ake.

Kraton Kutai dadi tansaya makmur. Nalika asil bumine turah-turah, Sultan Mu­slihudin dhawuh marang kawulane supaya nyimpen saperangan saka asil bumi mau ana lumbung. Pamrihe kanggo njagani menawa samangsa-mangsa Ne­gara Kutai ngalami paceklik utawa larang pangan.

Nuju sawijining sore, Sultan Muslihu­din amiji rawuhe Menteri Awang Abdul­lah. Sultan ngersakake rembugan mi­rung­gan karo sapu kawate praja sarta bau tengene Muslihudin.

“Urip iki kebak kaelokan, sapa kang bisa miyak werdining kaelokan mau bakal cawe-cawe nata karyaning jagad jembar kang gumelar. Nanging awake dhewe ku­du sumurup endhek dhuwuring pakaryan mau. Mula aja ewa lan aja kemeren, ana­ne mung tansah sumanggem lan maturnu­wun marang nikmat lan pandum peparinge Gusti kang murbeng dumadi sing wis kaga­yuh lan dilakoni,” ngendikane Sultan Musli­hudin.

“Nanging kawontenan samangke me­na­wi katandhing kaliyan saderengipun ka­dos-kados langkung sekeca kawontenan wek­dal kepengker. Tuladhanipun ingkang gampil samenika kathah brandhal lan dur­jana juti. Kados pundi menika Kanjeng Sul­tan?” Menteri Awang Abdullah nyoba mite­rang.

“Dakkandhani Awang Abdullah…, awake dhewe aja tansah ngremehake lan nyepelekake wektu sarana nggetuni urip kita kang biyen wis kepenak. Sebab owah-owahan mau uga mujudake intine pangu­rip­an. Sanadyan awake dhewe ora bisa mes­thekake apa owah-owahan mau bisa mbecikake kahanan, ewasemono kita bisa mesthekake yen kepengin nggayuh sing luwih becik, samubarang kudu ngalami owah-owahan.”

“Nanging nyatanipun ewah-ewahan me­nika mboten ngremenaken tumrap ge­sang kita, Sultan,” Awang Abdullah kandha apa anane.

“Pancen durung ana cara kang bisa nye­nengake para kawula marang tekaning owah-owahan kasebut, apamaneh menawa owah-owahan mau ora ngepenaki ati. Awake dhewe mung bisa mbiyantu kawula amrih aja nganti kuwatir nemen-nemen marang tekaning owah-owahan mau. Awit owah-owahan kang linandhesan ka­rep utama sejatine sawijining kahanan kang ngrembaka, dene pengrembaka­ning kahanan mau isi bibit-bibit karahar­jan lan kabegjan.”

Sawetara wektu Menteri Awang Ab­dullah ngenam angen-angene. Dheweke lagi tumenga nalika Sultan Muslihudin wiwit ngandika maneh.

“Ana bebasan kang nyebutake mena­wa janma iku winengku ing jaman. Lire uripe manungsa kudu bisa ngatut jantra­ning mangsa amrih ora nandhang pituna. Mula prayogane ugemana wewarah, tan­sah anuta lakuning kalamangsa, aja pe­gat ing pangati-ati amrih aja nganti dadi dolanane titiwanci temah nganti ketriwal saka jaman lan kahanan kang wigati.”

Menteri Awang Abdullah meneng wae. Nyoba nggagas kahanan sing saya suwe saya akeh manungsa kelangan gon­dhelan. Akeh uwong pinter goroh. Sa­jake Sultan Muslihudin ngerti karo apa sing lagi digagas Awang Abdullah, mula banjur nerusake pangandikane.

 “Pinter bisa ditegesake sugih ngelmu. Panjangka kang linambaran sakehing ngel­mu pancen bisa sampurna dadine. Na­nging yen mung nengenake kawruh lair kanthi nglirwakake panggladhining bebuden, pikolehe babarpisan ora mura­kabi mungguhing bebrayan agung, kang ateges banjur koncatan rasa kaprawira­ning budi. Dene dhasare mung mbudi­daya golek kepenake dhiri pribadi temah bisa gawe susah uripe wong liya. Pancen uripe manungsa iku ora bisa uwal saka bu­ngah lan susah. Kang perlu tansah die­ling-eling, aja keselak kebacut kalimput ing kabungahan yen pinuju entuk nugra­ha lan aja keselak gampang angles yen kapinujon nandhang apes, awit kasusah­an iku sok malah bisa ngentas kita saka nalar kang cupet sauger ora mupus lan tansah precaya marang kang kagungan panguwasa, yaiku Gusti Kang Maha Suci.”

Menteri Awang Abdullah isih jinem. Kabeh pangandikane Sultan Muslihudin ora sisip, mula dibudidaya dilebokake ing sanubarine amrih tumabet lan dadi pan­dom nglakoni urip ing dina teruse. Men­teri Awang Abdullah banjur nyoba nang­gapi pangandikane Sultan Muslihudin.

“Kanjeng Sultan, gesang wonten be­brayan agung menika tansah sesambe­tan kaliyan sedherek sanes. Lan sedherek sanes kalawau watakipun mboten sami. Sanadyan awakipun piyambak sampun mbudidaya tumindak ingkang leres lan samesthinipun nanging kadhangkala tak­sih nuwuhaken panyakrabawa ingkang mboten sae lan salajengipun saged nu­wuhaken wiji-wiji cecongkrahan. Kados pundi menika, Kanjeng Sultan?”

“Wong gething ora kurang ing pana­cad, wong seneng ora kurang ing panga­lem. Mesthine sliramu ya wis ngerti ma­rang unen-unen: yen kepengin ngerteni beciking liyan takokna marang mung­suhe, dene yen kepengin ngerteni alane takokna marang mitrane. Mula sabisa-bisa ngudiya tansah dicacad dening kang seneng lan dialem dening kang gething. Satemene yen awake dhewe gelem ngla­koni kanthi jujur, ing panguripan iki akeh piwulang kang gedhe ajine sing kinan­dhut ing tembung panacad saka wong-wong sing ora seneng lan sengit marang kita. Jalaran saka panacad mau awake dhewe banjur bisa luwih ngati-ati lan bisa bali nglempengake laku. Mula prayogane kuping kita aja disumpet yen ana pana­cad saka ngendi wae tekane,” ngendika­ne Sultan Muslihudin sareh lan kebak ka­wicaksanan.

Sultan Muslihudin nyawang Menteri Awang Abdullah karo semu mesem, ngen­teni tanggapane menterine kuwi.

“Ngendikanipun Kanjeng Sultan mila leres. Nanging sedaya kalawau temtu angel sanget anggenipun badhe nglam­pahi, awit miturut kodratipun, manungsa menika gadhah utawi kepanggenan salah lan le­pat,” ujare Awang Abdullah karo manem­bah.

“Manungsa mono pancen kanggonan sipat salah lan luput. Mapane salah lan luput mau adate amarga kalimput ing pe­tenge ati, satemah kurang waspada wu­sana koncatan ing bebener. Mula sing luwih becik enggal martobat. Anggone martobat ora amung kandheg ngakoni kaluputane wae nanging uga kudu ora ngambali tu­mindake sing sisip iku amrih ora gawe ka­luputan maneh. Sukur bisa nebus kalupu­tane mau sarana nikelake laku kabecikan apadene laku tirakat.”

“Menawi ngengeti kawontenan sameni­ka kathah tiyang ingkang tumindak lepat awit gesangipun pancen kesrakat. Kados pundi badhe tirakat dene gesangipun ke­mawon kesrakat?” Menteri Awang Abdullah takon maneh.

“Tirakat lan kesrakat iku adoh banget sungsate, nanging ana sambung rapete. Lire tirakat mono ngendhokake, nyuda uta­wa mbuwang sakehing nepsu pepenginane kang sejatine dheweke keconggah minang­kani. Pamrihe supaya bisa ngrasakake se­pira abote wong urip kesrakat. Klawan mang­kono bakal thukul rasa kebak welas asih yen nyipati sapepadhane nandhang kesrakat.”

Menteri Awang Abdullah unjal napas landhung. Dheweke ngudarasa, manungsa pancen titah sing kebak panggantha. Gusti Maha Kuwasa, nitahake jagad saisine kan­thi sampurna, prasasat kewan cilik-cilik ka­ya gurem wae dititahake kanthi ngedab-edabi. Sadurunge nitahake sakabehe tumi­tah, luwih dhisik Gusti nitahake papan kang­go titah kuwi mau, yakuwi bumi. Kaya-kaya ora ana pedhote kalamun ngrembug bab sangkan paraning dumadi.

Anggone padha rembugan nganti we­ngi. Pirembugan iku lagi sigeg nalika Sultan Muslihudin bakal nindakake sembah­yang, muji syukur marang Gusti kang akar­ya jagad kang wis paring kabagyan marang kawula Kutai.

Sawijining wektu kraton-kraton ing sa­kiwa tengene Kraton Kutai ketrajang be­ben­duning alam arupa ketiga sing dawa sing ndadekake padha kurang pangan. Para kawula padha keluwen. Kraeng Tumalang Baraya saka Kraton Goa sing uga mitra ra­kete Sultan Muslihudin ngutus Pancalaya supaya sowan menyang Kraton Kutai saper­lu nyuwun biyantu bahan pangan kanggo kawula Kraton Goa sing diancam bebaya keluwen.

Pancalaya sing minangka dhuta saka Kraton Goa, ditampa kanthi becik dening Sultan Muslihudin. Wose kabeh penjaluke Kraeng Tumalang Baraya disaguhi. Saban­jure enggal dikirim panganan sing akeh ba­nget menyang Makassar kanggo nulung kawula Kraton Goa sing nembe diancam be­baya larang pangan mau.

Merga krungu yen Kraeng Tumalang Baraya entuk sokongan pangan saka Kraton Kutai, mula akeh sultan sing uga njaluk so­kongan pangan. Wiwitane Sultan Muslihu­din ngabulake kabeh panyuwunan mau. Na­nging mbareng tadhah pangan ing Kra­ton Kutai wiwit nipis lan amung cukup kang­go Kraton Kutai dhewe, kabeh soko­ngan marang kraton kiwa tengen Kraton Kutai diendheg. Nanging kahanan kuwi ora bisa ditampa dening kraton kiwa tengen. Kraton Kutai dianggep wis cethil, emoh mbantu tangga-tanggane sing keluwen. Mula akeh sing rumangsa gela marang Sul­tan Muslihudin. Rasa gela mau njurung timbule ontran-ontran kathi cara nylamur dadi durjana lan ngrampog para kawula sing manggon ing tepis wiringing wates Kraton Kutai. Mesthi wae Sultan Mushlihu­din ora trima. Mula banjur dhawuh marang senapati-senapati sing tanggon kanggo mbrastha reretu saka manca negara kuwi.

Brandhal-brandhal mau wekasane dire­siki. Nanging amarga entuk untung akeh nalika ngrampog lan gampang banget mla­yu numpak prau ngliwati kali njur bablas menyang laut sing bawera, mulane durung kabeh brandhal kasil dibrastha. Sisa-sisa­ning brandhal mau isih tetep gawe ontran-ontran saengga Kraton Kutai malih ora ten­trem.

Sultan Muslihudin banjur utusan ma­rang Pangeran Muliansyah lan Pangeran Khoidir supaya sowan Kraeng Tumalang Baraya ing Kraton Goa perlune nyuwun bantuan kanggo numpes brandhal-bran­dhal kasebut.

Kraeng Tumalang Baraya sing uga kate­lah Kraeng Goa getem-getem mireng crita­ne Pangeran Muliansyah lan Pangeran Kho­idir. Mula enggal nimbali senapati loro sing peng-pengan yakuwi Daeng Patompo lan Daeng Makmun. Senapati loro kuwi didha­wuhi lumarap menyang Kraton Kutai kang­go sabiyantu mbrastha reretu.

“Daeng Patompo lan Daeng Makmun, welingku marang sliramu sakloron aja pi­san-pisan bali menyang Kraton Goa kene sadurunge Kraton Kutai bali ayem tentrem kaya wingi uni!” Pangandikane Kraeng Goa kebak kawibawan.

“Sendika dhawuh,” Daeng Patompo lan Daeng Makmun wangsulan bareng kanthi kurmat.   (Ana Candhake)

Komentar
  1. ria mengatakan:

    mas,ini ambil dari majalh atau buat sendiri?kalo d majalah, boleh tau dari majalah apa?

  2. pinkky githa novika putri mengatakan:

    we..
    msok ne?
    op yo?
    tnane,,
    wkwk

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s