Reretu ing Kutai (2)


Reretu ing Kutai (2)

Tekane para prajurit Bugis saka Kraton Goa ora dingerteni dening para brandhal lan bajag laut sabab kabeh prajurit namur laku kaya satataning kawula lumrah. Brandhal-brandhal sing kejem kuwi anggone go­lek mangsa ing wanci bengi. Sawijining wengi, tetuwane brandhal kang sekti mandraguna aran Supang Laknat du­we karep njarah rayah lan ngrampog Kraton Kutai. Supang Laknat bakal ngram­pog Sultan Muslihudin nganggo kekuwatan sing gedhe awit wadya ba­la­ne pancen akeh. Kabeh brandhal ka­lebu para bajag laut dikongkon ngupe­ngi Kraton Kutai.

Nalika para brandhal nembe padha rembugan anggone bakal ngrampog Kraton Kutai, dumadakan prajurit Bugis sing dipandhgani dening Daeng Pa­tom­po lan Daeng Makmun teka papan kono banjur ngrabasa para brandhal. Para brandhal ora ngira kalamun dise­rang luwih dhisik.

Daeng Patompo nggoleki Supang Laknat. Ora suwe kekarone wis adhep-adhepan. Dang Patompo ngadhepi Su­pang Laknat kanthi ati mantep. Sana­dyan Daeng Patompo tanpa gegaman, nanging tansah bisa ngladeni saparipo­lahe Supang Laknat sing katon wengis nggunakake pedhang ngemu wisa. Daeng Patompo  ngerti, pedhang sing dinggo Supang Laknat ngemu wisa, mulane Daeng Patompo tansah mbu­didaya aja nganti kesenggol gegaman iku. Supang Laknat sangsaya branga­san, awit rumangsa kangelan nggepok awake Daeng Patompo sing pancen limpad pindha sikatan nyamber wa­lang. Daeng Patompo wis bisa ngerti apa sing kudu ditindakake, saliyane mancing nepsune Supang Laknat, dheweke wis ngerti kalamun lempenge Supang Laknat sing kiwa katon mlaha. Mulane nalika Supang Laknat mbabit­ake pedhange, Daeng Patompo men­dhak lan kanthi cepet ndhupak lem­penge Supang Laknat sisih kiwa.

“Adhuuh…!!!” Supang Laknat mbe­ngok kelaran. Dheweke tiba kaleng­gak. Nanging banjur tangi maneh, praupan pucet merga ngampet lara. Supang Laknat durung bisa siyaga wis diserang maneh dening Daeng Pa­tompo nggunakake jurus Ombak Sa­mo­dra, yakuwi jurus andelane Daeng Patompo sing uga jurus pethingan sing disengker ora tau digunakake menawa ora ngadhepi kahanan sing mbebayani.

Supang Laknat mung bisa nyabetake pedhange nyoba mbetengi awake. Na­nging muspra awit tangane sing nyekel pedhang kasil diantem dening Daeng Patompo engga pedhang mau ucul. Tangane kiwa Daeng Patompo kumlebat cepet nebak dhadhane Supang Laknat. Supang Laknat njerit seru. Nalika dhe­weke isih sempoyongan, tendhangan sikil tengene Daeng Patompo ngener si­rah. Prokk! Tungkake Daeng Patompo entuk janggut. Jurus Ombak Samodra pancen ngedab-edabi, serangan tanpa pedhot njalari mungsuh ora duwe kalo­dhangan kanggo males. Supang Laknat semrepet panone. Isih durung marem, Daeng Patompo banjur ngantem dha­dhane Supang Laknat. Brukk!! Tangan kiwa sing wis dilambari tenaga njero ora gelem keri, uga ngantem dhadhane Su­pang Laknat. Krepeg!! Ana swara balung tugel. Supang Laknat mung bisa mbe­ngok, awake gumebrug tiba ing lemah lan ora obah maneh. Mati.

Ngerti yen tetuwanggane mati, bala brandhal padha kelangan semangat. Akeh sing  banjur limpe satemah lampus ketrajang tandange para prajurit Bugis. Ana uga sing banjur ngguwang gega­mane lan pasrah bongkokan. Daeng Makmun banjur ngrangket para bran­dhal sing isih urip. Ana sing ngaku me­nawa saperangan para brandhal kuwi saka Kraton Bulongan. Ana uga bran­dhal sing ora gelem nungkul lan mlayu golek slamet. Prajurit Bugis ora menehi kalodhangan marang sing padha mla­yu, mula enggal dioyak lan banjur di­tumpes. Awit kuwatir upama bisa lolos mesthi liya wektu bakal gawe ontran-ontran maneh.

Sawise para brandhal kasil katum­pes, swasana Kutai bali tentrem. Na­nging sanadyan mangkono penggalihe Sultan Muslihudin durung jenjem. Mu­lane Sultan Muslihudin enggal utusan Pangeran Muliansyah sowan marang Kraeng Tumalang Baraya supaya ngi­dini prajurit pangombyong sing wis aweh bebantu mbrastha brandhal murih ora ditarik bali ndhisik. Perlune amrih Kraton Kutai bener-bener ayem tentrem dhisik. Saliyane kuwi Sultan Muslihudin uga njaluk pretikele Kraeng Tumalang Baraya sing uga katelah Kraeng Goa, kepiye upama Kraton Ku­tai dipindhah menyang peranganing Bengawan Mahakam sisih ndhuwur. Awit Sultan Muslihudin kuwatir bakal tuwuh reretu maneh sing njalari kekes­ing  kawula cilik.

Kraeng Goa sarujuk Kraton Kutai di­pindhah menyang panggonan sing adoh saka segara. Pamrihe dienggo jaga-jaga dimen ora gampang diserang  mungsuh saka arah segara kaya sing mentas wae dumadi. Kraeng Goa mra­yogakake amrih Kraton Kutai pindhah menyang papan sing cedhak pegunu­ngan kayadene Kraton Goa.

Pamrayogane Kraeng Goa ditampa dening Sultan Muslihudin. Sabanjure Kraton Kutai pindhah menyang papan sing anyar yakuwi ing alas Pelaran. Alas Pelaran adoh saka laut, nanging isih ana ing sapinggiring Bengawan Maha­kam. Nalika Kraton Kutai ngalih me­nyang Pelaran, sasuwene sepuluh taun kahanan negara ora kaya nalika ana ing papan lawas. Kawula Kraton Kutai akeh sing nandhang lara. Bab kasebut ndadekake sedhih penggalihe Sultan Muslihudin. Mula Sultan banjur min­dhah maneh Kraton Kutai menyang la­ladan Jembayan, ora adoh saka Pela­ran.

Para prajurit Bugis sing disilih Sultan Muslihudin saka Kraton Goa isih setya ndherekake lan ngampingi Sultan Muslihudin. Awit lelabuhane para prajurit Bugis, Sultan Muslihudin pa­ring bebungah wujud lemah bawera ing laladan Loa Buah. Lemah ing Loa Buah kuwi akeh banget woh-wohan. Ing antarane ana duren, duku, cempe­dhak, rambutan lan liya-liyane.  Lala­dan Loa Buah ana ing dhataran dhu­wur. Laladan kuwi angel yen arep ding­go ngedegake lan ngrembakakake laku dagang. Nanging prajurit Bugis ora nggagas bab uwi, awit prajurit Bugis isih setya netepi wajibe yakuwi njaga keslametane Sultan Muslihudin lan Kraton Kutai.

 Sawijining wengi Sultan Muslihudin ngimpi dirawuhi leluhure yakuwi Sang Batara Toseng Kusuma. Ing impen ku­wi Sang Batara Toseng Kusuma kandha mangkene : “Muslihudin, menawa Kraton Kutai ora dipindhah menyang laladan sing ana kaline cawang loro ing Bengawan Mahakam, mbokmenawa mokal bakal entuk katentreman. Na­nging kabeh kuwi ora gampang, bakal akeh pacoban lan pepalang. Yen bisa mrantasi kabeh pepalang lan pacoban mau kowe  bakal ngrasakake asile, yakuwi katentreman lan kemakmuran.”

Sultan Muslihudin wungu anggone sare. Sabanjure banjur ndonga marang Gusti Kang Akarya Jagad nyuwun pitedah bab impen mau. Esuke Sultan Muslihudin nimbali kabeh punggawa. Sawise kabeh ngadhep, Sultan Muslihudin enggal crita bab impen mau bengi. Sawise krungu impene Sultan Muslihudin, para  pungga­wane jinem.

Dumadakan keprungu swara ing akasa : “Aja tidha-tidha marang sing bakal ditindakake. Pancen kowe kabeh bakal ngalami pacoban abot, awit kabeh kuwi butuh pangorbanan. Aja sumelang, aku leluhurmu bakal ngamping-ampingi ka­beh tindakmu.”

Kabeh sing ana pendhapa Kraton Kutai mrinding githoke krungu swara tanpa rupa kuwi. Ora ana sing wani ndhangak, kabeh tumungkul.

“Kabeh para punggawa Kraton Kutai, aja padha wedi. Kabeh kuwi awit saka ker­sane Gusti Kang Mahakuwasa, me­nawa aku kudu mindhah kraton kanggo kemakmurane kawulaku. Sasuwene te­lung taun wiwit dina iki ayo padha nya­mektakake kabeh ubarampe, kelebu prau lan kapal sing rosa, sing bakal kita gunak­ake kanggo ndlajahi Bengawan Mahakam nggoleki papan sing dikersakake dening Sang Bathara Toseng Kusuma,” Sultan Muslihudin ngandika kanthi manteb.

“Sendika dhawuh, kanjeng Sultan.” Kabeh punggawa Kraton Kutai nyendikani dhawuhe Sultan Muslihudin.

“Yen kaya mangkono, apa senapati Daeng Patompo lan senapati Daeng Mak­mun katon sowan ing kene?” Sultan Muslihudin nyawang para punggawane.

“Kula wonten mriki, Kanjeng Sultan,” senapati loro saka Kraton Goa iku wang­sulan bareng.

“Kepiye lemah sing dakwenehake sli­ramu sakloron, apa wis diolah?”

“Nyuwun duka, Kanjeng Sultan. Siti Loa Buah sanget inggil lan angel kagem tetanen. Nanging awit menika ganjaran saking Paduka, temtu kemawon kawula tampi kanthi bingahing manah.”

“Daeng Patompo, menawa lemah ku­wi ora bisa ngasilake apa-apa luwih becik dakjabel wae bebungah kuwi. Saiki slira­mu goleka lemah dhewe sing sekirane bisa kanggo olah tetanen lan bisa kanggo cagak urip sliramu lan kabeh wadyaba­lamu. Pamrihe amrih aku ora rumangsa kepotangan budi karo sliramu lan uga kadangku Kraeng Goa.”

“Nyuwun duka, Kanjeng Sultan. Kula sakanca sampun kathah nampi kekucah saking penjenengan. Kula mboten badhe nyuwun sulih siti ingkang paduka paring­aken dhateng kawula sakanca.”

“Daeng Patompo lan Daeng Makmun, kowe sawadya balamu wis duwe lelabu­han gedhe marang Kraton Kutai. Awit saka kuwi, sabdaku iki tindakna, yakuwi sliramu kudu golek lemah sing bisa kang­go olah tetanen. Iki dhawuhku!”

“Menawi kersa dalem kados mekaten, kula namun sendika, Kanjeng Sultan,” ature senapati Daeng Patompo nga­turake sembah.

Patemon dina kuwi uga katekan tamu saka manca, yakuwi tamu among dagang saka Inggris. Tindak-tanduke wong ku­lonan iku trapsila. Mula iya ditampa kanthi becik dening Sultan Muslihudin. Pihak Kutai lan among dagang saka Inggris iku sarujuk bakal padha deda­gangan kanthi adil, padha-padha entuk bathi.

Sawise patemon ing pendhapa Kra­ton Kutai,  Daeng Patompo lan Daeng Makmun padha rembugan.

“Adhi Daeng Makmun, sliramu wis krungu dhewe kepiye dhawuhe Sultan Muslihudin, menawa lemah Loa Buah sing sugih woh-wohan dijabel bali. Lan awake dhewe kudu golek lemah dhewe sing luwih subur. Kepiye miturut panemu­mu, adhi Daeng Makmun?”

“Kakang Daeng Patompo, kita kudu maturnuwun marang Kanjeng Sultan Muslihudin sing pancen blaba lan kebak kawicaksanan. Satemene, sanadyan lemah Loa Buah ana ing nggunung na­nging uga bisa nindakake tetanen. Nanging kabeh andhahane awake dhewe wis kulina olah tetanen ing sawah, mu­lane angel kanggo miwiti olah tetanen ing pegunungan. Satemene lemah pegu­nungan mau bisa ditanduri cengkeh, karet, kopi lan tanduran liyane sing ora mbutuhake banyu akeh. Nanging kepiye maneh, dhawuhe Kanjeng Sultan Mu­slihudin kudu ditindakake.”

“Bener kandhanmu. Saiki coba golek­ana Daeng Nurdin, terus ajaken mrene.”

Daeng Makmun enggal nggoleki Da­eng Nurdin. Sawise ketemu, wong loro bali ngadhep Daeng Patompo. Daeng Patompo enggal crita ngenani lemah Loa Buah sing dijabel bali dening Sultan Musihudin.

“Daeng Nurdin, awit saka critaku mau, saiki kowe ngajaka andhahanmu supaya golek lemah sing ambane uda­kara padha karo lemah Loa Buah. Pisan iki aja nganti kowe kleru anggonmu milih lemah, tlitinen kanthi permati. Sawise entuk kaya sing dikarepake enggal-enggal kowe ngabari aku. Sabanjure aku bakal matur marang Kanjeng Sultan Muslihudin amrih enggal entuk ketetepan lan kekancingan. Bisa ditampa karepku iki?”

“Inggih, sang senapati, dhawuh pan­jenengan saget kula tampi kanthi tar­waca. Samenika kula nyuwun pamit ba­dhe ngupadi siti ingkang kados pen­jenengan kersakaken.”

“Ngajaka para andhahanmu wong-wong Bugis sing uga duwe karep golek lemah tetanen, awit sing duwe karep kuwi ya andhahanmu lan uga wadya­balane awake dhewe.”

Kawula Kraton Kutai saka suku Bugis saperangan ngetutake lakune Daeng Nur­din sakandhahane. Rombongan cilik kuwi ndlajahi Bengawan Mahakam. Wis pirang-pirang dina anggone padha lela­yaran. Alas Pondhok Pinang, alas Loa Janan, lan alas Karang Asam wis didla­jahi. Nanging wong-wong Bugis kuwi durung bisa nemokake lemah sing kaya diidham-idhamake. Sawise tekan Loa Kulu, wong-wong Bugis kuwi bali maneh. Lemah-lemah sing didlajahi pranyata isih kurang apik menawa katandhing karo lemah Loa Buah.

Nalika bali, kapal sing ditumpaki kandhas. Wong-wong Bugis kuwi banjur mudhun saka kapal. Daeng Nurdin pren­tah supaya mlebu alas sing cedhak kono.  Saya suwe saya mlebu alas ora nemoni lemah sing dhuwur utawa pegunungan. Daeng Nurdin enggal mrentah andhah­ane supaya nyebar kanggo mesthekake menawa lemah kuwi pancen lemah sing endhek kaya lemah ing Kraton Goa. Nganti pirang-pirang dina anggone njlu­mati dhataran kuwi.

Sawise cetha yen lemah kuwi pancen kaya sing digoleki, Daeng Nurdin banjur matur marang Daeng Patompo. Senapati Daeng Patompo ora nampa ngono wae pelapurane Daeng Nurdin. Dheweke lan Daeng Makmun kepengin ngerti dhewe lemah sing ditemokake dening Daeng Nurdin. Sawise ngerti sabenere, Daeng Patompo katon marem. Sabanjure banjur matur marang Sultan Muslihudin.  

 

(Ana Candhake)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s