Bonsai


BONSAI

Wis meh sedina Drajat nunggu Rista, bojone sing arep nglairake. Bola-bali Drajat ke­prungu sambat lan jeritane bojone sing nembe berjuang ngliwati maut. Kanggo nylimur pikire sing ora karuwan, Drajat nyoba ngobrol karo wong sing uga nunggu ana ing rumah bersalin kuwi. Nanging mbuh ngapa, apa wae sing dadi bab rem­bugane, kabeh kaya ora mathuk. Pikire Drajat tambah ora karuwan, deweke ban­jur wira-wiri kaya wong linglung. Saya cetha menawa saiki Drajat lagi ora kepenak ati.

“Adhuh, aku ora kuwat!”

Drajat kaget.  Krungu sambate Rista, Drajat kaya ditangekake saka ngimpi sing ala. Drajat banjur kelingan ana ing wayah sore nalika Rista kandha menawa dhewe­ke mbobot. Krungu mangkono Drajat ban­­jur mbopong Rista, dirangkul lan di ambungi. Sedina wutuh Drajat mesam-mesem dewe..

“Adhuh Gusti!”

Sambate Rista keprungu meneh. Drajat banjur ndonga, lambene ndremimil ngucapake donga. Apa meneh nalika dhe­weke kelingan wektu bojone kandha me­nawa bayi sing dikandhut kembar. Wektu kuwi, Rista banjur digendhong karo di ning-nang-gung.

“Adhuh mas, piye iki ?!”

Jebule, saben Rista sambat, pikire Dra­jat ibarate kaya pita kaset sing otoma­tis mereviuw kadadeyan sing wis kelakon. Saiki kupinge Drajat kaya-kaya rungon-rungonen nalika Rista kandha menawa miturut pemeriksaan doktere yen dhewe­ke ora bakal isa nglairake cara normal. Bab iki amarga pinggule Rista cilik. Artine Rista kudu operasi.

“Gustiii..Gustiii..!”

Pikirane Drajat nggrambyang meneh, kelingan wektu dheweke lagi padu karo Rista. Wektu kuwi Rista ngakon Drajat ngedol Bonsai kesayangane. Tujuane, dhuwite bisa kanggo wragat operasi Caesar. Drajat ora sarujuk menawa bon­saine didol. Ora setujune Drajat, amarga bonsai mau wis bola-bali menang ing sayembara-sayembara bonsai. Kabare, bonsai mau uga wis tau dinyang karo salah sawijining kolektor ing kutha. Jane mono bonsaine Drajat okeh cacahe, na­nging wektu pas iki kari loro sing rencana­ne amung kanggo duwen-duwen dhisik. Bi­yasa­ne, bonsaine Drajat apik-apik, amarga  Drajat anggone ngopeni temen­an. Kanggone Drajat, bonsai wis kaya jan­tunge dhewe. Ya saka bonsai kuwi mau Drajat bisa ngragadi uripe.

Ning, persoalane saiki pasedhiyan bon­sane Drajat sing ana ngomah amung kari loro, kuwi wae bonsai ora kanggo di­dol ana ing wektu cedhak. Amarga Dra­jat duwe feeling menawa rega bonsai mau isih bisa terus mundhak regane lan­taran asringe bonsai mau entuk juara ana ing saben lomba bonsai. Durung meneh menawa dheweke kelingan jamane nda­de­kake bonsai mau. Nggawe bonsai sing apik mbutuhake ketlatenan, kesabaran, kaya kreasi sing elok lan improvisasi. Merga kuwi mau Drajat ora gelem ngedol bonsaine.

“Usahake lair normal wae!” ujare Dra­jat wektu kuwi.

***

Kahanane Rista ing kamar priksa me­melas, awake wis kaya ora duwe tenaga meneh. Mungkin amarga bola-bali wis kanggo ngeden, nanging jabang bayi tetep durung gelem metu. Awake ndre­dheg lan kebak kringet, lambene sing cilik-tipis bola-bali ndremimil ndonga kaya maca mantra wae. Rista ngarep-arep banget supaya bojone gelem ngedol bonsaine.

Rista balik ngeden lan ngeden maneh. Tenagane kekuras, Rista ora perduli tenagane entek. Nanging tetep ora ana asile, Rista banjur pasrah ngenteni tumu­runing mujijat. Mujijat sing dienteni uga ora mudhun-mudhun lan  bab iki sing nye­­babkake jiwane drop lan sawangane mri­pat kaya suwung.

Mbuh merga apa, ujug-ujug mripate ora gelem kedhep, jelalatan ndelengi sakabehe isi kamar. Sepisan ana ing pojok kiwa ana alat bantu oksigen, banjur mu­beng searah jarume jam, ana cedhake la­wang ana tempat sampah cilik. Terus ana ing pojok tengen ana alat bantu nglairake. Pungkasane ana ing tengene patidhur pasien ana meja pasien.

Jane, katone Rista durung arep ngu­wisi padelengane mau, nanging merga keganggu ana dokter sing katone lagi kesusu mlebu ana kamare Rista amarga arep nemoni dokter Bowo sing lagi nangani Rista. Mulane Rista banjur ngu­wisi padeleng lan genti nggatekake dokter sing lagi teka mau. Padeleng mripate Rista marang dokter Irvan, mengkono jenenge dokter mau, kaya lagi kaweruhan setan wae, mantheng lan ora kedhep babar blas.  Saiki mripate Rista temuju ma­rang kan­thong ana ing klambi sragam dokter Irvan. Saktleraman ana gunting bedah.

Ora dinyana ora dikira, ujug-ujug Ristra nyaut gunting bedhah mau lan sreeeett…

“Ampuni kula Gusti, ampunilah kula Gusti!”  jerite Rista melengking-lengking.

***

Krungu panjerite Rista mau, pikire Drajat nggrambyang, kelingan jaman padu karo ibune. Wektu kuwi ibune ora kandha dhisik marang Drajat, menawa bonsai ke­sayangane Drajat diwenehake marang dokter sing nambani penyakit kan­­kere ibune. Nesune Drajat temenan­an, malah nganti sawetara wektu Drajat ora aruh-aruh karo ibune. Malah wektu kuwi ibune banjur mulih menyang ndesa­ne amarga ora tahan dinesoni anake dhewe. Nganti wektu ibune tinimbalan dening Gusti Allah, Drajat ora kober njaluk ngapura. Drajat sadhar ora pengin mba­leni ke­sa­lah­ane biyen. Ora suwe Drajat banjur nga­­deg mlayu mulih arep ngedol bonsai­ne. Lan dhuwite arep kanggo pra­beya ope­rasi bojone.

Ora suwe Drajat olehe lunga. Saiki wis teka maneh ing rumah sakit. Sak durunge Drajat mbalik ana ing kamare Rista, dhe­we­ke tumuju ana ing kantor administrasi dhisik, arep nyerahake dhuwit kanggo operasi. Nanging pihak sing ngurusi ke­uangan rumah bersalin mau ngakon ma­rang Drajat nemoni dokter  Bowo dhisik. Lagi pirang jangkah Drajat mlangkah, ana swara nyeluki deweke.

“Lho, Pak Drajat ana kene ta?” Kula nggoleki sampeyan. Wonten bab wigati sing ajeng kula kandhakake.”

“Kleresan Dok, kula inggih badhe ke­panggih panjenengan. Wonten bab wigati ingkang badhe kula aturaken.”

“Bab bojo sampeyan, ta?”

“Mekaten Dokter, kula kepengin bojo kula dioperasi kemawon. Kula mboten tegel kaliyan kawontenanipun bojo kula.”

“Oalah Pak, saiki  anak sampeyan wis lair slamet, kembar lanang.”

“Gusti. Anakku… anakku wis lair, Dok­ter?!”

“Bener, pak!” dokter Bowo nyalami Drajat.

“Matur nuwun, Dokter, matur nuwun, Dokter!”

“Pak Drajat, kudhu matur nuwun karo bojo sampeyan. Amarga dheweke dhewe sing bisa marakake anak sampeyan lair slamet.”

“O, inggih Dok, pripun kahananipun bojo kula, Dokter?”

“Mangga Pak,” Dokter Bowo ngomong karo ngajak Pak Drajat nuju kamar kerja­ne. Drajat diajak mlebu ana kantor pri­badine dokter Bowo mau. Ana ing njero kantor, dokter Bowo nglanjutake omong­ane.

“Wektu iku kabeh dokter mbantu su­paya bojo sampeyan bisa nglairake nor­mal. Sak tenane jabang bayi angel metu­ne amarga bangkekane bojo sampeyan cilik, ditambah bayine kembar sisan. Mula kabeh dokter mutusake kudu operasi Caesar. Merga wis diputusake mengkono aku banjur nggoleki sampeyan, ajeng njaluk persetujuanipun.”

“Mboten napa-napa, dok. Pinten ma­won  beayanipun, badhe kula tanggung.”

“Sekedhap Pak Drajat…”  dokter Bowo gojag-gajeg arep nerusake omonge.

“Wonten napa, Dok?

“Wektu kabeh dokter arep metu ngrem­bug kahanane bojo sampeyan. Rasti nju­puk-nyaut gunting bedhah ana sakune dokter Irvan. Olehe njupuk gunting cepet banget. Ora nyana, bubar kuwi dheweke banjur nyuwek wetenge dhewe nganggo gunting mau. Rasti banjur njupuki dhewe jabang bayi sing ana wetenge dhewe. Mula saktenanne bojo sampeyan dhewe sing tumindak ngoperasi. Anak sampeyan slamet sakloron, ning kanthi abot manah kula ngandhakake menawa bojo sam­peyan ora bisa dislametake.”

“Dhuh Gusti…Gusti ampuni kula!!” bola-bali Drajat nggetuni kahanan kuwi.

“Aku sing salah Gusti, Aku sing wis ndadekake bojo kula pejah. Ampuni kula Gusti…!! Ampuunn…!!

Raga lan  jiwane Drajat drop, dheng­kule kedher, jantung lan getihe kaya-kaya mandheg. Drajat ambruk ana njobin, ndlosor banjur mbrangkang lan sendhen ana tembok. Mripate mlolo ora kedhep, dheweke kelingan ibune. Susahe Drajat tambah mucuk nalika mangerteni  kaha­na­ne bayine sakloron. Awake cilik men­thik, malah bisa diarani kerdhil. Driji sikil karo tangane ora amung cacah lima na­nging gunggung wolu, persis kaya bonsai.***

 

Sumber: Majalah Penjebar Semangat Versi Online.

 

Komentar
  1. friska mengatakan:

    shippp,, tugas2 qw selesai berkat ini
    thanks…

  2. nisa anag sholehah mengatakan:

    kykxa cocok deh buat tugas praktek bhs. jawa….

  3. bening saetaera mengatakan:

    oke dah buwat tgas q

  4. farhan mengatakan:

    kepanjangan gan.. u.u

  5. jihad mengatakan:

    cara nya gen iso di gae cerita ne iki di gae aksara jawa pie??

  6. Muhammad Yusuf mengatakan:

    gambarnya kok gak muncul

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s