Botol Plastik


Botol Plastik

“Wis seger ya”, ngono sapaku ma­rang prawan setengah tuwa, bintang si­ne­tron, sawise dheweke adus. Aku pan­cen nunggoni aneng kono. Nyawang olehe reresik awak. Wiwit sikatan, kramas, sa­bun­an, nggebyur lan babar pisan umbah-umbah panganggo jerone. Prawan iku ora nggape, malah rengeng-rengeng lagu­ne Didi Kempot. Awake katon weweg. Bubar adus krasa bingar, seger. Pancen sedina kuwi hawane krasa panas, sumuk. Dheweke ora wangsulan. Pancen sajake ora krungu panyapaku.

Sedina iki mau dheweke lagi prei, ora ana jadwal syuting. Wingi-wingi meh saben dina lunga, kadhang tekan bengi. Dadi bin­tang sinetron seri lan disiarake ana tele­visi saben dina. Istilahe kejar tayang. Pan­cen ya kesel temenan. Nanging asile lu­ma­yan. Sebab nadyan durung rong taun di­kontrak dadi peran pembantu, saiki dhe­weke wis duwe sepedha-motor anyar. Sandhangane uga tambah akeh lan apik-apik modhele. Senadyan umure wis ngan­cik telungpuluh telu, nanging katon isih luwih enom. Awit awake kerumat.

Rumangsaku dheweke ya prawan lum­rah. Praene ya manis, ora angkuh, ya nger­ti unggah-ungguh. Ora gampang nesu, kepara sok ngalah. Apa maneh karo Rawi,  siji-sijine adhine lanang, sing dadi bos pulsa tilpun seluler lan duwe kios cacah ro­las. Nadyan wis bisa golek dhuwit dhewe, malah wis duwe sisihan lan anak lanang siji, Rawi kadhang isih sok mbeda mbakyune.

“Ndi mbak, tukon rokoke!”

“Jare dadi bos pulsa, dhuwit rokok bae sambat!” Mbakyune ganti melehake, nanging ya sambi tangane ngulungake rongpuluhan ewu rong lembar.

“Kesuwun, kesuwun. Dhuh, cen mbak­yuku temenan.”

“Ki daktambahi, tukokna mobil-mobil­an kanggo anakmu!”

“Kesuwun. Alhamdulillah.”

Wis ana patang pasaran aku manggon ing kamar-mandhi pribadhine, kang cedhak karo kamar paturone. Kadadeyan apa wae ing kono, sithik-akeh aku krungu lan ngerti. Kaya rong dina kepungkur, prawan kuwi – o, iya jenenge Wuri — dilamar wong saka Semarang. Jarene dhudha anak loro, sudagar barang rongsokan nanging sugih. Dhudha mau asring nonton lakon sinetro­ne, suwe-suwe kasengsem. Ning ya mbuh, kaya-kaya Wuri durung gelem.

Kuwi kabeh satemene kadadeyan biyen. Watara setengah taunan sing wis kliwat. Saiki aku wis ora manggon aneng kamare Wuri maneh. Aku wis pindhah. Dhe­weke ya wis lali marang aku. Lali te­men­an. Anggepe aku wis dadi titah tanpa aji. Aku uga babar blas wis ora nate ngerti kepriye nasibe, wis sida oleh jodho apa durung. Elingku, ing sawijining sore, Wuri adus kramas. Aku luntak-luntak. Sakabeh sisa sing ana ing gembungku kasuntak entek. Awakku pegel kabeh, sirahku krasa puyeng. Nanging isih lamat-lamat krungu swarane Wuri. Ing kamar mandhi re­ngeng-rengeng lagu lawas, Bujangan, anggit­ane band Koes Plus.  “……Begini nasib jadi bujangan, ke mana-mana, asal­kan suka, tiada orang yang melarang …..” Apa iku ateges Wuri pancen isih seneng dhewekan, aku ora ngerti.

Saka dayane cahya mau, aku kaya-kay kasedhot. Kaya-kaya dijunjung mabur sandhuwuring tlaga.

 

Sawise kuwi aku ora eling. Aku sema­put. Aku ora krasa yen esuke disingkirake Wuri. Ora krasa yen banjur dilarung aneng kali Bogowonto. Ora krasa uga yen telung dina aku kenyut ilining banyu. Nanging sajroning semaput aku malah ngimpi. Kaya-kaya aku nglangi aneng tlaga lendhut. Kuwi tlaga lendhute Ble­dhug Kuwu utawa  tlaga lendhute Sido­arjo, ora pati cetha. Mung rumangsaku, aneng kono anggonku nglangi krasa abot. Napasku ngos-ngosan, krasa panas. Kaya-kaya arep ora kuwat. Nanging ndilalah kersaning Allah, dumadakan saka langit sisih wetan, sacedhaking lintang Panjer Esuk, kaya ana cahya nyemburat warna jingga. Saka dayane cahya mau, aku kaya-kaya kasedhot. Kaya-kaya dijunjung ma­bur sanduwuring tlaga. Mubeng-mubeng sawetara, ngliwati gunung Merapi, ngli­wati Gunung Kelud dan Semeru. Sarwa cepet. Ngerti-ngerti mudhun aneng pu­cuk­ing Gunung Agung ing pulo Bali. Rumangsaku, ing kono awakku dadi wangi. Di­rubung kupu lan tawon madu. Nalika aku kepingin njegur aneng tlaga Kintamani, tan ka­nyana aku nglilir. Aku sa­dhar saka semaputku.

Ujare wong akeh, jare impen kuwi mung kembang­ing turu. Sawetara  pangan­dikane para pujangga ana uga impen sing ngemu pra­lambang. Aku ora ngerti lan ora nate neges-neges apa im­penku biyen. Mbuh pra­lambang, mbuh kembang turu. Nanging kabeh kang ka­dadeyan dumunung sanjaba­ne pangiraku.  Saiki aku lung­guh aneng kursi empuk. Sa­kiwa tengenku kebak kem­bang paesan. Ngganda wangi, amarga kala-kala di­semprot parfum. Ya saiki iki aku dadi pajangan aneng kothak kaca sajroning mall kutha Surabaya. Pancen na­sibku kadidene cakra mang­gilingan. Tau kepenak kaya ing omahe Wuri. Tau ora re­kasa nalika dilarung ing kali, campur rereged warna-warna. Ning begjaku, saka pinggir kali, aku diopeni dening tu­kang-batu sing bojone makarya dadi peng­rajin boneka saka barang bekas. Awakku sing langsing diupakara, didan­dani, diklambeni, dibengesi lan liya-liyane. Pungkasane dadi boneka cantik, sing di­senengi anake wong-wong sugih. Wah, rasane seneng tenan.

Urip aneng kono kanyata ora suwe. Aku dipundhut dening mbak Tery kanggo hadhiah tanggap-warsa putrine, sing ngancik patang taun. Mbak Tery kuwi bojo­ne Om Trialdo, yaiku pemain bal saka Brasil sing dikontrak kumpulan bal-balan Bratasena FC. Wiwit kuwi aku meh saben dina ngancani Mirdha, prawan cilik sing tregil, yen melek meh ora tau leren ang­gone dolanan. Kadhang aku dijak nyanyi, njoged, utawa nyandiwara. Mirdha dadi ibu, aku dadi anake. Mangkono sadina-dinane.

Klakon setaun Om Trialdo ganti di­kontrak kumpulan bal-balan Barito FC ing Kalimantan. Mirdha lan ibune melu pin­dhah mrana. Jalaran keburu-buru, ora kabeh barang-barang darbeke digawa. Sa­bageyan sengaja ditinggal, sabageyan ketriwal. Klebu aku dhewe, boneka cantik sing dumadi saka botol plastik, melu sing kesingsal. Esuk mau wis kesampar saka dhapur tekan luwangan uwuh. Awan mau kena panase sang surya tanpa bisa su­wala.

Sore iki si Kacung, nom-noman tangga sing sok dikongkon resik-resik, kla­kon ngo­bong uwuh. Ateges ya babar pisan ngo­bong awakku. Awakku nglinthing ke­panasen. Ora nganti se­prapat jam wis dadi areng, dadi awu. Awakku sirna, mus­na. Kari sukmaku mba­leni impen lawas. Mabur. Sandhuwure gunung Mer­babu, ngli­wati gunung Kelud lan Semeru. Na­nging ora tekan pulo Bali. Malah mengalor nyebrang segara, tumuju menyang Ban­jar­masin. Ngetutake sedulur sinarawedi, Mirdha, anake mbak Tery. Nanging ora suwe. Aku nglayang ma­neh, ngidul-ngulon. Ngli­wati bengawan Solo lan kali Bogowonto. Sedhela mam­pir ana omahe tukang-batu sing nate nu­lungi awakku. Terus ma­ngu­lon. Pungkas­ane tekan sawijining pe­rumahan ing tlatah kutha Bogor. Tekan omahe Wuri sing anyar. Aneng peta­man­an mburi omah, dheweke lagi lung­guhan karo sawijining priya bagus. Kekarone katon kaya Pranacitra lan Rara Mendut lagi padha pacelathon. Mbuh apa sing lagi pada direm­bug. Mbuh!

Purworejo, 2009

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s