Dhemit Wit Maoni


Lulus SMP taun 1965, Sasmita ke­pengin nerusake sekolah ana ing Semarang. Kaya umume bocah sekolah kang nembe lulus ujian, karo nyalami kanca kang lulus ujian, uga nglipur marang kancane kang durung katut lulus, sarta takon tinakon arep nerusake sekolah ana ngendi. Ana kang kepengin nerusake menyang SMA, SGA (SPG) utawa sekolah kejuruan liya­ne. Racake padha milih ana ing SMA. Sas­mita karo sawetara kancane milih nerusake sekolah ana SPG, sokur-sokur menyang sekolah kang nyedhiyani asrama. Nek wis tekan asrama, kanca-kancane padha duwe panemu dhewe-dhewe, kayata nek wis wayahe kari nya­dhong, kamar uga wis sumadhiya lan nggambarake kepenake.

Nanging ya ora sithik sing kandha yen urip neng asrama kuwi ora kepenak, apa-apane mung dijatah lan racake padha krasa ora kepenak upama mrang­guli menu kang ora cocog. Cekake kabeh panemu untung rugine disokake. Nanging Sasmita tetep kepengin nerusake ana ing SPG lan kebeneran sekolah sing dituju nyedhiyani asrama. Ngancik dina pengumuman ditampa lan orane, sas­mita sakanca budhal menyang Sema­rang saperlu ndeleng pengumuman mau.

Sawise ngerti yen ditampa, Sasmita lan kanca-kancane padha bungah banjur age-age mulih saperlu nyiyapake uba rampe kanggo miwiti sekolah ana kutha, embuh awujud buku, bekakas kanggo nulis lan uba rampe liyane. Seminggu sa­durunge sekolah diwiwiti, wis ana kancane kang budhal saperlu kepengin mangerteni kahanan sajrone sekolah, kepriye asramane lan lingkungan sakiwa tengene sekolah. Ana kang nggawa piranti yen ana plon­co­nan, jalaran yen plon­conan racake ngga­wa piranti kang aneh-aneh sarta dadi geguyon. Upamane kalungan krupuk, cla­nane ditekuk sasisih lan ana uga kang nyan­­dhang keris saka irus. Malah jeneng samara uga dikalungake upa­mane oleh jeneng BE­GO, GARENG, TA­WON, lan MALING barang. Mulane calon murid kudu tatag lan aja isinan.

Karo gregeten, gulungan kapuk mau digawa mulih

Dina Setu, Sasmi­ta budhal menyang Semarang jalaran dina Senen wis wiwit mlebu sekolah. Ca­cah­e murid klas siji ana patang kelas, da­di klas I A takan I D. Sawise mlebu menyang kelase dhewe-dhewe, kabeh padha melu upacara lan pihak sekolah lumantar panitiya aweh jadwal ploncanan. Kahanane dadi re­geng, bocah-bocah klas siji anyar padha oleh tugas njaluk tandha tangan marang guru, murid kelas ndhuwure, uga pa­nitiya. Malah ana uga kang kudu njaluk tandha tangan marang lurah ing desane sarta njaluk pituduh kepriye bisane dadi murid kang sregep.

Swasana plonconan malah dadi ger-geran yen ana murid anyar kang ora bisa minangkani panjaluke panitiya utawa murid kelas sandhuwure jalaran mesthi nampa ukuman. Sasmita kudu ngguyu nalika wektu ngaso, ana murid anyar nganggo jeneng MALING, takon karo kanca murid anyar kang jenenge MO­NYONG:

“Dari mana Monyong?”

Njur diwangsuli, “Dari pasar, Maling.”

Pancen ing Semarang biyen ana pa­sar kang dijuluki pasar……….

Sumber: Majalah Panjebar Semangat

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s