Dudu Rama lan Shinta


Taun iki wis ngancik taun kang kaping limalas, kapetung wi-­  wit patemonku kang pungkasan karo dhik Arum Dalu. Aku ora ngerti kepriye kabare saiki. Malah mapane ana ngendi wae aku ya ora nger­ti. Nanging critane tetep sumimpen rapet ing atiku lan tetela ora bisa digan­teni wong liya, kalebu bojoku dhewe sing wis suwargi.

Atiku adreng kepengin nggoleki, na­nging wedi. Upamane ketemu, ya mung tiwas ngonggo-onggo. Arep dak pek? Apa bojone oleh. Upama dheweke ran­dha pisan, yen butuh ngepek ya isih kudu ngenteni sepuluh taun maneh, awit supa­tane bapak-bapak biyen 25 taun. Ah, le­la­kon kok kaya ngene. Ngeres. Ngrantes. Ngenes. Yen dak aranana akibat pokale bapak, kok degsura temen. Luwih becik dak sebut: Iki akibat rasa kurmat lan bektiku marang bapakku. Lire mengkene:

Nalika sekolah biyen aku duwe kanca arane Arum, amor saklas terus, wiwit ke­las siji SMP nganti lulus sarjana. Sa­ben dina runtang-runtung nganti kaya sedulur. Bareng wis kuliyah, srawungku mekar dadi sambung tresna. Nganti tau prasetya ing Umbul Jalatundha. Dhik Arum sumpah:

“Mas, yen umbul iki isih metu banyu­ne kang mili ngelebi pesawahan, tresna­ku tetep subur ngrembaka kaya tanduran ing sawah-sawah iku”.

Aku ya nimbangi. Ngene sumpahku:

“Dhik, yen gunung Merapi isih metu lahare, kang nyuburake palemahan ing pe­renge, tresnaku tetep subur ngrembu­yung kaya wit-witan ing alas pereng Me­rapi iku”.

Nalika mulih saka kana aku weling:

“Dhik, aku arep matur bapak, minggu ngarep arep nemoni bapakmu nglamar kowe. Mula kowe ya matura bapakmu”.

“Iya, Mas”, saure dhik Arum mantep banget.

Banjur njranthal nyaketi aku, nggegem tanganku karo nangis

Bareng aku matur bapak tenan, jebul bapak duka yayah sinipi, nganti sumpah-sumpah:

“Oh, dadi bapakne Arum ki Marta Sandhung wong Cawas kuwi ta. Ngertiya, kuwi mungsuh bebuyutanku. Ngertiya, ibune Arum sing jenenge Narti Kanyut iku biyen pacanganku, direbut melek-melekan karo Marta Sandhung nganti dadi jotosan ana Bayat kana. Dipisah karo wong tuwa, dikandhani: bocahe wa­don wae kon milih. Ee, lha kok Narti Kanyut ki milih dheweke. Wiwit iku aku ora sudi ngundang Marta Sandhung. Je­neng kuwi kapiken tumrap dheweke. Sing tepat ya Marta Sinthing. Aku ora nye­tujoni karepmu”.

“Kula sampun klajeng sumpah setiya, Pak”, aturku mbela dhiri. “Sampun dipun sangkut-sangkutaken kaliyan perkawisi­pun bapak”.

“Kowe ki anakku, gelem ora gelem ya mesthi sangkut karo perkaraku. Nek kowe wis kadhung tresna, aku sumpah: bisa mangestoni, nanging entenana sela­we taun maneh”.

Dina candhake aku ketemu dhik Arum, ing………

Sumber: Majalah Panjebar Semangat

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s