Glepung Tekek


Glepung Tekek

Salim wis kondhang wong jujur lan lurus. Upama ana piranti kanggo ngukur kejujuran, banjur dianakake lomba kejujuran sadonya, ya Salim iku juarane. Saking jujure nganti dheweke percaya wae nalika Dogong ngandhani.

“Lim, nek kowe pengin ngerteni nasib­mu bakal mlarat apa sugih, takona ma­rang tekek”.

“Carane piye Gong?” takone nggenah­ake.

“Nek ana tekek muni, tekeek-tekeek-tekeek … kowe muni, sugih-mlarat-sugih-mlarat, nganti tekek mandheg. Yen buri dhewe tiba sugih, ateges kowe bakal sugih merga entuk pamujine tekek”.

“Lha nek tiba mlarat?” takone Salim

“Ya ateges kowe bakal mlarat-arat-arat sajege, awit entuk sabdane tekek. Ning tindakna apese ping pitu.”

Sorene bubar Magrib Salim wis mapan lungguh ing emper, ngenteni tekek muni. Jebul ora muni. Nganti manjing Isya. Salim sholat Isya dhisik. Oleh rong re­kang­at, jebul si tekek muni, lan Salim wiwit ngetutake muni:

“Tekeek… sugih, tekeek … mlarat, tekeek… sugih, tekeek … mlarat; tekee… k… sugih; tekee… k mlarat…”

Mandheg. Wah kok tiba mlarat? Apa pancen nasibku dadi wong mlarat? Na­nging iki lagi sepisan. Omonge Dogong: ditindakake nganti ping pitu. Sajake sing muni mau kuwalik, kudune diwiwiti saka mlarat.

Let sauntara tekeke muni maneh. Agahan Salim ngetutake muni, diwiwit saka mlarat:

“Tekeek… mlarat; tekeek… sugih; tekeek…. mlarat; tekeek… sugih; tekeek… mlarat”.

Mandheg. Wadhuh tiba mlarat maneh. Apa pancen nasibku kon dadi wong mlarat ta ya? Atine dadi kemrengseng, karepe dadi notol kepengin mbuktekake nganti ping pitu. Mula nganti kliwat tengah wengi Salim lungguh ing ngemper karo nunggu unine tekek. Gonta-ganti olehe miwiti, wiwit sugih dhisik, nganti wiwit mlarat dhisik, nganti ping enem, tetela tiba mla­rat terus. Kojuur, kojur. Kari pisan engkas, yen tetela tiba mlarat maneh, ya wis tinakdir uripku kon dadi wong nggombal pitung tumama.

Satengahe ngresula, si tekek muni. Enggal dheweke ngetutake muni:

“Tekee…k sugih, tekeek… mlarat; tekeee …. k sugih, tekee… k mlarat; tekeeek …. sugih, tekeee…k …. mlarat…”

Mandheg. Wis cetha saiki. Dadi wong nggombal. Sok ana wong muni: yen lagi kebeneran uripe, suket-godhong dadi re­wang, ning yen lagi sial oh, suket go­dhong dadi mungsuh. Salim rumangsa nasibe sial, si tekek wae sing padha-padha manggon ing omahe, kok ya dadi mungsuh. Wis melu manggon ora mu­jeka­ke sugih malah mujekake mlarat. Salim capeng, mripat mencereng nya­wang mendhuwur, lambene kedher, ngucap semu serak:

“Tekek, ora ngrumangsani kowe nunut manggon ing omahku, pujimu elek banget. Ping pitu olehku ngetung, kabeh kok tibake mlarat. Nek ngono kowe tetep mungsuh. Sesuk dak buru nganti ketemu, bakal dak goreng nganti garing lan dak remuk dadi glepung tekek. Ora mung kowe nanging kabeh kancamu tekek sajagad iki, yen ketemu mesthi dak cekel, dak goreng garing, dak remuk dadi gle­pung tekek. Aja sembrana karo Salim kowe kek!”

Tekek-tekek sing manggon ing dhuwur blandar emper diopyak-opyak.

 

Salim tetela ora main-main. Esuke dheweke wiwit tumandang gawe. Tekek-tekek sing manggon ing dhuwur blandar emper diopyak-opyak. Sing katon mlayu diburu. Mung ana loro sing kecekel, liyane padha bisa ndhelik ing papan sing luwih primpen. Batine Salim: Ora papa, sesuk maneh mesthi kecekel. Dina iki cukup loro iki wae.

Tekek loro sing wis kejel-kejel kena seblake Salim iku digoreng. Nganti garing. Banjur didheplok nganti ajur dadi glepung tekek. Ambune gurih. Glepung gurih iku nuli dipendhem ing lemah kebon.

Wiwit dina iku Salim dadi kondhang Salim tekek, kanggo mbedakake karo Salim liyane ing desa kono sing wis kon­dhang diparabi Salim bengkel, awit ga­weyane ndandani mesin rusak.

Kondhange Salim tekek keprungu dening Pak Haji Markum ing liya desa. Sa­kala Pak Haji nggoleki menyang omahe.

“Assalamu ngalaikum.” Uluk salame Pak Haji Markum.

Disauri Salim: “Wah ngalaikum salam. Onten dhawuh napa Pak Haji, kok ka­dinga­­ren njenengan rawuh ing griya kula.”

“Badhe takon, Mas, napa sampeyan simpen glepung tekek?”

“Boten niku, Pak Haji.”

“Sampeyan rak sering pados tekek, digoreng terus diglepung?”

“Enggih ning boten kula simpen. Nek empun dadi glepung terus kula pendhem utawi kula bucal teng lepen.”

“Wah, sesuk nek ngglepung malih ampun diguwang. Kula peke Mas.” Salim nyawang Pak Haji sajak gumun.

“Kagem napa ta, Pak Haji?”

“Ajeng kula jajal kangge nambani ponakan kula sing sakit mengi. Empun bola-bali mertamba teng dhokter, malah bola-bali opname teng rumah sakit, meksa mboten mantun. Nggih mantun sanalika, ning let sesasi-rong sasi kumat malih.”

“Oh, nek ngoten kula padoske, meng­ke nek empun dadi glepung kula aturke teng daleme.”

“Wah, nedha nrima sanget, Mas Salim, saestu kula entosi nggih.” Ucape Pak Haji, nuli pamit mulih.

Langsung wae Salim golek tekek mrana-mrana. Esuke wis oleh tekek lima, digoreng garing, di glepung, banjur enggal-enggal diterake menyang omahe Pak Haji Markum ing tangga desa. Nalika arep diulungi dhuwit, Salim nulak:

“Pak Haji, kula boten sadeyan glepung tekek. Lan malih ponakane dereng kan­tenan yen saged mantun krana glepung tekek niku. Mila glepung tekek niku ampun dituku, niku namung kula caoske mawon.”

“Oh, nedha nrima Mas Salim.”

Salim mulih, lan wis ora tau nggagas glepung tekek sing diaturake Pak Haji Markum. Nanging wiwit dina iku yen nemu tekek maneh glepunge disimpen ing botol. Sapa ngerti yen ana sing mbu­tuhake, kari ngulungake.

Nyatane pancen akeh sadulur sing mara menyang nggone Salim njaluk glepung tekek. Sajrone setaun wis kliwat wong telung puluh sing mara mrono. Lan tetep wae salim emoh diwenehi dhuwit. Nganti ing sawijining dina, Pak Haji Mar­kum lan sawatara pawongan teka ing omahe.

“Mas Salim ki jane kepengin kerja apa ta?” takone Pak Haji.

“Jane kula niku kepengin gadhah mobil gundhul, kangge ngangkut ba­rang­barang umpamine kayu, mebel, utawi jagung, tembakau, gabah, lan napa mawon sing perlu diangkut. Niku sing paling kula remeni, Pak Haji, sebab kanthi ngangkut barang-barang, saben dinten kula sumerep pundi-pundi, kenalane kathah, sami mawon dolan entuk dhuwit. Nanging tiyang kados kula niki boten mampu tuku mobil. Dilalah tekek mawon nggih mujek-mujeke kula mlarat.”

Pak Haji ngucap karo ngguyu; “Mas, sing mujekake mlarat niku sanes tekeke, ning lambe sampeyan dhewe. Ngeten mawon; mobil kula nika sam­peyan utang, dicicil saben sasi sak mam­pune, napa sajuta, napa limang atus ewu, ngantos lunas. Pripun?”

“Napa mboten kedangon, Pak Haji?” ucape Salim nggenahake.

“Boten napa-napa, kula lega lila, awit saniki ponakan kula mpun boten perlu wira-wiri mriksakake dhateng dokter utawi rumah sakit.”

Rembuge cocog. Mobil angkutan barang, Suzuki ireng weton sepuluh taun kepungkur iku pindhah menyang omahe Salim. Merga wis kondhang jujur, sregep lan wis akeh wong rumangsa dibeciki sarana glepung tekek, olehe dadi  tukang angkut-angkut laris banget, prasasat saben dina ora tau lowong, dadi jujugane wong­wong sing kepingin kirim barang dagangan. Saben sasi Salim bisa nyicil rong juta.

Nadyan mengkono, saben ana wong takon iwak tekek Salim tetep nggolekake, tanpa gelem diwenehi dhuwit. Malah saiki Salim ngingu tekek pirang-pirang ing omahe, saben dina dipakani, supaya sa­wanci-wanci butuh ora perlu golek mrana­ mrana. Pisan dadi panglipuring ati. Yen bengi klekaran ing lincak karo ngrungo­kake swarane tekek, kang rinasa merdhu banget ing kupinge Salim.

“Tekeek, ….tekeek, ….tekeek, ….”

 

(Cuthel)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s