Kadho saka Gusti


Wengi  iki langite padhang gumebyar. Lintang  lan rembulan dadi pasangan kang serasi nyunari bumi saisine. Rasaning atiku ayem tentrem neng ngisor cahyaning rembulan sing isih bunder seser mau. Ana platarane omah aku lungguh dhewekan, nyoba ngetung lintang sing akeh cacahe mau.

“Siji, loro, telu, papat,…. satus. Wah akeh tenan lintange! Coba aku bisa mabur menyang langit njur njipuk lintang siji wae nggo kanca-kancaku ben padha seneng, ben terus gelem kekancan lan dolanan karo aku maneh,” ucapku grenang-greneng ijen.

Aku tumungkul pasrah, ngrumangsani nasibku. Aku pengin melu dolanan karo kanca-kanca, melu gobag sodor, jethung­an, utawa engklek ing ngisoring rembulan purnamasidi iki. Sebab rasane  ati iki sepi nyenyet ing wanci wengi ngene iki.

Serat  Kagem Gusti Ingkang Maha Agung

Dhuh Gusti, aku tansah njunjung dhuwur asmaMu. Tresnaku kanggoMu. Nanging kenging menapa Penjenengan  paring musibah kados ngaten? Kenging menapa kula mboten saged dolanan kados kanca-kanca sanesipun? Oh, aku salah…. aku nyata salah. Coba biyen aku  luwih ngati-ati, tundhone ora kaya ngene! Dhuh Gusti, kula nyuwun pangapunten  saking sedaya kalepatan. Kula nyuwun diparingi kasabaran, ketetegan manah supados saged nggayuh rahmad Penje­neng­an. Amin……

Saben wengi ing pangarepanku, aku tansah nulis surat kanggo Gusti Allah. Apa sing bisa tak tindakake kejaba pasrah marang Gusti ingkang Maha Agung?  Aku banjur kelingan kedadeyan sing nemahi awakku. Ujaring ngakeh, umur SMP mono wancine coba-coba, pengin ngerti kepiye rasane ngono-ngene. Kocape, ing desaku kuwi akeh bocah umur SMP kang wis padha prigel nunggang sepedhah motor. Aku melik,  kepengin bisa numpak motor kaya kanca-kancaku kuwi. Latihan-latihan ya tansah tak lakoni. Nanging atiku kem­rungsung, aku nyoba latihan ana dalan gedhe dhewekan. Ora matur bapak-ibu,  wong tujuwanku gur nglanyahke ngoper presneleng.

Awan kuwi langite mendhung, gludhug  glumeger kaya nyigar bumi. Aku cepet-cepet pengin mulih, wedi kudanan. Du­ma­dakan ana trek ngemot blabag papag­an karo aku. Treke ngebut. Ciiittt… bruaaggg…!! Mung kuwi sing dak rungu. Aku terus ora sadhar. Mbasan eling  wis ngathang-athang ana rumah sakit. Dhuh Gusti…. lengenku disemen, sirah rasane puyeng.  Sikilku…oh  sikilku kudu diampu­tasi. Aku kaya mati rasa mangerteni  ka­nyatan kuwi. Rumangsaku kanca-kanca sing maune raket mbaka siji padha nga­dohi aku, emoh srawung karo wong cacad.

“Wit… wita…! Mlebuwa Nok, wis wengi!” ibuku nimbali saka njero omah.

“Nggih… nggih bu, sekedhap,” wang­sulanku aras-arasen.

Rasane wegah arep mlebu, isih pengin ngrasakake adheming wengi, nonton langit padhang gumebyar lan lintang-lin­tang sing tresna karo rembulan. Nanging mesakake ibu yen tansah menggalih aku. Mula alon-alon aku banjur menyat.

“Walah krekku mau ana ngendi ya? Lali le ndeleh! Ooo… iki apa! Bismilla­hirrah­manirrahim!” ucapku karo ngadeg trantanan.

Ya Allah, Alhamdulillah, saestu Pak Bu, Alhamdulillah

“Kene… kene cah ayu tak ewangi. Menyang kamar wae, gek turu supaya sesuk le tangi ora kerinan! Sesuk ben mas­mu Doni sing ngeterake lehmu seko­lah,” ngendikane ibu karo nglawani laku­ku kebak sih. Aku mesem karo nggujeri pundhake ibu. Mung penjenengane sing tresnane karo aku ora owah nadyan kahananku kaya ngene.

***

Sunaring sang baskara mlebu ing sela-selane cendela kamar. Hawa anget nyikep awak. Aku tangi saka amben lan siyap-siyap budhal sekolah.

“Wita… wis siyap apa durung?” pangu­­wuhe mas Doni celuk-celuk aku.

“Sik mas, sedhilit meneh!  Nah, ayo saiki mangkat mas! Ning tasku sik keri neng kamar ki.”

“Ya, mengko tase tak jipuke. Ayo gek mangkat, pak becak wis ngenteni kae lho!”

Aku diewangi mas Doni lan dilingguh­ake ana becak. Mas Doni banjur ngakon tukange becak supaya mlaku. Sabanjure mas Doni mlebu ngomah maneh saperlu njupuk tasku terus numpak motor nge­tutke becak sing tak tumpaki. Ana ndhu­wur becak aku ngetokake buku lan kertas. Aku wiwit nulis.

Kagem Gusti Ingkang Maha Agung

Maturnuwun awit nikmat ingkang sampun kaparingaken kdhateng kula, Gusti. Dalaning gesang tansah kula pecaki, nanging kenging  menapa kula malah damel repoting  liyan? Kula mesak­ke ibu, bapak, mas Doni. Dhuh  Gusti kula pengin gadhah sikil palsu supados mboten ngre­poti tiyang sanes. Supados kula saget  mbantu bapak-ibu  lan mas  Doni ingkang  saben enjang kedah nge­ter­aken kula dha­teng sekolahan. Muga-muga pepenginan­ku dikabulkake Gusti ingkang Maha Asih. Amin….

“Mbak….mbak wis tekan sekolahan mbak!” pak tukang becak njawil pundhak­ku.

“O nggih….nggih pak,” aku gragaban. Merga ketungkul nulis nganti ora krasa yen lakune becak wis tekan ngarep se­kolahan.

“Wita iki krekmu, ayo tak terke me­nyang kelasmu. Mengko baline tak papag meneh,” kandhane mas Doni

“Ya mas, sik tak nglebokke buku iki dhisik.”

“Wis gek ayo mundhak telat!”

Karo kesusu aku nglebokake …..

Diambil dari http://www.panjebarsemangat.co.id/, pada 26 Desember 2011, pukul 04:11

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s