Katresnan kang Ngrembuyung


Katresnan kang Ngrembuyung

Aku nyawang botol ing tangane sisihanku. Rada suwe anggonku ngiling-ngilingi. Sawise nyeleh tas ana meja, aku nyedhak. Tutup botol dibukak, banjur diambu.

“Botol apa, mas?” pitakonku.

“Jamu. Saka kyai,” wangsulane.

“Jamune sapa?”

Sisihanku nyawang aku, banjur nyekel botol iku maneh.

“Wingenane aku diajak Pak Sarip golek tamba, kanggo awake dhewe iki. Ikhtiyar, karepku. Njur iki mau jamune dikirim. Nanging kok ngene?”

Aku melu ngambu. Irungku nyungir. Botol dak cekel, dak golang-goling. Isine katon butheg banget, lintreg-lintreg!

“Wis, ora susah diombe. Dibuwang bae! Mengko malah marahi murus!” kandhane.

Aku manut. Isi botol daksok ing got. Saupama diakon ngom­be, mbokmanawa aku uga ora kolu!

Kedadeyan kaya ngene iki, usaha golek tamba kanggo katen­tremane bale somahku – sawise wolung taun aku durung di­paringi momongan – embuh wis kaping pira. Wiwit isih ngontrak dhisik nganti saiki bisa gawe omah dhewe. Aku ngerti, dheweke kepengin mulyakake aku. Jer sasuwene iki saben ketemu karo sedulur-sedulure, aku sing sering dadi sasaran.

“Adhik gabug bekne,” jare mbak­yu ipeku.

“Mangan cambah sing akeh, dhik,” jare liyane.

“Dipijetake Mbah Nem, bekne wadhae bayi jero.”

Aku mung mesem krungu kabeh mau. Aku emoh nesu. Dak wangsuli prasaja, yen Gusti Allah durung marengake. Aku ora arep mangsuli mbokmanawa dudu aku sing gabug, ning sisihanku. Aku ora kepengin bale somahku kang sasuwene iki tentrem lan ayem senajan tanpa momongan dadi kisruh, amarga tetembungan kang mung nuruti emosi.

Aku ngerti banget, sarana apa kang tau dakwaca ing rubrik kon­sultasi kesehatan, yen sisihanku kurang subur. Aku uga ngerti, dhe­weke nyadhari kekurangane. Nanging aku ngerti, dheweke ora kepengin priksa menyang dhokter. Aku manut diterna – priksa rana-rene, ngombe obat lan vitamin. Ning tanpa guna yen priyayi ka­kunge ora gelem nglakoni bab sing padha.

Aku ora kepengin protes utawa maido marang kahanan iki. Ka­sabaran lan kawiga­te­ne sasuwene iki ngalahake rasa kasepen kang ana. Dheweke priya pilihane bapak­­ku, wong kang paling dak tresnani saliyane ibu. Aku kang sa­suwene iki tansah nulak kanthi alus kekarepane kanca-kanca ing sakupeng­ku, ora kuwawa nyawang paningale bapak kang kebak pengarep-arep nalika ndangu, apa aku seneng karo pawongan kang anyar katon iku? Kang uga kancane kang­masku ing panggonane nyambutgawe? Aku mung bisa matur, yen bapak kersa kula inggih purun. Akhire priya iku dadi sisih­anku. Lan aku ora kepengin kabungahan ing pasuryane bapak-ibuku sirna amarga tetem­bungan kang ora bener.

Nalika aku wiwit mangun bale somahku, aku momong bocah loro lanang kabeh, ponakane sisihanku. Karo-karone sekolah SMU. Saiki wis padha nyambutgawe. Aku nate ditawani bayi kanggo pancingan, nanging daktulak alus. Aku kuwatir ora bisa ngrumat kanthi becik awit aku mulang. Sisihanku uga ora setuju. Luwih becik menehi pitulungan marang famili sing anake ora bisa nerusake sekolahe. Lan nalika bale somahku umur sepuluh taun, ana bocah wadon loro sing dadi momong­anku. Kus lan Lilik. Siji SMP, siji SMA. Kaya bocah loro sing dhisik, kenya loro mau uga urip rukun.

Omahku saiki regeng. Ing wektu-wektu nyedhaki ulangan, omah dikebaki bocah sing sinau kelompok. Ruwang tamu kang cukup amba nyebabake bocah-bocah krasan. Aku seneng weruh semangate bocah-bocah sing dakemong. Aku kepengin bocah-bocah iku sinaune lan bisa mandhiri ing tembe mburine.

Regenge bale somahku pranyata ora nyuda pepinginane sisihanku supaya aku pinaringan momongan. Sawijining dina teka saka kantor, karo nyemili tempe goreng kasenengane dheweke takon:

“Suk libur akhir taun iki sekolah ana acara, nggak?”

Karo nyidhukake sega ing piringe aku mangsuli:

“Ana, penerimaan murid baru. Ana apa?”

“Arep dak jak nyang Yogya”.

“Haa, rekreasi?” Aku mlengak.

“Ora. Ana dhokter wanita ahli kan­dhungan. Kabare akeh sing cocog“ swara­ne alon.

“Tenan? Aku mengko tak nyuwun ijin?” Aku nayogyani.

“Sampeyan ora kabotan?” Dheweke mandeng.

“Ora”, aku gedheg.” Panjenengan tetep­ke bae tanggale, mengko aku bisa ngatur jadwal piket karo kanca-kanca.”

Aku ngomong mengkono awit yen libur akhir taun iku acarane padhet. Pe­nerimaan murid anyar, nyusun jadwal pelajaran supaya jame ora tabrakan antarane guru siji lan sijine. Nanging yen mung ijin rong dina bae mesthi dipareng­ne.

Nanging nganti liburan teka dheweke durung netepake tanggal. Alasane kan­tore sibuk banget, akeh kegiyatan kang ora bisa ditinggal. Aku mung ngiyani. Awit adoh ing sajroning atiku, aku ngerti yen dheweke ora siyap saupama wong loro kudu dipriksa. Aku ora kepengin natoni atine kanthi pitakonan kang mojokake.

“Tenan? Aku mengko tak nyuwun ijin?” Aku nayogyani.

 

Kus lan Lilik sinaune lancar. Kus lulus SMP lan Lilik lulus SMA. Kus nerusake menyang SMA dene Lilik nyuwun kursus bae. Diutus nyoba dhaftar nyang per­guruan tinggi ora gelem. Nyuwun kursus komputer, dheweke kepengin enggal nyam­but gawe. Kebeneran ing omah ana komputer. Sisihanku kanthi tlaten melu ngajari saengga bocah iku enggal lancar nggunakake komputer.

Wengi-wengi nalika bocah loro padha sibuk sinau, nonton tivi, banjur guyon lan maca majalah ing ruwang tengah, aku lan sisihanku lungguh ana teras. Nyawang langit kang kaling-kalingan godhong pelem. Nyawang cecak kang godhag-godhagan ing plafon teras.

“Sampeyan digoleki cecak kae, lho”, godhane.

Aku nuruti panyawange. Ana cecak sajodho ing sacedhake lampu.

“Biyasane telu,” aku nyaut. “Oh, kae ana pojok. Lagi nginjen lemut”.

Sisihanku ngguyu. Tangane ngrangkul bauku, omong lirih. “Bocah-bocah isih nonton tivi?”

“Isih. Panjenengan kepengin?”

“Mengko bal-balan. Liga Inggris. Jam sanga”.

“Sedhela maneh. Ngalah dhisik, ya.”

Aku krasa kupingku diaras. Sedhela. Banjur rangkulane diuculi. Dheweke dudu priya romantis. Nanging saka tindak-tan­duke kang prasaja aku bisa ngrasakake rasa asih kang jero.

Dinane lumaku terus. Pitakonan bab anak wis ora tau keprungu. Nganti sawi­jing dina, sisihanku nuduhake sawijining alamat. Dak waca ing kono: Ikatan Bidan Indonesia. Banjur: Dr Joko Nugroho.

“Panjenengan kepengin aku priksa mrono?” pitakonku.

Sisihanku manthuk.

“Kapan?”

“Mengko sore”.

Sorene, ana ruwang tunggu klinik kang asri, aku maspadakake wong-wong kang antri. Rata-rata isih enom. Siji loro ana sing risiko tinggi, kalebu aku. Nalika aku giliran dipriksa dhokter sepuh kang grap­yak iku, paningale kang sabar ngge­­­dhe­ka­ke atiku.

“Rahim panjenengan sehat. Haidipun teratur?” pandangune.

“Inggih, dhokter”.

“Namung yuswanipun….”

“Sekawan dasa kalih, dhokter”, aturku.

“Yuswanipun ingkang nguwatosaken,” paningale nunjem.

Banjur, “Panjenengan kersa ndherek program bayi tabung?”

“Insya Allah, dhokter.”

Dhokter Joko nyerat sedhela, banjur dilebokake amplop. Ngendika, “Punika kula aturi rujukan dhateng dhokter Gin­ting. Keng raka kersoa kapriksa spremani­pun. Dhokter Ginting ahli bayi tabung,” amplop diparingake aku.

Aku ngaturake panuwun, banjur metu. Amplop daktuduhake sisihanku. Disa­wang sakeplasan. Banjur wong loro mulih.

Aku prasaja apa anane. Dheweke ora mangsuli. Lan nganti seminggu amplop iku tetep sumeleh ana meja kamarku. Ora diuthik babar pisan.

Wusana wengi iki, nalika bocah-bocah padha anteng ing ngarep tivi sawise sinau, aku nyekel amplop saka dhokter Joko iku.

“Panjenengan ora nyang dhokter Gin­ting?” pitakonku.

Dheweke nyawang aku, unjal ambeg­an gedhe. Swarane alon :

“Wis, ora susah ngena-ngene, ya?”

Aku manthuk. Aku wis ngira. Alon aku dirangkul. Rambutku diusap alus.

“Ora gela?” pitakone ing kupingku.

“Ora”, aku mbales ngrangkul.” Kita wis duwe momongan loro kang ayu-ayu…”

Ukaraku kandheg. Dumadakan bae mri­patku teles. Kaya nalika temanten anyar ndhisik, mripatku teles. Katresnan kang wiwit semi nalika iku, mbingarake penggalihe bapak lan ibuku. Lan saiki, katresnan kang ngrembuyung ing atiku muga-muga bisa nguwatake bale somah­ku, nguwatake atine sisihanku, mecaki dina-dina kang lumaku. Jer manungsa mung saderma nglakoni, dumadi utawa orane, Gusti Allah kang nemtokake. Aku yakin lan percaya, Panjenengane ora tau sare, pirsa sakabehane.

Alon rangkulane diudhari. Weruh mripatku kang teles, diusapi karo ngo­mong, “Lho, kok nangis. Ayo saiki nonton tivi bareng momongan sing ayu-ayu”.

Aku mesem saiki. Dakaras pipine kang wis wiwit kisut sadurunge metu saka kamar. Dakaras kanthi sakehing rasa.***

(cuthel)

Komentar
  1. Sri rahayu mengatakan:

    critane apik amarga pada karo urip bebrayanku,aku uga guru.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s