Tresnaku Ora Mung Janji


Sejatine aaku paling ora seneng kuliyah ing dina Setu. Apa maneh mata kuliyahe mbaleni merga semesther kepungkur durung lulus. Tam­bah nyebelake maneh yen ketemu dhosen sing paling killer…. wah dadi boring, jenuh, ngantuk campur isin merga dadi sakelas karo mahasiswa semsether ngisorku. Sejatine aku pengin kuliyah ing Jurusan Politik nanging dening almarhum bapak ora kepareng. Bapak ngersakake aku kuliyah ing Jurusan Pendidikan Bahasa Indonesia. Wiwitan kuliyah rada sebel nanging suwe-suwe dadi seneng lan tambah mongkog merga nyawijine Jurusan Basa Jawa dadi Jurusan Pendi­dikan Bahasa, Sastra Indonesia dan Daerah. Sanajan sok-sok diece dening jurusan liyane nanging aku sakanca kudu bisa mbuktekake yen Jurusan PBSID ora kalah unggul.

Anggonku kuliyah rada nglokro nalika ditinggal seda bapak. Nanging ibu malah duka lan muwun. Adhuh, aku paling ora kuwat ngrungokake yen ibu lagi muwun. Sejatine aku mesakake ibu anggone ngragadi wong loro aku karo adhiku sing kuliyah bareng.

“Pri, Pensiune bapak lan gajine ibu Insya Allah isih cukup yen mung kanggo ngragadi kuliyahmu karo adhimu!” ngendikane ibu karo rada muwun.

“Inggih, kula ndherek kersanipun ibu,” sumaurku lirih.

“Kowe kudu ngerti, bapakmu biyen pengin kowe dadi guru sing bisa digugu lan ditiru, aja mbok gelakake almarhum bapak ya ngger!”

“Inggih Bu”.

Jam telu kuliyah Basa Sanksekerta rampung. Sejatine aku pengin enggal bali. Ibu wis ngendika yen dina iki adhiku Dani arep menyang omahe mbakyuku Annisa ing Jogja. Dadine ibu neng dalem dhewekan. Nanging mau esuk Pak Dar­yanto pembimbing skripsiku ngendika yen sore iki bubar kuliyah aku didhawuhi ora mulih dhisik. Perasaanku dina Kemis wingi wis bubar konsultasi Bab V lan minggu ngarep aku didhawuhi ujian. Ana wigati apa maneh ya? Durung rampung anggon­ku nebak-nebak swarane Pak Daryanto keprungu saka njero kantor Dosen.

“Pri, mlebuwa kene!”

“Inggih Pak”.

Amarga tak anggep kaya dene bapak­ku dhewe lan saben dina mlebu metu ruwangane Pak Daryanto, dadi wis ora ana rasa rikuh pakewuh langsung mlebu ngono wae. Wah rada dheg atiku sebab ing ruwangan iku jebule wis ana piyayi putri sing pinarak. Pakulitane kuning nemu giring, irunge, mripate, awake, wah pancen sempurna tenan. Katone dudu sembarang wanita. Pejabat, dhok­ter, garwane pejabat…. ah mbuh, batinku penasaran.

“Hey Pri!…. aja ngadeg kaya reca gladhag wae. Kene lungguh….!” swarane pak Dar mbubarake lamunanku.

“O…. nggih pak…” ucapku karo lung­guh ing kursi sisihe wanita sing tak anggep sampurna iki.

“Pri, langsung wae ya, kowe tak celuk mrene iki jalaran ana wigati”, ngendikane Pak Dar katon serius karo nawani rokok filter marang aku. Wis ora aneh aku di­paringi rokok karo Pak Daryanto. Padha “ahli hisap”, ngendikane wektu ketemu pisanan ing kantin kampus.

“Wonten wigatos punapa kok kados wigatos sanget, perkawis ujian skripsi kula nggih?” pitakonku karo nyedot rokok sing diparingake mau.

“Ngene, sadurunge aku ngomong akeh, tepungke dhisik, iki Bu Heni maha­siswaku transfer ing kampus ngisor”.

Dosen lan mahasiswa ing kampusku yen nyebut sawijining universitas swasta ing bidhange padha karo kampusku kanthi sebutan kampus ngisor, amarga kam­pusku ing ndhuwur gunung lan sing swasta ana ngisor. Rata-rata para dhosen­ku uga mulang ing universitas swasta ka­sebut.

“Tepungake dhik Pri, aku Heni maha­siswane Pak Daryanto ing kampus ngisor,” wanita mau miwiti tetepungan karo ngu­lungake tangane ngejak salaman. Wadhuh tenan ta, jan sampurna tenan wanita iki. Swarane uga enak dirungokake.

“Kula Samhudi Priyambodo, Pri ngaten kemawon menawi nimbali kula.

Lajeng kersanipun napa bu?” semaur­ku karo nyalami tangane wanita mau.

“Pri, minggu ngarep kowe wis ujian skripsi ta?”

“Inggih, kersanipun?”

“Ngene dhik Pri, aku arep nyuwun tulung sliramu”, ngendika Bu Heni karo ngetokake stopmap saka tase.

“Iya Pri, sejatine Bu Heni iki uga lagi arep nggarap skripsi sing njupuk tema padha karo kowe”.

“Aku arep nyuwun tulung kira-kira slira­mu bisa ngewangi aku nggarap skripsiku ora?” celathune bu Heni karo menehakei isi stopmap marang aku.

“Wah, kula napa saged?”

“Ora nggawekake Pri, ning ngrewangi. Ya mesthi ana gantine, piye?” ngendikane pak Daryanto karo tata-tata buku katone arep kondur.

“Nggih, kula pikir-pikir rumiyin nggih Bu?”

“Ya dhik, kira-kira isa orane aku di­kabari ya?”

“Inggih, kinten-kinten mangke bubar ujian skripsi kula kabari”.

“Aku wenehana nomer telpunmu,” bu Heni mungkasi obrolan sore iku.

Hey Pri aja ngadeg kaya reca gladhag wae, kene lungguh, swarane pak Dar mbubarake lamunanku

Dina Senen jam setengah papat swara telpun mecah sepining omah sing isine mung aku karo ibu. Ibu sing lagi mriksani TV langsung jumeneng ngangkat telpun. Pancen yen lagi dolanan komputer aku wis lali apa-apa, apamaneh mung saperlu ngangkat telpun.

“Pri, kanggo kowe saka Heni,” ngendi­ka­ne ibu karo ngulungake telpun.

“Nggih, matur nuwun. Hallo, bu Heni nggih?”

“Iya dhik, aku nunggu jawabanmu, isa ora?”

“Insya Allah, mangke kula cobi. Bibar revisi nggih?”

“Ya mesthi ta dhik, rampungna dhisik skripsimu.”

“Insya Allah, wulan ngajeng mangke kula telpun panjenengan.”

“Iya dhik tak tunggu, ora usah kuwatir masalah gantine alias honore he…he… he….”, ngendikane bu Heni karo rada ngejak guyon.

“Masalah niku kula ndherek, ingkang baken kula saged.”

Ujian skripsi lan revisi-revisine wis rampung. Aku langsung ndhaftar wisudha kanggo wulan September iki. Lega rasa­ne, ibu uga wis lega penggalihe amarga putrane wis rampung anggone kuliyah. Sejatine ora pengin nelpun Bu Heni dhisik jalaran pengin ngleremake pikir. Minggu esuk iki rasane balung kaya dilolosi, amarga jurusanku uga nganakake per­pisah­an nganti wengi. Swara telpun mecah sepining omah. Ibu sing ngasta ing kantor pemerintah wis tindak mau esuk dene adhiku kuliyah esuk, dadi aku dhewekan neng ngomah. Rasane aras-arasen ngangkat telpun nanging gelem ora gelem kudu dak angkat.

“Hallo, sinten nggih?” pitakonku kanthi aras-arasen.

“Aku Heni dhik Pri.”

“Inggih, pripun bu?”

“Selamat ya dhik wis wisudha, kapan syukurane?” semaure bu Heni sinambi guyon.

“Nggih, matur nuwun, kapan-kapan nggih bu, dereng wonten arta.”

“Piye dhik pesenanku, njur miwiti kapan?”

“Senin nggih bu, mangke kepanggih wonten kampus mawon.”

“Tenan ya dhik, jam pira?”

“Nggih, setengah sanga nggih.”

***

Wis rong sasi iki aku ngrewangi Bu Heni. Suwe-suwe dak rasakake ana sing ora beres karo Bu Heni. Sering telpun, methuk ngajak mlaku-mlaku lan mangan ing cafe. Suwe-suwe aku ngerti sapa se­jatine bu Heni. Dheweke jebul wanita karier minangka direktur sawijining pe­ner­bitan ing kutha kang gedhe iki. Per­usahaan percetakan iku duweke garwane sing wis seda amarga gerah jantung. Putrane siji lanang lagi umur 5 taun, se­kolah ing TK. Amarga wis akrab dheweke ora gelem diceluk bu. Umure pada karo umure mbakyuku 29 taun, mula aku tetep nyeluk mbak.

Malem Senin iki aku kepeksa nglem­bur nganti rada wengi ing omahe mbak Heni sing gedhe kaya ing sinetron. Aku kepeksa ngapusi ibu yen arep turu ning kampus kaya biyen nalika isih aktif dadi pengurus HIMA. Mbak Heni mulih kantor gasik ora kaya adat saben, bakda Maghrib nembe tekan ngomah, terus aku pamitan mulih. Nanging dina iki ora, aku ora kena bali jare kudu rampung bengi iki. Sesuk arep konsultasi bab IV sing pungkasan. Ya wis ora ana rasa cubriya apa-apa. Panga­nan, jajanan, teh anget lan minum­an sing kanggo macu stamina uga ana, kari milih. Suwe-suwe aku cubriya, anggon­ku ngetik ing ruwang tengah di­dhawuhi pindah ing ruwang kerja priba­dine. Alesane jare yen ngantuk wis ana kasure. Aku trima manut ora kakehan protes. Mripat rasane wis kari limang watt, pengin turu dhisik nanging anggonku ngetik wis kari sithik… nanggung batinku. Rokok filter dak sumed lan nyeruput teh anget kanggo ngilangi ngantuk. Se­tengahe ngeluk geger, saiba kagetku nalika ana tangan alus nyekel pundakku.

“Ngantuk dhik?” swara alus keprungu ing kupingku. Tanpa mengo aku ngerti yen swara iki swarane mbak Heni. Aku saderma manthuk karo nyoba ngeculake tangane sing neng pundakku.

“Ora papa dhik, dak pijeti,” swara iki tambah dicedhake ing kupingku. Akhire aku muter awakku dadi adu arep karo dhe­weke. Wah jan sempurna tenan wanita iki. Nganggo daster putih tipis lan rambut dawane dikuncir mendhuwur. Akhire tangan alus duweke wanita kang dak anggep sempurna iku dak cekel.

***

Selasa esuk iki bubar adus aku lang­sung ngeterake Heni menyang kampus. Apa kang dak lakoni mau bengi karo Heni minangka bukti katresnan kang bakal ora bisa dak lalekake. Sejatine aku wis nerak janji sing nate dak ucapake marang ibuku. “Nyuwun pangapunten bu, kula sampun mblenjani kapitadosan panjenengan.”

Nanging aku bakal mbales katresnan kang wis diwenehake Heni. Sanajan wis nyam­but gawe kanthi gaji lan lumayan minangka staf ing perusahaan percetakan duweke Heni, nanging aku durung wani nepungake dheweke marang Ibu. Aku janji yen dheweke bubar wisudha aku bakal matur Ibu. Heni manthuk. Dheweke ngaras pipiku karo mesem kebak katres­nan. (Cuthel)

Diambil dari http://www.panjebarsemangat.co.id/, Pada 26 Desember 2011, pukul. 04:13

Komentar
  1. Christelle mengatakan:

    Thank you for your help…🙂

  2. nasta mengatakan:

    unsur esktrinsik dalam cerkak itu apa saja?

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s