Wong Lanang Piye…?


Wong Lanang Piye…?

Rasa kuwatirku mung siji samangsa ana tamu. Aja-aja tamuku mau banjur kepengin menyang mburi aliyas be­bu­wang! Embuh pipis apa ek-ek. Wis bola-bali anggonku njaluk Mas Hadi supaya jedhing lan WC mburi kae enggal diwenehi payon. Wong sisa kayu lan pring tilas gawe omah kae ya isih. Mes­-thine kena kanggo empyak setangkep. Mas Hadi panggah semaya sesuk-sesuk.

Aku nganti isin yen dilokne kancaku jare gawe omah magrong-magrong ae isa, yagene gawe jedhing WC wae ora genep. Kurang empyak, mung tembok ngothak. Yen udan ya kudanan, semono uga yen panas ya kepanasen. Ana maneh kancaku sing alok, jare apa ora eman kulitku sing mrusuh iki yen nganti nalika adus terus kudanan. Utawa yen wayah awan mlebu jedhing terus kepanasen. Ora ngecap pancen kulit lan rupaku, jare kanca lan tanggaku, klebu lumayan. Ora usah dipadhakake artis sinetron, nanging yen diajak nekani resepsi utawa kelompok padhuan suwara wae pantes disawang. Embuh, kok Mas Giarno guru, kae malah tau muni nek jare gelem aweh biji kanggo awak lan rupaku kuwi pitu setengah! Kanggoku biji semono kuwi mesthine ya kurang, awit Mas Hadi yen ngelem aku kecerit arit. Paling ora ya sanga! Mbak Narsih neng arisan PKK ya ngelem aku, jare kaya artis India! GR tenan aku!

Jedhing WC kuwi anggone gawe pancen sarwa kesusu. Mung tambel butuh. Saupama kala semana Mas Hadi ora kapatah minangka wakile kabupaten melu lomba guru teladan tingkat propinsi ngono durung karuwan nek nganti saiki wis duwe WC. Mula ya saanane dhisik. Kuwi biyen. Bareng wis limang taun mosok panggah sauntara wae! Kapan batese tembung sauntara kuwi?

“Sabar sik ta, Bu,” tembung kuwi sing ajeg diwenehake Mas Hadi nyang aku yen taktagih bab jedhing lan WC kuwi.

“Huh, kok mung sobar-sabar wae. Sabar ki ya ana watese, Mas,” semantaku sengol. Wis jeleh. Mosok wong mung dikon sabar wae.

“Wong sabar iku kekasihe Allah. Wis ta, nek wis ana rejeki rak iya rampung ta, Bu.”

“Gombal, gombal!” suwaraku rada banter karo nglungani Mas Hadi sing isih lungguh neng kursi ngarep.

Sejatine aku rumangsa getun karo lageyanku sing sok sengal-sengol kuwi. Nanging sapa wonge ra isin yen ngelingi kahanan sing kaya ngono kuwi. Saben-saben menyang jedhing yen wayah udan ndadak payungan. Apa iya umum wong arep adus kok tangane nyekel garan payung! Arep ndhodhok neng WC iya nyekethem nyekel garan payung. Kamangka keperluan siji kuwi jian blas ora kena disadoni. Ora kena diempet-empet! Ora ngenal wayah udan apa panas.

“Karuwan neng kali wae, Jeng Tari, tinimbang neng njedhing ra ana payone ngono kuwi.” sarane Mbak Susi nalika meruhi jedhingku kuwi.

“Lha iya ta Mbak, pancen bapake cah-cah kuwi ta sing ora duwe isin.”

“Wong lanang pancen menange dhewe. Kanggone wong lanang adus byar-byur ngono wae. Ora ndadak iki piya, iki piye. Klambi iki disampirne ngendi, wong lanang ra reken. Beda karo awake dhewe. Risih, ndeleng ngono kuwi!” Mbak Susi menehi gambaran sing sanyatane.

Nyatane pancen ya ngono. Mas Hadi kepenak wae saka njero ngomah mara nyang njedhing mung kathokan cendhak. Yen udan kudhungan andhuk. Yen wayah panas andhuke disampirke gulu. Bareng aku? Apa iya kudu ote-ote kalungan andhuk kaya dheweke? Bebetan kaya adus neng belik utawa neng kali kae? Huh, sori ae jo!

Saupama Mas Hadi kuwi ora kemlinthi lan sok gengsi, jedhing lan WC kuwi wis rampung. Lha, witikna piye, nalika wiwit gawe pondhasi kae Ibuku wis nawani glugu kanggo blandar lan usuk, mung kari tuku kayu reng wae Mas Hadi ora gelem.

“Nek gelem kayu sengon laut, ya kae sing ndlujur ngidul kae kethoken! Digrajekne somile Kang Jaelani. Dirajang rak wis kena kanggo reng ta, Had!”  pangakone Ibu dhek abene.

“Nggih. Sanes wekdal mawon, Bu.”

“Sanes wekdal kuwi kapan? Mumpung wayah terang ngene iki enggal ditandangi. Suk nek wis wayah udan, malah repot.”

“Nggih, nek kula empun prei, Bu. Saniki taksih repot.”

“Tandang gawe kuwi rak ora ndadak ngenteni senggangmu ta, Nak Adi. Sing nandangi rak iya tukangmu. Kang Maryono karo Kang Glowoh,” Bapak melu-melu krenah.

“Nggih, leres niku, Pak. Nanging, tukang niku rak kedah manut sing mrentah. Lek kula mboten enten, terus sing ngatur sinten? Napa tukang-tukang niku saget nyocogi karep kula.”

“Anggere sadurunge wis kokkandhani rak akeh benere,”  Bapak wegah kalah.

“Halah, nggih dereng kantenan!”

Taksawang bapak lan ibu mung sawang sinawang. Kurang rena penggalihe.

Jejere wong tuwa, yen udreg-udregan malah kurang prayoga. Bapak lan ibu terus pilih meneng. Kok rebut balung tanpa isi. Arepe kaya ngapa, Bapak lan Ibu kuwi bakale kelangan kayu, kok ngeyel ae. Mas Hadi dhewe mbegadul karepe. Cekak nalare. Wis ditawani kayu kok kurang trima. Anggepe bisa tuku dhewe. Emoh diwenehi wong liya! Dienteni tukune nyatane ora kuwat tuku!

“Mbok gawe mareme ati bapak-ibu ta, Mas. Diiyani ae, gek ndang dipasang kareben jedhinge brukut. Mesakne bocah-bocah nek kudanan,”  panjurung­ku sawise meh rong sasi saka eguh pratikele wongtuwaku kae.

“Marem apane? Dhik, aku jik rosa. Jik isa golek dhewe!”

“Nyatane?”

“Modhel omahe dhewe iki ora pantes nek jedhinge dipayoni glugu!.”

“Ora pantes apane? Nyatane endi usaha sampeyan sing pantes?”

“Iya, takakoni pancen durung kabeh kabutuhan ngomah takcukupi. Nanging, saora-orane rak wis usaha.”

Krasa yen dipandeng dadi tontonan gratis aku bengok-bengok njaluk tulung. Wong-wong padha marani panggonanku. Astaga! Aku durung klamben.

 

“Usaha sing piye maneh? Wis pirang sasi jedhing lan WC kae ngangkrag? Ngenteni pirang sasi engkas?” Aku wegah kalah. Aku kepengin nyuntak panguneg-unegku. Mbelani pratikele wongtuwaku sing krenah apik. Nanging malah disepelekake Mas Hadi. “Lek wis mangsa rendheng teka maneh terus kabeh njedhindhil? Apa ngenteni sumbangane sedulur sampeyan? Ngenteni mundhake gaji guru? Kapan kuwi? Kapan?”

“Cukup, Dhik!” Mas Hadi wiwit kesenggol ati lanange. “Ora usah nggepok senggol kulawargaku sing adoh saka kene!”

“Lha, ngenteni apa? Ngenteni cebloke dhuwit saka langit?” suwaraku tansaya njengek. “Utang neng bank eneh? Iya? Bank endi sing gelem nyilihi dhuwit sitheng? Dienggo jonggol apa maneh? Sertifikate sapa? BPKB-ne sapa maneh? Huh!” Aku pegel tenan. Karo ngalih aku isih gembreneng, “Pira ragade jedhing sacupleg ae? Lek raisa golek, aku tak sing nyambutgawe!”

Padudon pancen ora bisa diselaki. Mumpung bocah-bocah padha les neng sekolahan. Mung kari wong loro, aku lan dheweke. Pancen wis suwi anggonku kepengin njarag nesune. Biyen, sadurunge nikahan aku wis nyambut gawe neng asuransi. Asilku lumayan kanggo kebutuhanku lan mbiyantu sekolahe adhik-adhiku. Nganti duwe anak siji, Siswati,  aku isih nyambut gawe neng perusahaan swasta kuwi. Bisa ngrewangi nyukupi kebutuhane kulawarga. Ora ketang kena kanggo tuku bumbon lan lawuh saben dina. Embuh, setan saka ngendi sawise anggonku nglairake Lastri, anak nomer loro, ujug-ujug dikon leren nyambut gawe. Jare ngeman ragaku. Mesakake bocah-bocah sing isih cilik. Padha mbutuhake perhatian sing cukup.

Nalika semana pancen bener alasane ngeman ragaku. Minangka pemasaran, aku kudu golek lan ngubungi nasabah sing omahe adoh-adoh. Aku mung numpak sepedha motor. Mangkat esuk jam setengah wolu, bali wis jam setengah lima. Malah sok-sok ya nglembur barang nganti bar Maghrib lagi tekan ngomah. Apa maneh wektu kuwi kahanane awakku durung sehat tenan. Bubar nglairake si Lastri kuwi. Janjine biyen nek Lastri wis kelas telu SD aku diolehi nyambut gawe maneh. Aku ngalah, prei. Ngopeni bocah loro lan theg-kliwere ngomah. Ora ndadak ngajak batur. Srawungku mung karo tangga teparo. Arang kadhing melu arisan dasa wisma lan kegiyatan PKK neng bale desa. Sesasi sepisan nekani arisan darma wanita neng kantore Mas Hadi. Bisaku guyon lan marem iya yen kumpul kanca-kanca ngono kuwi. Gorehing atiku rasane bisa kaslimur.

Saiki Lastri wis kelas papat, niyatku nyambut gawe maneh panggah dipenging wae. Kadhang aku nggraita, apa iya Mas Hadi duwe rasa kuwatir nek aku tumindak rena-rena. Rasa sujanane tansaya ketok. Malah nek ana tamu kancane Mas Hadi, aku manggakake teh wae wis dilirik. Kamangka aku ora melu njagongi. Mung salaman lan bage-binage thok!

Nek dietung, sejatine gajine Mas Hadi minangka guru SMP kuwi wis nyukupi saben dina, nanging sawise gawe omah, dhuwite saloke utang saka bank, gajine dipotong kanggo nyicil. Kari nyumprat-nyumprut! Ngrampungake jedhing lan WC wae panggah kaya lagune Koes Plus “Kapan-kapan”!

Nalika arisan darma wanita neng kantore Mas Hadi tanggal lima kae, aku krungu slenthang-slenthing yen Mas Hadi jare arep penataran neng Bogor, Jawa Barat. Tekan ngomah aku ora crita apa-apa nyang Mas Hadi. Wonge kok iya meneng wae. Embuh, apa durung ngerti amarga durung nampa surat tugas apa pancen durung kober ngomong aku. Sajake anggonku ngenteni tembunge Mas Hadi wis patang ndina. Aku thok-ethok ra ngerti. Wis ben wae! Tanpa taren Mas Hadi, nalika wonge nyambutgawe neng kantor, aku nilpun wong tuwaku dhewe sing ana Gandekan, Wonodadi. Kebeneran Ibu piyambak sing nampani.

“Aja guyon lho, Sis! Apa kowe wis taren Mas-mu? Mas-mu isa nesu tenan mengko,” wangsulane Ibu nalika takjarwani karepku.

“Halah, Ibu mboten usah kuwatos. Kula mangke sing nanggung resikone.”

“Aja ngawur! Ora wani aku! Embuh nek bapakmu?”

“Bapak wonten pundi? Empun ta, Bu. Jagung bakarane, tanggung perkarane.”

“Wuih, anggepmu! Bapakmu kae ta, ana mburi. Dicelukne? Tutupen sik, lek ngono!”

Sidane aku petung karo Bapak. Tanpa petungan karo Mas Hadi. Sasuwene meh sesasi iki aku nyuwun glugu lan kayu sengon sing arep diparingke aku kae. Digrajekne pisan. Adhikku landhes, si Susilo, takkon ngukur dawane bakal empyak kuwi. Ora nganti mulihe Mas Hadi saka kantor, adhiku Susilo lan kancane wis mulih nyang Gandekan maneh. Nggawa cathetan ukuran lan cacahe kayu sing dibutuhake.

Karepku, suk yen Mas Hadi wis penataran neng Bandung oleh sedina-rong ndina ngono, kayu mau dipasang kanggo empyake jedhing lan WC. Lha, yen penataran wis rampung, Mas Hadi mulih, ben njondhil. Kaget weruh kahanan sing wis owah kuwi. Suprise! Rancanganku iki sajake oleh dhukungan saka kulawargaku kabeh. Malah wis siyaga gotong royong, kerja bakti supaya enggal rampung.  Malah, Yu Sri,  mbakyuku sing dadi guru neng Nglegok kae arep nyumbang gendheng pres sacukupe! Susilo bakal nyumbang paku. Aku mung nyepakake panganan lan omben. Ora kuwi thok! Simbok meling supaya aku ora usah tuku beras lan kambil. Arep digawakake saka Gandekan bareng karo nggawa kayu.

Mas Hadi sida oleh surat tugas penataran neng Bandung tenan. Jebul angen-angenku mleset. Ora sesasi kaya sing tau takrungu kae. Mung rong minggu. Aku nilpun ngomah Gandekan. Kanggone bapak lan ibu, ora dadi masalah. Rong ndina sadurunge Mas Hadi budhal,  jarene Susilo, kira-kira kayune wis garing. Diterke yen Mas Hadi wis budhal wae. Yen wis tekan ngomahku, bakale disaput solar dicampur lenga tanah. Ben ora dipangan rayap jarene. Aku wis manut apa krenahe kulawargaku. Sethithik akeh atiku nyicil ayem. Jedhing lan WC kuwi bakal ana payone. Kok jare ora pantes dipayoni glugu kuwi sing endi. Yen wis mulih, umpama Mas Hadi ora trima karo empyak kuwi, arep takenggo karo anak-anakku. Wonge ben gawe jedhing lan WC maneh. Ben dienggo ijen!

Ngenteni wektu patang ndina kok rasane kaya setaun. Embuh, aku mung ngarep-arep supaya tanggal 9 enggal teka. Mas Hadi terus  budhal menyang Bandung, Jawa Barat. Panggonan sing adoh kana. Mendahneya mareme yen jedhing lan WC kuwi wis dipayoni. Mesthine rasa adhem, aman, lan dadi asri.

Nganti wektu kurang rong ndina, wayahe jam setengah wolu esuk. Kang Muji, isih sanak sedulure Mas Hadi, menek glugu arep golek klapa. Ndilalah ora adoh saka omahku. watara mung sepuluh meter saka jedhing mau. Aku ngepasi adus, wonge wis tekan ndhuwur. Sajak ora mung nglirik ae, jebul saka papah wit klapa mau wonge nguwaske aku sakatoge. Kuwi wis makaping-kaping. Nganti aku apal. Angger aku  adus, ora let suwe Kang Muji terus clingkrig-clingkrig ngethapel neng glugu. Ethok-ethoke nguwaske ndhuwur nanging jane nglirik awakku sing nglegena!

Krasa yen dipandeng dadi tontonan gratis aku bengok-bengok njaluk tulung. Wong-wong padha marani panggonanku. Astaga! Aku durung klamben. Cekat-ceket aku tapihan andhuk terus mlayu mlebu omah. Embuh, wong-wong sing padha teka mau nguwaske aku apa ora wis blas ora takrewes. Aku neng njero kamar nggetuni anggonku bengok-bengok sing malah gawe wirangku dhewe!

Sorene Mas Hadi nilpun bapak lan ibuku. Embuh nyritakake kewiranganku apa rembug liyane. Kanggo tamba wirangku, Mas Hadi sing dadi sasaran nesuku.

“Sesuk esuk jedhing lan WC kuwi kudu wis dipayoni. Embuh carane! Lek ora, aku mulih neng Gandekan!” kandhaku karo nyuding irunge sing munthes kuwi.

Taknesoni lan takancam kaya ngono wonge mung cengar-cengir. Wong lanang piye ngene iki?

Triwida, 2011

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s