Pitik Nyalawadi


Pitik Nyalawadi

Wonogiri  1995. Wayahe ngancik jam 1 bengi. Gerimis sing neba wiwit sore ora ana mandhege. Neng awak krasa atis, na­nging ora nyuda semangate warga dhu­sun Jatirejo sing nonton wayang. Hibu­ran bengi bangsane wayang ngene iki pancen dadi kesenengane warga. Ora preduli udan dilakoni. Lanang, wadon apadene bocah ora ketinggalan. Nalika iku ana salah sijining warga kang nang­gap wayang kanggo syukuran sunatane anake.

Aku sing ora pati minat milih njing­krung ana njero mobil cikrakku. Penake mono njingkrung neng ngomah wae. Ning ora adil nek bocah-bocahku sing lagi ubet nunggu lan ngenteni bubare aca­ra kuwi tak tinggal. Amarga sound sys­tem sing kanggo wayangan iku duwekku lan posisiku saiki dadi sopire, alias nyopiri dhewe. Diman sing biyasane nyekel pagaweyan iki, wingi pamit mulih niliki desane sing rong taun kepungkur ditinggal. Ora maido yen wis kangen anak bojo.

Rembulan mangsa rendheng ora tau katon. Swasana peteng ndhedhet. Mung lampu-lampune sing nanggap wayang wae kang kencar-kencar. Kewan-kewan wengi padha nyuwara klesak-klesik, gawe tentreming ati. Nganti ora krasa yen aku keturon.

“Mas njenengan tangi, Mas,” ana ta­ngan kang nggoyag-hoyag lengenku kan­thi alus.

Aku kaget, panyawangku rung katon cetha. Nanging suwe-suwe ketara yen sing nggugah mau Karta, salah sijining anak buahku.

“Apa wis rampung ta Kar?” pitakonku karo nguceg-uceg mripat.

“Sampun Mas nembe kemawon, se­da­ya prabotan pun jangkep lan sampun ditata nggen mobil. Kardi kaliyan Supri wangsul ngrumiyini, kantun kula kalih penjenengan,” kandhane bocah enom kuwi.

“Ya wis gek mlebuwa kene, selak ngan­tuk.”

Dalan sing tak liwati dadi peteng ndhe­dhet maneh. Anggonku turu luma­yan suwe tur kepati. Nyatane bocah-bo­cahku nganti rampung olehe ringkes-ringkes tanpa tak ngerteni. Lapangan wis sepi, wong-wong sing mau padha uyel-uyelan mung kari siji loro mlaku mulih nyang omahe dhewe-dhewe. So­rot lampu mobilku sing nuntun anggonku nglakoke setir tumuju omah.

Pancen lumayan adoh jarak omahku karo desa sing bar tak tekani. Dalan sing tak liwati isine bulak-bulak lan sawah. Upa­ma ora ana kancane aku trima mulih sesuk esuk. Amarga aku kagolong wong kang jirihan. Karto sing pancen kekeselen anggone melek, wis tumuju alam ngimpi kanthi semendhe neng jok mobil.

Setengah jam engkas kendharaan sing tak pancal iki bakal ngliwati tapel wa­tes antarane desa Jatirejo karo desa­ku Jatisari. Tapel watese arupa buk ge­dhe lan dawa. Olehku mlaku ora banter ya ora alon, tegese sedhengan. Arepa da­lane sepi lan blas ora simpangan karo kendharaan liya nanging pantangan yen liwat buk kuwi karo ngebut. Mula ya manut kandhane uwong-uwong wae.

Lagi arep ngliwati kreteg, ujug-ujug mripatku weruh sawijining kewan ana tengah dalan. Mobil tak rem lan mandheg 100 meter saka pang­gonane kewan mau. Bareng tak ma­take cetha yen ke­wan ku­wi awujud pitik putih kang gedhene sak jago bangkok Jawa. Batinku, kok neng dalan sepi kaya nge­ne ana pitik nong­krong. Omahe pen­dhu­dhuk isih sekilo saka panggonanku mandheg. Pikirku, paling pitik iki mau digacar luwak, na­nging lolos banjur mblasuk menyang dalan kene. Anehe kena sorot lampu mobil kok ya mung dhelog-dhelog? Apa rabun? Aku banjur nggugah Karto sing isih kepenak anggone turu.

“Wonten napa Mas, pun dugi ta?” pitakone gragaban.

“Galo tamatna Kar, ana pitik nyasar. Yen kowe gelem njupuk lak lumayan kanggo oleh-oleh Mbokmu neng omah.”

“Parak enjang ngoten kok nggih pun keluyuran saking kandang to Mas? Ajrih kula Mas, dilangsung mawon ngga,? pangajake Karto.

Aku manut wae. Mobilku tak lakokne ngliwati kewan mau. Diliwati kok ya ora nggiwar, tetep mbegegeg meneng neng nggon. Githokku dadi mrinding. Sebab tak sawang saka kaca spion pitik mau malih wujud dadi wanita dhuwur ngang­go sandhangan sarwa putih.

Hiiiiiiiiiiii, gas tak genjot. Ora peduli mlaku pira baku bisa cepet-cepet oncad saka papan iku. Lambeku ndremimil maca ayat-ayat suci Al Qur’an sing tak isani.

“Lak nggih ta Mas, untung mawon mboten kepancing,” kandhane Karto bareng lakune mobil wis adoh saka buk.

“Hiya, coba sida dijupuk, terus pitike malih wujud dadi memedi neng njero mo­bil iki,” semaurku karo isih rada ndre­dheg.

“Ning setane ayu nggih Mas,” Karto glunyangan.

“Huss, arepa ayu ning nek dhemit sapa sing gelem?”

Lakune mobilku wis bali normal. Se­dhela engkas tekan ngomah. Karto njaluk mudhun sisan neng panggonanku. jarak omahe Karto cedhak karo omahku, wong ya dadi sak RT. Mbok wedok mbukak la­wang sawise Karto pamit merga tak se­mayani mbongkare momotan sesuk sisan.

“Kok nganti yahmene timen ta Pak?” pitakone sisihanku

“Lha rampunge pancen ya bengi Bune.”

Aku wis ra kober crita, merga ngan­tuke pol-polan. Bablas turu ben sesuk isa tangi gasik. Wayah nuduhake jam setengah telu. Olehku turu sajake kaya disirep, angler tenan.

***

ADZAN Subuh keprungu saka mesjid cedhak prapatan. Aku tangi nindakake ke­wajiban, njur bali turu meneh merga awak krasa kesel. Tangi-tangi digugah Mbok Wedok dikon sarapan. Dhasar weteng luwe apa eneke tak sikat nganti tandhas. Anak-anakku wis padha budhal sekolah.

Jam 9 anak buwahku padha teka, kle­bu Karto. Langsung mbongkari momotan sound system kang durung kaleksanan mau bengi. Ujug-ujug Karto celathu.

“Wah wau dalu niku jebule sing nunggu buk Mas,”

“Pa iya Kar, oleh­mu weruh saka sa­pa?” pitakonku karo melu iwut ngudhun­ake salon.

“Wau dalu kula crita dhateng simbah. Kula kalih penjeneng­an termasuke untung Mas, wewujudan kang ditemoni mbo­ten nge­girisi. Riyin nate won­ten tiyang kondur ja­gong, bon­cengan ti­yang kalih, lha nggih ditemoni pitik kados wau dalu. Dhateng ti­yang se­tunggale dipun pen­dhet. Lha bareng mlampah watara 300 meteran pitike ma­bur-mabur lan malih wujud pocong kang raine growong Mas. Tiyang kekalih meni­ka langsung mawon se­maput ngenggon. Esuk­e dipanggihne tiyang ngarit tesih ngglethak teng ngisor uwit, terus digotong teng omahe pen­dhu­dhuk sing cedhak mriku.”

“Kok ya enek-enek wae ta Kar. Nek kang­goku ya ora untung Kar, tetep wae neng ati wedi lan dheg-dhegan merga sak­jege urip ya lagi iki diweruhi le­lembut.”

“Ning lak ayu ta Mas?” ukarane mau bengi dibaleni maneh.

“Wooo … dhasar bocah enom. Ya wis jaken kenalan kana gek ndang dirabi.”

Gerrrrr …. anak buwahku padha nggu­yu cekakakan. Atiku nyicil ayem merga diweruhi pisan wae, dhemite ora nganggu kaya sing sakdurunge dialami wong sing dicritakake Karto.

Kagem para maos, ati-ati wae yen wa­yah wengi ditemoni pitik putih. dicek rumi­yin pitik tenan napa daden-daden. Hihihihi. (Cuthel)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s