Ruang Kuliah kang Nyalawadi


Ruang Kuliah kang Nyalawadi

Taun 1991 anakku lulus saka SMA Negeri Lasem. Rekane mono ya kepengin melu-melu seleksi  SPMB (Seleksi Penerimaan Mahasiswa Baru) ing perguruan tinggi negri favorit. Ning sing ndhaptar akeh banget, cacahe nganti atusan ewon. Kamangka sing ditampa mung watara ewon wae. Anakku klebu sing ora ketampa, mula  gelem ora ge­lem kudu golek perguruan tinggi swasta. Lan sing dipilih anakku Universitas Mu­hammadiyah Malang (UMM) Jawa Timur.

Nalika samana kuliyahe isih ing Kam­pus II. Lagi oleh setaun banjur dipindhah menyang Kampus III sing gedhe lan jem­bar banget. Kampus anyar kuwi ngeng­goni lahan sing ujaring kandha wingit tur angker. Mula ing kampus mau asring ana kedadeyan sing terkadhang ora tinemu nalar utawa nganeh-anehi. U­pa­mane ana swara tanpa rupa, mambu kemenyan, ganda kembang lan liya-liya­ne. Tumrap mahasiswa anyar tur jirih, menyang ngendi-endi mesthi ngajak rowang.

Sawijining dina dumadi umyeg anta­rane dhosen lan mahasiswa. Sing direm­bug bab keanehan ing salah sijining ruwangan. Sebab nalika arep digunak­ake kanggo proses perkuliyahan lha kok bangku lan mejane ruwangan mau pa­ting slengkrah, pating jempalik lan ko­car-kacir. Dadi kepeksa mahasiswane ba­reng-bareng nata bangku dhisik sadu­runge miwiti kuliyah.

Kedadeyan kaya ngono mau ora mung pisan pindho saengga ndadekakke judhege para dhosen lan mahasiswa. Mula  kabeh banjur bebarengen nglarah apa kang dadi penyebabe. Anakku kalebu sing entuk tugas iki. Sawise sawetara wektu nganakake panylidhikan, wekas­ane entuk dudutan menawa uger lampu­ne ruwangan iku diuripi bangku-bang­kune ajeg kocar-kacir. Suwalike yen lam­pune dipateni bangku-bangkune tetep tumata.

Sawise mangerteni penyebabe, anak­ku sarta kancane sing kendel-kendel kepengin mbuktekake sapa sing wani gawe ontran-ontran kuwi. Wusanane pa­dha mupakat yen malem Jemuwah wanci tengah wengi arep ndeleng kahanan ing ruwangan kasebut. Ing dina kang wis ditemtokake anakku sakanca amping-amping ana pinggire lawang ruwangan kuliyah kasebut. Lampune sengaja ditog­ake murup. Bareng diinceng pranyata neng njero ruwangan iku ana saweneh­ing piyayi lanang kang lagi lungguh  kursi dhosen sinambi ma­ca koran. Korane dibeber amba sa­eng­ga  raine pa­wo­ng­an iku ketutupan.

Kanthi tekad kang gilig bocah-bocah nothok la­wang : “Thok, thok, thok, ……….”

“Sapa kuwi?” pi­ta­kone pawongan iku tanpa ngelih ko­ran sing diwaca.

“Kula mahasiswa ngriki Pak,” anakku mangsuli tatag.

“Mlebuwa, la­wang­e ora tak kan­cing.”

Semu wedi anak­ku dalah kancane loro mlebu ruwang­an.

“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyu­wun pirsa,” kandhane anakku.

“Masalah apa?”

“Panjenengan menika sinten lan da­lemipun pundi, kok tengah dalu kados ngaten dereng kundur?”

“ Ooooo………kuwi ta. Ngene yen kowe kepengin ngerti sapa sejatine aku bakal dak dunungake utawa dak genah­ake,” wong mau meneng sedhela. Sa­wise unjal ambegan landhung banjur mbacutake omongane. ”Jenengku  Danu Semeru. Aku duwe sedulur lanang  je­nenge Praba Semeru lan sedulur wadon aran Anjani.”

“Lha samenika sedherek penjeneng­an wonten pundi?”

“Manggon neng omahku kene saiki ora bisa jenak awit akeh manungsa sing ngganggu-gawe.”

“Bapak kok ngendika bilih ing ngriki dalem panjenengan larah-larahipun ka­dos pundi?”

“Satemene kawit atusan atus taun kepungkur aku lan para sedulurku mang­gon ana kene. Wis rumangsa krasan lan tentrem. Nanging krana jaile para manungsa omahku di obrak-abrik nganti ajur  ndadekake bingunge atiku lan du­lur-dulurku. Terus arep manggon me­nyang ngendi maneh? Suwe anggonku milang-miling golek papan anyar nganti wusanane aku nemokake ruwangan iki lan dak enggoni gentenan karo dulur-du­lurku. Ewa semono senajan mung ciyut kok ya meksa isih ana manungsa sing gendhak sikara, tansah ngganggu gawe katentremanku. Mula sarehne aku rumangsa keganggu, yen wanci bengi lampu ruwangan iki diuripi aku gawe kisruh. Pamrihku kareben jalma ma­nung­sa padha sadhar lan ora terus-te­rusan ngganggu panggonanku iki.”

“Nuwun sewu, ingkang dipun maksud ngganggu punika kados pundi?”

“Sing tak maksud yakuwi nalika wanci bengi lampu kudu dipateni, amarga aku lan sedulurku kuwi ora seneng yen ruwangan kene padhang.”

“Ngaten nggih Pak, saking pamun­dhut­ipun para dhosen lan panyuwunipun kanca-kanca, panjenengan sakadang kanthi dhanganing panggalih kersaa nilar­aken papan ngriki.”

“Aku lan sedulurku bisa ninggalake papan kene nanging ana sarate yaiku kowe kudu bisa nggolekake papan sing padha rasane karo panggonanku saiki. Awit aku ora kuwagang urip yen ora manggon papan sing rasane persis karo ruwangan iki.”

“Nggih sampun kula sagahi. Namung kersaa ngetingalaken pasuryan panje­neng­an supados kula saged ngertosi kanthi gamblang panjenengan sawetah­ipun.”

“Yen  kepengin nyu­­­murupi raiku aja pa­dha kaget, amarga aku iki beda karo liya­ne.”

Bareng koran sing diwaca diudhun­ake je­bul sirahe pa­wongan iku ora ana alias mung gembung tanpa sirah. Kancane anakku wadon siji merga sa­king wedine sakala njerit lan ba­blas se­ma­put dadi layatan. Sabubare kadeyan ku­wi anakku lan kanca-kancane rembugan golek sra­na kanggo mindhah­ake Danu Se­meru lan sak sedulure me­nyang Gunung Se­me­ru. Anakku banjur golek wong tuwa sing dianggep mumpuni ing babagan ulah ke­ba­tinan mligine kang pinter nying­kirake bangsa lelembut kang manggon ing kam­pus UMM.

Wusanane entuk wong pinter lan nyatane bisa mrantasi gawe ngresiki para lelembut kang nganggu ana ing kampus. Banget panarimane para warga kampus wektu kuwi wiwit saka mahasis­wa, dhosen nganti tekan rektor. Kuliyahe mahasiswa lancar tanpa diganggu gawe kedadeyan sing aneh-aneh.

Kahanan mengkono mau ndadekake bombonging atiku minangka wong tu­wane bocah sing wis tau digodhog pa­tang taun setengah ing UMM lan saiki wis bisa nyambut gawe kanthi mapan.

Ya muga-muga UMM tansah kondhang kaloka awit ing saben taune bisa nglairake sarjana sujana kang limpad ing samuba­rang kawruh kanggo reh raharjaning na­gara.  A m i n.   (Cuthel)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s