Tali Pocong


TALI POCONG

Saploke ditemokake jisime priya umur-umuran 50 taun ing saping­gire dalan kang nyigar bulak desa, kahanan dadi umyeg. Para warga desa, klebu pulisi nduga menawa pawongan ku­­wi kurbane rajapati. Titikane arupa ta­­tu-tatu ing anggane kurban. Ning identitase priya iku durung diweruhi merga ora dite­mokake tandha pengenal babar pisan. Pulisi dadi kerepotan ngla­rah asal-usule kurban, katambahan  prau­pane kurban wis rusak.

Sawise ditunggu limang dina, layon kang dititipake kamar mayit rumah sakit mau tetep durung ana sing ngakoni mi­nangka kulawargane. Kamangka wis dibi­yantu sarana nggiyarake ciri-cirine kurban lumantar radio sarta koran. Mula layone Mister X mau banjur dikubur ing kuburan umum desa kawitan layon mau ditemok­ake. Rong ndina sawise jisime priya mau dikubur, bubar sholat Isya, Gi­man, Surat lan Kromo, warga desa ko­no, ngopi ana warunge Mbah Pujo. Si­nam­bi ngopi, tete­lune ngrembug per­kara jisim kang mentas dikubur mau.

“Terus piye kawusanane mayit sing dikubur dhek emben kae? Apa wis ana warga sing ngakoni yen kuwi kaluwarga­ne ya?“ celathune Surat.

“Ketoke durung, jalaran wingi aku kepethuk Pak Wondo anggota Polsek ngandakake manawa durung ana warga sing lapur kelanggan kaluwargane,“ tem­bunge Giman karo nyedhot rokok kretek klangenane.

“Sing tak gagas dudu masalah kurban kuwi wong endi, ning matine korban kuwi sing dadi pikiranku. Jalaran matine pas dina Anggara Kasih utawa Selasa Kliwon,“ cluluke Kromo gawe bingunge kancane.

“Yen matine nepaki Selasa Kliwon njur maknane piye, Kang?“ pitakone Gi­man durung mudheng karo sing lagi diko­jahake Kromo.

“Miturut kapercayan, tali poconge wong mati ngepasi Selasa Kliwon kuwi bisa di­man­faatake kanggo lambaran golek pe­sugihan,“ jlentrehe Kromo karo ngangkat sikile, jigang ana ing kursi dawa sing dilungguhi.

“Pancen bener omongane Kromo. Ujar­ing kandha sok sapaa sing ndudhah kuburane sarta bisa jupuk tali poconge, tembene ketunggon bandha bandhu. Cekake dipangan pitung turunan ora arep entek,“ Pujo bakul wedang melu nrambul rembug.

Layone priya tanpa identitase mau pan­cen ditemokake warga watara jam enem esuk. Lan adhedhasar papriksane dokter rumah sakit, kurban mati watara limang jam sadurunge. Ateges watara jam siji bengi lan mlebu dina Selasa miturut etungan wektu umum.

Swasana ing warung kopi mau saya rame bareng katekan warga liyane kang kepengin golek anget-angetan awak. Kenthongan gardhu ing cedhak omahe kamituwa Barna dithuthuk kaping rolas. Sing andhok sarta jagongan kari wong loro sawise liyane ndhisiki mulih merga ora betah adhene, kalebu rombongane Giman.

Awane Surat leyeh-leyeh ana sangi­sore wit trembesi sakidule kuburan. Pikir­ane tansah gronjalan sawise krungu crita­ne Giman ngenani tali pocong sing bisa marakake sugih. Apa iya sing dicritakake rowange mau bener? Yen bener, dhe­weke  banjur wiwit mikir  kahanan uripe sing sarwa kecingkrangan.

Bener dheweke ngingu we­dhus cacah sepuluh sing saiki lagi diengon. Nanging dheweke mung saderma ngingu saka nggadhuh we­dhuse Pak Guru Margo, tang­gane. Pak Margo  duwe wedhus cacah atusan, se­nga­ja digadhuhake warga kalebu marang Surat. Kang­go njejegake kendhil, Surat uga nyambi makarya adol bau kaya dene nukang, nguli lan macul ana  sawah. Pa­kar­ya srabutan mau dilakoni betheke amrih bisa kanggo ngingoni bojo sarta anake cacah telu sing isih semega.

“Pak sesuk telat-telate aku mbayar SPP lho, yen nganti kliwat aku ora oleh mlebu,“ celathune anake la­nang mbarep sing lagi man­cik kelas siji SMP.

“Karepe Kang Surat kepiye, apa sampeyan arep nindakake tindak culika colong jupuk umpamane ?!” celathune Surti santak karo mingset ngedohi lungguhe sing lanang.

 

Kuwi durung katambahan anake  no­mer loro sing ngringik njaluk ditukokake tas karo sepatu amarga jarene wis rusak sarta jebol. Durung maneh utangane blan­jan marang wlija sing dhek wingi nagih ma­rang bojone. Ya ora luput yen wlija mau nagih utang awit etungane pancen wis wayahe nyaur. Akehing kebutuhan mau asring njalari Surat  komet. Apa iya aku kudu nempuh dalan sing nalisir saka ang­ger-anggering agama? Ngono batine Surat. Nganti ora rinasa kringet adhem dleweran nelesi sarandune awake  sana­jan satemene hawane ora sumuk.

Gregah, lelamunane Surat ambyar na­lika krungu swarane wedhus sing di­ngon bengok-bengok. Bareng disitetek­ake jebul gulune wedhus mau lagi ke­pulet tali cangcangane. Ing imbang kulon  srengengene saya mudhun. Adzan Ashar gu­montang saka mesjid desa. Surat banjur nggiring wedhus- wedhuse diga­wa mulih sinambi nyunggi kranjang isi suket anggone ngarit.

Bengine nalika anak anake wis turu kabeh, klithih-klithih Surat ngguggah sing wadon saperlu diajak rembugan. Surat menehi isyarat sing wadon supaya metu metu saka njero omah.

“Kok sajak wigati baget ta Kang, nganti samar nek dirungu bocah-bocah?“ pitakone Surati jenenge sing wadon karo lungguh njejeri Surat ing sandhuwure lincak emperan omah. Kemul sarunge Surat  banjur dibrukutake awake sinambi golek ukara anggone mucuki rembugan.

“Apa ta Kang kok ora kaya padat­ane,”  sing wadon ora sranta.

Suwara manuk bence mecah sepine wengi. Miturut kapercayan, yen ana swa­rane bence pratandha bakal ana pa­wongan kang tinggal donya. Nanging Su­rat ora maelu karo gugon tuhon mau jalaran dheweke nduweni gagasan liya.

“Ngene lho Mbokmu, awake dewe iki rak wis suwe urip sarwa kekurangan. Paribasan asil dina iki entek dina iki uga. Puluh-puluh bisa tetukon, wong kanggo nyukupi mangane bocah-bocah wae isih kurang.”

“Lha terus maksude Kang Surat ?“ pitakone sing wadon karo ngglendhotake awake ing gegere sing lanang.

Gawang gawang lelakon kawuri ban­jur muncul ngegla ana ing sangarepe, na­lika dheweke nglamar Surti marang wong tuwane lan dheweke janji arep nyenengake Surti lahir batin. Manten anyaran anane mung sarwa seneng, pa­ri­basan donya  duweke wong loro. Ke­tam­bahan simboke isih kuwat menehi pangan sarta gelem kanggonan Surat lan Surati.

Nanging bareng simboke Surat ting­gal donya katambahan anake loro saya gedhe, sanggan urip sing maune ora pati dirasa saiki krasa abot. Isih durung bisa nata uripe, ndadak bojone keprojolan  anak katelu. Pikirane Surat saya ruwet. Bandha tinggalane wong tuwa sing ora mingsra wis diunusi kanggo ngragadi slametane simboke nganti  sewu dinane.

“Piye ta Kang ditakoni kok malah ngalamun,“ wuwuse sing wadon karo tangane nggebloki gegere sing lanang.

“Ah, ngene lho Ti upa­ma awake dhewe iki golek donya kanthi dalan nyim­pang kepiye?“

“Karepe Kang Surat ke­piye, apa sampeyan arep nindakake tindak culika colong jupuk   upa­mane ?!” celathune Surti santak karo mingset nge­dohi lungguhe sing lanang.

“ Ora..ora Ti, aja duwe panduga ala dhisik. Ngene lho …….“ wuwuse Surat nga­­ti-ati amrih sing wa­don ora salah tampa.

Surat banjur ngesok­ake uneg-unege ati. Wose dheweke nekad arep nem­puh dalan nyimpang, yaiku nyolong tali poconge kurban rajapati sing mentas di­kubur. Pungkasane Surati mung suma­rah marang trekahe sing lanang. Mung welinge supaya Surat njaluk piyandel ma­­rang wong tuwa sing dhuwur kasek­tene amarga apa sing bakal diniyati sing lanang kejaba mbutuhake kuwanen uga piyan­del.

Kaping pindhone Surati uga emoh melu nanggung akibate jalaran barang sing bakal dicolong mau duweke bangsa­ne lelembut sarta sanajan isih wujud layon nanging tansah diembani dening sukma kang klambrangan. Kabeh pan­jaluke sing wadon kabeh disanggupi de­ning Surat. Embuh amarga saka kepe­pete kahanan utawa rumangsa wis ora ana dalan liya kang bisa ditempuh.

(Ana Candhake)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s