Tikungan Tol


Tikungan Tol

Tikungan tol ing kutha kuwi pancen ngemu wadi. Ora bakal bisa dijelasake nganggo teknik modern utawa panaliten ilmiah. Yen ta ana kacilakan paling mung kasebut “human error” utawa kesalahan pengemudi. Wajar awit dalan sing amba alus tanpa rintangan kaya ngono kok bisa nyebabake selip, njungkir walik utawa nabrak pager pengaman. Kamangka tikungan kuwi ora nekuk banget, lan uga wis diwenehi rambu peringatan saka Jasa Marga. Aneh nanging nyata!
Pikiranku dadi nglambrang ngelingi critane Sumedi kancaku, mbiyen minangka direkture kontraktor sing mborong mbangun dalan tol ing kutha kuwi. Crita nyata sing dialami watara sepuluh taunan kepungkur. Crita wadi sing mung disengker lan dikandhakake marang aku kanca rakete.
Sumedi priya sing uripe wis mapan, klebu golongane wong sing sukses. Minangka direktur utama kontraktor jasa bangunan skala gedhe. Ngayahi saka perencanaan gambar, konstruksi nganti bangunan fisik. Proyeke ngrambah ing sadhengah propinsi. Dhasare duwe rupa sembada, sisihan ayu lan anak loro tataran sekolah SD lan SMP. Urip padinane sarwa mubra-mubru. Kenggonan bandha donya kadhangkala bisa nyebabake paraga malik tinggal. Sumedi sing maune lembah manah, banjur lali marang asale. Sumedi malih kongas. Seneng nyepelekake liyan, utamane marang sing posisine luwih endhek utawa kesrakat. Dheweke ngelak pangalembana lan nempuh cara apa wae kanggo nggayuh kekarepane.
“Bapak….pembangunan penataan medan di seksi C banyak mengalami hambatan serius”, lapurane Tigor Batak, pelaksana lapangan pembangunan dalan tol.
Sumedi sing nampa lapuran mung nglikrik kurang kawigaten.
“Kamu kok seperti baru kerja kemarin… hal gituan kan sering kita temukan. Hubungi saja beking-beking kita…kan beres. Kenapa kau bingung sampai harus kesini ?!”. Sing disebut beking-beking kuwi para “paranormal”, wong-wong pinter sing kerep disraya dening perusahaane Sumedi kanggo “ngresiki” papan sing katerak proyeke.
Tigor kukur-kukur sirahe sing ora gatel, kupiya kuwi wis diayahi. Nanging prastawa aneh ing lapangan ora bisa disingkiri, kepara malah tambah ndadra. Begu sing kanggo ngepras pereng, ora bisa mlaku. Sanajan mesine sehat. Buldozer mogok dadakan, tukang lan mandhor genti-genten semaput ngenggon. Wis telung ndina iki proyek awal kuwi durung bisa diayahi. Mligine ing papan sing kacithak ing kar peta tikungan dalan tol iku. Para “paranormal” langganan kuwi wis nyerah angkat tangan. Saka panrawangane, papan kuwi minangka punjering kadipaten lelembut. Malah sinebut tlatah kadipaten kuna sing murca. Tigor nyoba nerangake kanthi tliti kahanan lapangan. Nanging Sumedi tetep kukuh “tidak mau tau”. Awit ing saben proyek sing ditangani, senajan ana kadadeyan madha rupa, nanging kanthi gampang dituntasake.
***
RUWANGAN khusus kuwi wis kebak dening pengusaha lan selebritis papan atas, klebu Sumedi dhewe. Pengusaha-pengusaha kuwi racake teka ijen, ing kono lagi dikancani kenya-kenya bokingan. Dene yen pengusaha wanita, mesthi dikancani lan diladeni priya mudha pilihan sing disebut gigolo. Sumedi sing lungguh rada mojok nyandhing kenya sing wis dijanjekake. Kenya sing ngaku jenenge Shanti iku wanita model pilihan. Penampilane lan dedeg piyadege selaras milangoni, gemebyar lan sexy nyandhang penganggone.
Pandom arloji Rolex nuduhake angka sewelas, wanci nyedhaki tengah wengi. Sumedi nggandheng kepara ngrangkul Shanti metu saka pub. Alon BMW-ne ninggalake parkiran, nggleser tumuju njaban kutha. Nuruti pangajake Shanti kepengin pepasihan ing papan sepi alam terbuka, nanging ora ing pesisir. Papan sing dipilih ing gumuk pegunungan sakidule kutha. Milang-miling ora krasa yen mobil kuwi tumuju papan rancana tikungan dalan tol sing lagi diayahi. Pangrasane Sumedi, papan kuwi asri banget senajan kinupeng gumuk. Sumedi markir ing papan sing dirasa kepenak, mbanjur ngajak Shanti pindhah menyang jok mburi. Shanti mesam-mesem lelewa nggregetake, iki saya nambahi ubaling krodha asmara.
Sumedi lali posisine minangka boss sing kinurmat. Wanci kuwi polah tingkahe kaya macan gembong entuk mangsan. Ngruket greget lali empan lan papan. Shanti sing wis setengah nglegena kuwi saya lelewa. Sumedi saya bureng waringuten, lan nalika nedya nuntasake wirama asmara, dheweke kaya dilarak peksa dening paraga pengkuh prakosa. Dilarak lan dibanting metu saka mobil. Glangsaran kaget nedya bangkit, nanging malah dijongkrokake saka mburi dening paraga liya sing ora kalah prewira. Krungkeb ing lemah, kruget-kruget ndengengek. Ing ngarepe wis ngadeg malang kadhak paraga gedhe dhuwur prakosa, godheg wok simbar jaja. Nggereng paraga sing menganggo cara kuna. Nyandhang kaya kethoprak ing lakon Majapahitan. Kiwa tengene prajurit-prajurit ngligan gaman landhep.
Dheweke ndlongop dikepung dening prajurit atusan kanthi gaman ligan. Gemeter kaget keweden lan semu kadhemen amarga ragane wis nglegena.
“Hmmm…iki ta genjik sing dadi pangarsane menungsa-menungsa murang tata. Menus sing padha dlajigan nungkak tata krama ing kadipaten kene. Heee… sapa jenengmu bedhes elek !”, sora pangandikane Sang Adipati.
Brooll kringet sakjagung-jagung gemrobyos ing sakranduning awak. Sumedi groyok anggone mangsuli. Kabeh pitakone Sang Adipati dijawab kanthi blaka suta, klebu anggone kongkonan para paranormal kanggo ngresiki calon dalan tol mau.
“Ingsun nyraya putriku kanggo mancing lan nglarak sira bedhes elek. Ing papan iki ingsun bakal paring pengadilan. Sira bakal sun pidana kisas, awit wis wani gawe rusak wewengkon ingsun. Uga gawe kapitunan marang kawulan ingsun. Ukum kisas sarana diiris mbaka sethithik sarandune ragamu, sawise banjur dikeceri banyu cukak asem genti genten. Kabeh kawulaku sun utus ngisas sira. Prajurit, dirangket lan dicancang menus iki ing wit ringin alun-alun kae.!!”.
Sumedi ngglolo sambat njaluk ngapura, ngrerepa minta kawalesan supaya ora dipilara. Nyembah-nyembah njaluk pambiyantu marang putri sing sinebut Shanti mau. Alon putri mau nyembah maju lan matur :
“Punten dalem sewu rama…menapa sakinten wonten cara sanes kangge meksa dhateng paraga menika, nanging mboten sarana dipun kisas. Antawisipun…” Lirih ature ora keprungu liyan. Sang Adipati manthuk-manthuk ndhahar atur putrine.
“Heeeh sira Sumedi…. sun paring wektu marang sira, nanging iki dudu pangapura… sira tetep nandhang luput, kang bisa sun pidana sakwanci-wanci. Ingsun paring palilah sira nerusake pakaryanmu nrajang alun-alun kadipaten. Nanging sira kudu nglestarekake “ringin” kae, lan yasa taman asri. Pemundhut ingsun yen ta mengko dalan yasanmu wis dadi, ingsun mundhut wadal pitukon saka sira. Nyawa siji tuwa utawa anom ing saben wanci purnama sidhi kaya wengi iki. Wadal tumbal mau bakal dadi nyawiji ing kadipaten kene, minangka kawulaningsun. Yen sira ora saguh, saiki sira ingsun pidana kisas lan kabeh kulawargamu!”.
Trewaca pangandikan sereng saka Sang Adipati. Saya dhengkelen keweden Sumedi nganti ora bisa ngucap.
Sakwise bisa nata pikir lan aring napase dheweke matur : ”Kanjeng, kula kantun sumangga karsa, sampun ngantos kula sakulawarga dados tumbal. Nanging prayogi mboten ngawistarani ing saben wulanipun…eh…uh”. kangelan anggone arep walaka matur.
Nanging Sang Adipati kaya wis ngerti arah pikirane Sumedi. Nandhes pangandikane :
“Yooh… ingsun ora bakal mundhut saben wulan… nanging ingsun wenang mundhut dhewe, sethithike rolas nyawa saben warsa. Lan sira aja nyoba-nyoba golek perkara maneh, kanthi crita marang liyan bab “perjanjen” iki. Yen ta sira cidra janji… aja takon dosamu… sun tumpes sak cindhil abangmu.”
Sakbanjure Sang Adipati ngebutake kipase ngarah badane. Sumedi mental nggeblag kapidara ora eling, semaput ngenggon.
Dina esuke geger swasana ing ngisor proyek. Bos Sumedi ditemokake gemlethak wuda ing lemah proyek ngisor gampeng gumuk, ora adoh saka mobile. Sing dadi rembug karyawan proyek, kapan mobil kuwi bisa mlebu wewengkon proyek. Portal isih gembok kuncen, tur yen mobil kuwi mlebu mesthine ana sing ngonangi. Jaragan kabeh satpam lan karyawan sing turu ing barak ora ana sing meruhi kemliwere BMW kuwi. Aneh nanging nyata. Sakwise diupakara Sumedi bisa sadhar.
Sakbanjure dheweke weling marang para karyawane supaya ngati-ati, ora kena sembrana makarya ing laladan calon tikungan dalan tol kuwi. Nggoleki papan wit ringin, ditemokake wit ringin bonsai sing nemplek ing gampengan calon tikungan. Ing papan kuwi Sumedi kongkonan gawe taman sing asri, kanthi pawadan njaga kaendahan lan pemandhangan menawan marang para bakal pengguna jalan tol. Pawadan sing tinemu nalar, kanggo nyingidake “perjanjen gaib” kuwi.
Embuh saka beban pikir sing abot, Sumedi nerak wewaler nyritakake lelakone marang aku, kanthi piweling kaya kasebut ing ngarep critaku iki. Saiki Sumedi wis pindhah ing ibu kota, lan usaha jasa kontraktore saya ngrembaka. Malah sebagiyan proyek ing dhaerah, diondherake marang aku. Nuwun

Komentar
  1. caca dewani mengatakan:

    okkkk

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s