Pandhawa Kembar


PANHAWA KEMBAR

Hmmm… Kakang Kurupati menyang Ngamarta nggawa prajurit sagelar sapa-pan ana parigawe apa?” pita­kone Wrekudara marang keng raka.

“Lhoh..! Kok sajak mejanani temen. Apa netra panduluku sing pancen wis blawur. Wrekudara iki!?” pitakone Prabu Duryudana sajak kurang precaya.

“Isih pana kowe Kakang, aku Wreku­dara kang ana ngarepmu. Baliya me­nyang Ngastina, undurna kabeh wadya­balamu.”

“Waa wis kebacut tumeka kene je! Ora susah ngenteni Baratayuda. Ora idhep kowe kuwi Wrekudara apa iblis, bakune dina iki kudu sirna saka tanganku.”

“Majuwa, bakal dak ajangi apa kang dadi karepmu.”

Tetandhingan antarane Prabu Duryu­dana lan Dyan Wrekudara datan kena den selaki. Bledug ngampak-ampak sumun­dhul ngawiyat. Alun-alun Ngamarta kang dadi ajanging paprangan bosah-baseh ora karuwan. Suwarane wadyabala Kuru Kancana lan Ngamarta kang padha andon yuda sangsaya gawe horeging suwasana. Mulat sang Wisanggeni marang lumam­pahing paprangan. Gya mateg mantram sakti. Eling-eling Wisanggeni mono titah kang kinacek ing sesamane, mula gam­pang katrima kang dadi panyuwune. Eloking kahanan, prajurit saka Kuru Kan­cana cacah ewon kang ndherekake Prabu Duryudana nggecak perang Ngamarta sakala malih dadi roning waringin.

Kagyat Sang Duryudana, Dursasana, Tirtanata, Kartamarma apadene Patih Sangkuni. Legeg nyipati kahanan. Gya si­nawat ing angin sindhung riwut dening Raden Bratasena temah kabur kontal kongsi tumekan dhatu­laya praja Kuru Kan­cana. Ngreti Prabu Kurupati ken­dhang, Wisanggeni banjur mrayogakake para kadang nglurug me­nyang Kuru Kancana nglu­wari para pepun­dhen.

Prabu Duryudana sa­pendherek kang tiba gu­mebrug aneng dhatulaya tuhu gawe kagyate Prabu Darma Lelana sakadang. Prabu Duryudana ngen­dika sarwi nandukaken deduka merga rumangsa kena ing apus karma.

“Paduka sampun mir­sani piyambak, bilih wek­dal samenika Pandhawa taksih wonten ing pakun­jaran. Mokal menawi wek­dal samenika sam­pun wonten Ngamarta,” ngedikane Prabu Darma Lelana  sareh.

“Nanging nyatanipun sareng dumugi Ngamarta kula dipun papagaken dening Werkudara. Pra­mila kula suwun Prabu Darma Lelana sakadang kemawon ing­kang ngrampungi prekawis menika. Mangke sasampunipun sembada mbe­dhah Ngamarta merjaya pranakanipun, bumi Ngamarta didum sasigar semangka kemawon. Kula sepalih, dene Paduka ugi sepalih.”

“Yayi Guna Lelana, jeneng sira Yayi dak dhawuhi niliki kang sabanjure  nyo­wanake Pandhawa sing wektu dinane iki isih ana pakunjaran. Yen wus kasowanake ayo padha ditigas janggane ana alun-alun Kuru Kancana, murih enggal ilang kliliping ingkang sinuwun Duryudana.”

Kang kadhawuhan datan suwaleng kayun, gya nyuwun pamit mring pakun­jaran nganthi Pandhawa banjur kairit mring dhatulaya. Kedhep tesmak pandulune Pra­bu Duryudana nalika uninga para Pan­dhawa kang kasowanake isih kanthi ka­hanan dibanda astane.

“Waaa kahanan kok kaya mangkene, angel anggonku mikir. Sinuwun Darma Lelana, prekawis menika kula pasrahaken sawetahe dhateng Paduka. Kula pun mboten badhe tumut-tumut malih. Ing­­kang baken tumrap kula sakadang, Pan­dhawa dalah anak-anake kudu modar!”

“Menika dhawah gampil Sinuwun. Paduka mboten sisah rumagang ing kar­ya. Pejahipun Pandhawa sakukuban ka­pasrahaken kewala dhateng kula saka­dang,” dhawuhe Prabu Darma Lelana aga­we lejar penggalih Prabu Kurupati.

Nanging kedadak Raden Puja Lelana munggah ing sitinggil asung palapuran menawa Pandhawa Lima ngamuk pung­gung ing Kuru Kancana sarwi nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang.

“Lhadalah, pripun yen ngaten niki? Estu ta ingkang dados ngendikanipun anak prabu Kurupati?” sumelane Patih Sengkuni. “Pandhawa ngamuk punggung ing alun-alun, lha lajeng sing dibanda niki sinten?”

“Paman Patih mboten sisah tumut-tumut, pun kersane dirampungi piyambak kaliyan Prabu Darma Lelana sakadang. Ingkang baken icaling klilip kula nenggih Pandhawa sakpranakane,” sumelane Pra­bu Duryudana.

“Para kadang kabeh, ayo bebarengan padha dipapagake kang lagi sesumbar ana alun-alun. Aja lali pandhawa kang wus dadi bandan iki digawa menyang pa­lagan pisan!” dhawuhe Prabu Dharma Lelana kanthi trewaca. Kang ana dhatu­laya Kuru Kancana sigra metu njaba ma­pagake tekane mungsuh. Sedaya datan ana kang katinggalan.

Tekan ngalun-alun kawistara Pandha­wa lima lagya mbegagah nyranti tekane Prabu Dharma Lelana sakadang.

“Para kadang kabeh,” Raden Wisang­geni bisik-bisik. “Eling-elingen kang dadi piwelingku, mangko kalamunta Pandha­wa sing dikongkon maju mapagake awake dhewe, aja padha diladeni…”

“Lho, Wisanggeni ki piye? Yen ora oleh diladeni rak padha karo nyorohake patine para kadang,” panyelane Antareja.

“Mengko dhisik ta. Durung rampung anggonku kandha. Bakune aja diladeni, mengko yen nganti para kadang tume­keng lalis, Wisanggeni kang bakal nang­gung sakabehe. Cukup sembahen kaping telu sinambi ngeningake netra batin nyenyuwun mring Hyang Manon kanggo miyak warana sapa sejatine kang kok adhepi. Wis, ngono kakang kang dadi pi­welingku. Aku tak ngawat-awati saka kadohan wae kakang,” Raden Wisanggeni banjur nggeblas lunga saka papan kono.

Tan pantara lama Prabu Darma Lelana sakadang wus prapta ing papan kono nganthi Pandhawa miwah Prabu Duryu­dana, Dursasana, Tirtanata uga Patih Sengkuni. Pirsa ing ngalun-alun uga ana Pandhawa cacah lima rumangsa gumun sang Duryudana.

“Sarehne sing mbarang amuk iku te­tirone Pandhawa, mula kareben Pan­dha­wa iki wae sing ngadhepi. Yayi Guna Le­lana, enggal luwarana bandane Pandha­wa, banjur dhawuhana maju pabaratan ngadhepi tetirone kae,” dhawuhe Prabu Darma Lelana marang keng rayi. “Pun Kakang bakal bali ha­nge­-dhaton, mangko samangsa-mangsa ana bebaya kang banget mutawatiri pun kakang aturana pirsa ya Yayi.”

Kang dhinawuhan sigra ngluwari ban­da­ne Pandhawa. Sabanjure Pandhawa kadhawuhan maju ing pupuh ngadhepi tetirone. Para putra Pandhawa kang lagi namur laku maksih eling marang pitung­kase Wisanggeni, mula majune Pandha­wa babar pisan ora digape. Sawise caket sigra kasembah kaping telu, sinartan donga panyuwun mring Hyang Manon mu­rih lebdeng karya. Kaelokaning jagad, Pandhawa kang nembe diluwari saka bebandane iku ilang wewujudane malih dadi gegaman kadewatan. Prabu Punta babar dadi Jamus Kalima Sada, Raden Wrekudara dadi Gada Rujak Pala, Dyan Janaka babar dadi Saratama, semono uga satriya kembar kemanikan dadiya san­jatanira sowang-sowang.

Prabu Duryudana nggragap mulat kaelokaning lelakon, sigra nggemprang mring kedhaton ngupadi Prabu Darma Lelana sakadang. Caos palapuran keda­deyan ing alun-alun.

Ing alun-alun, Raden Wisanggeni ban­jur mrepegi kadang-kadange maneh.

“ Para kadang, sanjata iku padha pun­dhinen. Kanggonen sangu ngadhepi Pra­bu Darma Lelana sakadang. Wis enggal majua maneh!”

Pandhawa tiron kang wus mandhe gegaman banjur nyumbari Prabu Darma Lelana sakadang. Panas talingane midha­nget swara panantang, wusanane Prabu Dharma Lelana sakadang kabiyantu Prabu Duryudana maju ing palagan. Saka pa­pane sesingid, Wisanggeni bali mateg mantram sakti. Dumadakan ana mega mangampak-ampak nglurupi praja Kuru Kancana. Ilanging mega bebarengan kalawan musnane praja Kuru Kancana kang pan­-cen dumadi mung karana cipta. Kraton saisine bali kadya sakawit dadi ara-ara Kurusetra kang jembar hangilak-ilak.

Tetandhingan antarane Pandhawa tiron mungsuh Darma Lelana sakadang lumaku imbang. Yen ditimbang padha abote. Durung ana tandha-tandha sapa sing bakal unggul lan sapa sing kasoran. Nanging suwe-suwe Prabu Darma Lelana sakadang keseser yudane. Mulat mung­suhe karoban lawan, ponang sanjata kang cinekel Pandhawa tiron arsa kata­mak­ake mring anggane Prabu Darma Le­lana sakadang. Ing kahanan kang mu­tawatiri mau Wisanggeni malumpat saka papane singidan niyat misah marang para kang lagi bandayuda. Mlumpate Wi­sanggeni bebarengan kalawan praptane jawata Suduk Pangudal-Udal, Resi Kaneka Putra kang nunggal niyat kalawan Wi­sanggeni nedya misah kang lagi rog bandawalapati.

“Bregenjong-bregenjong pak-pak pong waru dhoyong ditegor uwong. Waaaa…. padha kurang gaweyan iki. Bapak kok gelut mungsuh anak, ora lucu. Hayo bubar-bubaaar. Kuwi sing padha memba-memba gage lukar busana,” Dha­wuhe Resi Narada karo gumujeng.

“Weh kedhisikan Bathara Narada, mangka sakjane sutradharane aku he he he. Ya  wis ora dadi ngapa. Para ka­dang, cukupna semene anggonmu namur laku. Sajake wis kewiyak mungguh warananing lakon.”

Para Pandawa kang nyekel senjata mau banjur badhar sejatining wujud dadi para putra Pandhawa.

“Darma Lelana sakadang barang kuwi gage padha rucata! Apa dikira jeneng ulun ora pirsa sapa sejatine Darma Lelana sakadang kuwi?” ngendikane Bathara Na­rada.

“Iya Mbah, tuturana para pepundhen Pandhawa kuwi. Padha murca reka-reka dadi Prabu Darma Lelana sakadang mung gawe bingunging para garwa putra,” sumelane Raden Wisanggeni.

Sanalika badhar sejatining wujud Pra­bu Darma Lelana sakadang dadi Pan­dhawa lima. Prabu Duryudana sapendhe­rek kang rumangsa kewirangan banjur nggeblas ninggalke Tegal Kuru tanpa pamit.

“Sarawuh Paduka Pukulun Bathara Narada, sembah pangabekti kula konjuk,” ature Prabu Punta makili para kadang lan putra.

“Hiya Kaki Prabu Punta wus ulun tam­pa. Balik pudyastawaning Ulun muga ru­menthah mring Kaki Prabu sakadang lan para putra. Iki mau lagi ngapa, lha kok bisa pak karo anak padha gelut?”

“Nuwun sewu Pukulun, lekas kula sa­kadang namung badhe murungaken Ba­ratayuda. Menawi Ngamarta kula pa­srahaken dhateng kaka prabu Duryudana lan kula sakadang cekap wonten Kuru Kan­cana, tartemtu perang ageng jang­kaning jagad badhe wurung.”

“Sapa sing kandha? Bharatayuda tetep bakal dumadi, awit iku uga winastan perang suci. Perange watak sura mung­suh asura. Sanajan disrananana kaya nga­pa tetep bakal kelakon. Mung pitungkas Ulun, Pandhawa lima iku endhog sa­pe­tarangan ngibarate, mukti siji mukti ka­beh, mati siji liyane hangemasi. Mula ra­keting kekadangan kudu den jaga. Aja padha kemba nindakake saliring kadar­man kang anjog marang katentremane kawula dasih sawegung. Iki kang dadi pitungkas Ulun, raharja kang samya pi­nanggya, Ulun kondur kahyangan ngger,”  Bathara Naradha gya cumalorot ing akasa kondur mring Suduk Pangudal-Udal.

Para Pandhawa uga banjur kondur mring Ngamarta kadherekake para putra. Prapteng Ngamarta Raden Wrekudara gya njoget tayungan minangka tandha syukur konjuk mring Gusti Kang Maha­linangkung.

n (Tancep Kayon)

Komentar
  1. cahyo mengatakan:

    terimakasih

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s