“Komisi Tiga Negara” Didhapuk PBB


“Komisi Tiga Negara” Didhapuk PBB

Lakune agresi utawa perang-kolonial Landa kena diaturake lancar lan rancag. Pihak Republik cetha yen kalah gegaman; iya cacahe iya modern-e. Mula iya ora aran aneh; manawa ing ndalem wektu sing relatif sedhela, seperangan akeh wilayah tanah Jawa lan Sumatra wis bisa karebut mungsuh. Persasat saindenge wilayah Pesisir Lor tanah Jawa bisa dijeg-i; terus ngangseg mengidul utawa menengah. Mangkono uga sing dumadi ing Sumatra.

Nglingake  dhek jaman VOC biyen. Landa ing sakawit iya nguwasani Jakarta, terus mre­men-mremen wilayah pesisir. Lha saiki iya ora adoh saka kuwi.

Sing genah bae, bareng wakil-wakil Indonesia kelakon oleh kalodhangan pi­dato ana ngarepe sidang Dewan Keaman­an ing Lake Success,–cedhake New York kana, lan iki isih mujudake awal-muawale PBB sing banjur nduwe gedhong gedhe ing New York City, Dewan Keamanan mren­tahake supaya pihak loro-lorone padha seleh-gegaman, sarta sabanjure dianakake sapatemon golek dalan damai.

Kepeksa pihak loro-lorone, iya pihak Landa iya pihak Republik banjur padha ngumumake marang pasukane dhewe-dhewe, supaya “gencatan senjata”. Nadyan ta mangkono, pihak Landa isih tetep nerusake anggone nggelar wilayah sarana dalih: “njaga wilayah sing wis kelakon di­rebut, sarana diwenehi “garis” pemisah”.

Landa dhewe ngarani “garis van Mook”, yaiku tapel watese pasukan Landa bisa ngrebut wilayah Republik sadurunge ana prentah “gencatan senjata”. Cetha banget, manawa sarana mangkono, ora ming ate­ges yen wilayah sing dikuwasani Landa saya amba, ning uga bisa kanggo ngu­watake kalungguhane Landa ing ndalem perundingan sing bakal kelakon.

Van Mook bisa ngguya-ngguyu, merga apa sing diimpekake bisa keturutan; merga saka bantuane kaum ondernemers (tuan-tuan perkebunan) karo kaum militer, saora-orane saiki pihak Landa bisa am­beg­an luwih lamba.

Miturut ujare Mr. van Hoogstraten jejer dadi Direktur Urusan Ekonomi, nganti tengahe taun 1947 ing tanah Jawa ana onderneming 113 sing bisa dikontrol (Landa); kanthi produksi 26 576 ton. Onderneming teh, kopi, gula 47 267 Ha; karet 24 557 Ha; teh 12 635 Ha; Kina 6 521 lan ana uga kopi.

Iki bisa ditelusuri ana “Laporan Dir. van Ec. Zaken, 16 Oktober 1947”

Sing luwih nyolok maneh, anane la­por­an sing ngandharake, manawa merga anane “aksi polisi” mau, ana sawatara daerah pengasil beras sing kelakon bisa dikuwasani Landa. Merga saka iku, rega beras ing Jawa Kulon banjur medhun.

Sing tetep ugal-ugalan ora urus kuwi, salah sijine warga Komisi Jendral (Landa) sing jeneng van Poll. Kandhane nyang kaum wartawan sawise ditandha tangani persetujuan cease-fire (gencatan senjata): “Aksi polisonil iki ming merga saka ke­peksa. Sebab, ing ndalem perundingan, Amir Syarifuddin karo Setiajit saka pihak Indonesia wis nyarujuki usul-usul Landa. Ning, justru Yogya (pemerintah pusat RI) sing mentorpedir”.

Dewan Keamanan nerusake sidang-e, golek dalan mberesake sengketa Indonesia-Landa iki. Miturut usule Amerika, didhapuk komisi-jasa-baik, sing wargane dumadi saka negara-negara sing dipilih dening pihak Republik karo pihak Landa. Lha negara loro iki sabanjure milih negara ketelu. Sabanjure maneh, negara tetelu iki sing bakal ngembani sengketa Indonesia-Belanda iki.

Kelakon, Indonesia milih Australi; dene Landa milih Belgia. Negara leloro iki, –Australi karo Belgia, –njur milih Amerika minangka warga komisi sing nomer telu. Komisine dijenengake: Commission of Good Offices, Kumisi Jasa-jasa Baik, ning pihak Indonesia njenengake: Komisi Tiga Negara.

Pemerintah Republik njaluk nyang pemerintah Australi supaya nuding war­ga­ne, gelema jejer wakil Republik ing ndalem KTN kono. Kelakon sing ditetep­ake Richard Kirby, lha Landa diwakili Paul van Zeeland saka Belgi. Paraga leloro iki, njur milih wakil saka Amerika: Dr. Frank Graham.

Pas 27 Oktober padha teka ing Jakarta, miwiti tugase. Sadurunge iku wis rem­bugan dhisik ana Sidney, sarta netepake yen tugase KTN mau mbantu ngrampung­ake sengketa antarane Indonesia karo Nederland sacara damai.

Mula kudu digolekake dalan utawa cara amrih pihak loro-lorone sing lagi pradongdi, bisoa ngrampungake per­soal­an-persoalan militer lan politik, sing bakal dianggo dhasar rembugan ing wektu-wektu sing bakal teka. Pihak KTN ming ndu­weni hak usul, tanpa hak gawe ke­rampungan utawa keputusan.

Persoalan kawitan, ngenani bab papan panggonan dianakake rundingan. Pihak Landa ngusulake supaya rundingan dianake ing Jakarta; ning Republik nolak. Alesane: kurang merdika kanggo medhar pengarep-arep/usul-usul. Jawatan Re­publik wis ora ana babarpisan, luwih-luwih sawuse agresi militer iki. Mula, pihak Republik usul supaya rundingan dianaka­ke ing papan netral, sajabane wilayah sing dikuwasani Landa.

Ha yen dianakake ing njero kapal piye? Dadi rundingan ana tengah segara; ora ing daerah Landa, ora ing wilayah Republik? Mangkono usule KTN. Usul iki ditampa, lan satemah ditetepake, run­dingan dianakake ing kapal duweke Ame­rika. Mula wakil Amerika njur ditugasi nyedhiyakake kapal; jenenge: “Renville”, ing kawasan Tanjung Priuk, Jakarta.

Kambi nunggu tekane kapal, wis ana bab maneh sing dadi pradongdi. Acarane sing dirembug dhisik apa? Soal politik, apa soal militer? Pihak Landa njaluk su­paya soal militer didhisikake; pihak Re­publik usul, supaya soal politik karo militer dirembug bebarengan. Sebab, kasus le­loro mau siji lan sijine ora bisa dipisahake.

Kajaba saka iku uga didhapuk Komisi Khusus; pihak Republik dijenengake: Panitia Istimewa, ditetuani Dr Johannes Leimena. Pihak Tehnis Landa sing ngetu­wani Van Vredenburgh; komisi loro-lorone wargane dumadi saka pejabat sipil lan militer. Dene sing dadi “penghubung” iya pihak KTN kuwi; mesisan dadi “peng­awas” ing ndalem sengketa Indonesia Nederland iki.

Bisa digambarake, yen persoalan militer sing luwih rumit; merga pihak loro-lorone padha ngotot, ngugemi pendiriane dhewe-dhewe lan padha dene sujana-sinujanan. Upamane bae, Republik njaluk, supaya daerah-daerah sing diduduki Landa sawise 1 Agustus, dibalekake; su­paya statuse kutha Jakarta uga dipulihake kaya ing sakawit.

Sauntara iku, uga wis didhapuk di­dele­gasi perundingan. Pihak Republik di­tetuwani Mr Amir Syarifuddin; dene de­legasi Landa dening Raden Abdulkadir Widjojoatmodjo dibantu sawatara wakil saka “negara-negara” sing wis kelakon diedegake Landa.

Saben irung ngerti, manawa Abdul­kadir didhapuk dadi Ketua mau, ming sandiwara bae; propaganda bae. Malahan mesthine, gus Kadire dhewe uga wis ngru­mangsani, manawa anggone dadi Ketua mau ming diwayangake bae. Ming dadi boneka bae.

Pas 8 Desember 1947 perundingan “Renville” diwiwiti; iya ing pelabuhan Tanjung Priuk kono. Sawatara keputusan sing digawe: 1. Bakal diumumake anane prentah gencatan-senjata ing saindenge “garis van Mook”. 2. Banjur didhapuk daerah-daerah-kosong-militer  (demiliteri­zed zones).

Tanggal 17 Januari perjanjian di­tandha tangani.

Emane, — apa cilakane, –asiling pe­rundingan iki, dening sebagean gedhe rakyat Republik, dianggep banget gawe rugine pihak Kiblik. Rakyat umume ngang­gep, yen ing ndalem rundingan iki Amir Syarifuddin terus ngalah lan ngalah terus. Malah dhek samana njur ana unen-unen: “Wani ngalah ora luhur wekasane; ning wani ngalah gampang jajahane”.

Sing cetha bae, sarana diumumake anane “garis van Mook”, wilayah Republik saya sempit. Daerah Kiblik persasat dikepung pihak Landa; ditambah blokade ekonomine sing saya ketat. Ha hiya piye maneh, ha wong saikine sakehing pe­labuh­an ing pesisir Lor tanah Jawa ka­regem Landa. Durung prakara liyane maneh, sing saya gawe sumpeg dalah sesege pihak Kiblik.

Republik Indonesia isih dadi lakon…(*)

Komentar
  1. yuli mengatakan:

    kenapa harus pekek bhs jawa ?

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s