Bli lan Bali


Bli lan Bali

Roman Remaja

7 Januari wektu kang tak antu-antu. Aku arep study tour menyang pulau ‘seribu dewa’, Bali. Acara iki wis tak entenipirang-pirang sasi kepungkur karo kancaku, Euo, Ririn, Mimi, lan Olive. Packing barang wis dak siyapke sewengi. Dina Kemis iki, jam 06.00 murid-murid wis pada ngumpul ing lapangan basket sekolahku, SMA YON SEMARANG. Murid-murid saka jurusan IPA lan IPS melu kabeh. Sadurunge budhal, luwih dhisik diadani doa bersama kang dipimpin dening guru agamaku. Sak bubare doa bersama murid-murid padha munggah ing bise dhewe-dhewe sesuai karo kelase. Ing njero bis bisa dipestekake wajah-wajahe kancaku padha sumringah, antusias banget. Kapara Mimi, katon paling semangat. Aku lungguh karo Olive. Dene Mimi lungguh karo Ririn. Euo lungguh karo Vivi. Saksuwene perjalanan kanca-kanca pada crita-crita apa wae kang arep ditindakake yen wis tekan kana. Nanging lagi entuk seprapat perjalanan, tekan daerah Jawa Timur kahanan bis wis sepi, ora ana sing cemuwit blas. Mung krungu swaraning gerenge mesin. Tibake sakwise tak inguk, kanca-kanca wis padha tewas. Saking kesele crita-crita uga krasa luwe ayake, mula banjur kanggo turu wae. Tekan rumah makan Lamongan, pada ditangekake lan siap-siap makan siang diterusake solat dzuhur bareng.

Bubar weteng wis keisi, perjalanan diterusake. Saiki swasana bis bali regeng maneh. Sakwise weteng wareg, padha nyanyi karaokenan. Saiki sing disetel lagune Kerispatih, sing kabare saiki vokalise lagi ‘pindhah penginepan’. Bali menyang topik awal, perjalananku iki isih sewengi maneh.

Tengah wengi kira-kira jam 12 an wis tekan pelabuhan Ketapang, wektune penyebrangan. Nanging kancaku, Mimi, jebule mabuk laut. Mutah-mutah ora bisa diendhani. Yahhh, durung sida seneng-seneng malah wis teler dhisik. Hahha..  Kurang luwih 30 menit wektu penyebrangan. Saiki wis tekan pulo Bali, kurang luwih jam 4.30 WIT.

Objek pertama kang arep dikunjungi yaiku Tanah Lot. Tekan ngenggon, langsung padha adus ing KM umum lan nindakake solat subuh. Bubar iku, ora check in dhisik ing hotel amarga isih ana rombongan saka SMA liya kang durung check out. Dadi, aku, Mimi, Euo, Olive lan Ririn langsung nuju menyang pesisire. Bubar kuwi  langsung sarapan.

Cabut saka Tanah Lot, nuju menyang GWK, Dreamland, Tanjung Benoa, Kuta, Joger lan Krishna. Marem blanja lan jalan-jalan trus nuju nyang Hotel Made. Aku sakamar karo Olive, Ririn lan Mimi. Dene Euo sakamar karo kancaku liyane.

Esuke, langsung menyang Barong Theatre, Kintamani  lan blanja-blanja maneh uga jalan-jalan.

Akeh pengalaman lan pelajaran kang kita jupuk saka budaya bangsa kita iki. Saka awal nganti akhir perjalanan ing objek wisata iki. Apmaneh ana tour guide kita kang setya njelaske kanthi detail objek kang kita tekani, jenenge tour guide mau yakuwi Blih Mangde, jangkepe I Wayan Gde Ratmanja.

Ora rinasa dhetik ganti menit, menit ganti jam, jam ganti dina tandhane wektu kita ing kene wis entek. Wektune bali menyang Semarang. Nanging sadurunge bali menyang kutha kita tercinta, ana pengalaman kang ora bakal kita lalekake. Objek terakhir yaiku Sangeh lan Bedugul. Ing Sangeh, kesane biasa wae. Mung wae ning kana aku bisa nonton kembaran kita kang miturut Darwin jare iku cikal bakale menungsa. Kethek, ya kethek. Hahaha. Ah kuwi rak mbah buyute Darwin dhewe, dudu mbahbuyutku!

Wektu nuduhake jam 12 awan, wektune mangan awan. Mangan awan iki ditindakake ing daerah Bedugul sekalian karo dolanan wahana air kayata jet ski lan prau.

Wektuku ning Bali wis entek. Perpisahan karo tour guide lan kanca anyar ing kana rasane abot banget, apa maneh karo Blih kang setia dadi tour guide kita sasuwene ing Bali.

Ora rinasa ana eluh nelesi pipi. Aku lan kanca-kanca kabeh padha salaman karo Blih. Momen iki dadi momen pepisahan kang nrenyuhake mesisan nyenengake. Nrenyuhake amarga arep ninggalake pulo Bali, nanging uga nyenengake amarga arep bali menyang Semarang. Wong tuwa kita mesthi wis padha kangen berat.

Tleser-tleser lakune bis 5 kang dak tumpangi karo kanca-kancaku wis tekan Gilimanuk. Kita arep nyebrang menyang Ketapang trus bali menyang Semarang.

Sasuwene ing bis, ora ana sing suwala. Meneng lan anteng padha ngenam pikirane dhewe-dhewe. Ora liya ya aku iki, padha dene karo sing liyane. Ora krasa wektu seminggu dientekake bareng kanca-kanca ing perjalanan lan Bali.

Liya wektu lan kesempatan, muga-muga aku lan kancaku diparingi kesempatan maneh menyang pulo kang nengsemake iku kanggo mulang momen-momen kang paling endah.

We’ll always miss Bali… Hear there, I’ll come back in other chance and other time. Balii oohh Balii …..

Komentar
  1. upay mengatakan:

    nice share gan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s