Prapatan Gang Lima


Wiwitane ketemu cewek sing numpak Mio abang kuwi neng prapatan gang lima. Saklebatan katon ayu, jalaran tekaku ing kono nge­pasi dheweke ngegas motor ninggalake prapatan gang lima. Ora patiya dakgagas nemen kaya ngapa ayune sing sateme­ne, nanging blegere sing saklebatan kuwi sing ngipnotis aku. Sing penting wengi kuwi wetengku enggal oleh isen-isen. Ya neng prapatan gang lima kuwi biyasane aku tuku sega goreng.

Ora kaya biyasane anggonku mangan rada kewengen. Yen ora dikongkon John, kanca nunggal kos mapag neng terminal ngono wis mangan kawit sore. Iki ngono merga program dhietku sing lagi wae daktindakake. Saliyane saben sore joging ana lapangan atletik, manganku uga dakatur supaya awakku ora mbe­dhah lemu kaya Faisal. Sing biyasane saben wengi klayapan golek pecel Tepe 8 utawa neng Njagir, saiki wis prei ken­ceng ngempet hawa luwe.

Mangan wengi sepisan muga-muga ora marai lemu, ngono dongaku sadu­runge miwiti mangan. John sing krungu rapalan tolak balak lemu kuwi malah ngguyu kemekelen. Dheweke alok yen aku bakalan susah dhiet jalaran seneng ngemil. Arepa alok nganti lambene ndo­wer ora dakreken. Pancen bener, peser­ta dhiet anyaran isih angel ninggalake pakulinan lawas, yaiku ngemil.

“Percuma wae ngerti praupane mung saklebatan! Apa sing arep mboksawang? Upama tumpakane Mio abang, hla bocah sing tuku sega gorenge si Yon ya akeh tunggale,” clathune John nalika dakcri­tani.

“Wis ta John, senajan saklebatan aku iki ora pikun. Isih eling. Sesuk dakjak mra­na ya, sapa ngerti wonge ya tuku mrana.”

“Ha…ha…ha. Ad, Fuad. Kurang ga­weyan. Ngugemi teorimu kuwi padha ka­ro ngenteni bosoking beling. Mokal. Ya nek pancet numpak Mio, sapa ngerti kuwi sepedhah silihan. Njur ganti maneh numpak Tiger?”

“Wah edan kowe. Ayune kaya ngono kok numpake Tiger. Ora patut!”

Dumadakan aku malih lam-lamen ke­nya ing prapatan gang lima wingi. We­wayangane saben-saben wektu tansah metu ing pikiranku. Ora kaya nalika ke­temu sepisanan. Sesuke kepengin mba­leni maneh lelakon sewengi, sapa ngerti kenya kuwi uga tuku ing kono. Mula John dakajak andhok sega goreng prapatan gang lima kuwi.

Nanging awak yen lagi apes, tekan prapatan gang lima ngepasi sepi sing tuku. Ngerti kahanan kaya mangkono, John sansaya ndadi anggone ngguyu. Jarene yen kepengin akeh sing tuku kudu ngepasi wayah jam mangan, udakara bubar magrib. Dina sesuke aku budhal dhewe tanpa ngajak John, pamrihe yen ora ketemu, dheweke ora tambah ngece. Dhasar durung beja, senajan dikaya nga­pa mesthi wae ora nemoni mulya. Wu­sa­na rencanaku kuwi dakwurungake. Telung ndina mangan sega goreng terus jelas mblenger, apa maneh yen sing di­goleki ora enek.

“Bocah nek dikandhani ora manut ya ngono kuwi. Lagi gandrung ta? Kok nggo­leki wong sing ora jelas. Neng jurusane awake dhewe akeh bocah ayu Broooo!” kandhane John.

Pancen bener. Hla wong ketemu wae mung saklebatan, mesthine ora bisa na­matake. Pokoke kang kena dadi pa­thokane ya mung Mio abang plat AG. Bacute wis ora ngreti maneh. Upamaa wis klakon ketemu banjur arep dikapak­ake? Yen mung kepengin ngerti wae rugi anggonku keraya-raya nggoleki dhe­weke. Aku dhewe uga ora ngerti yen wis ketemu banjur arep ngapa. Sing cetha penasaran banget.

Sesuke, nalika kau goncengan karo John ndilalah sim­pangan karo kenya sing kuwi neng portal dalan mlebu kam­pus. Ora kleru, sepedhahe Mio abang plat AG. Arep menehi weruh marang John, ke­dhisikan John nyapa kenya kuwi. Su­walike kenya kuwi uga ganti mbales panyapane. Biyuh, eseme katon ngujiwat banget. Memper eseme Wara Sem­badra ing wayang wong Sekar Arum.

“John, kuwi mau sapa?” pitakonku marang John.

“Piye ta Ad we ki? Genahe Ika ngono lo. Cah maba.”

“Heh, ngerti apa ora we. Ya bocah kuwi lo sing ketemu pas neng prapatan gang lima kae.”

”O, bocah gemblung. Nek nggoleki ae eram, jebule ya Ika. Lagi pedekate kuwi, karo Dimas.”

Jebul kenya sing ketemu ing prapatan gang lima wingi ora liya ya adhi angka­tan­ku dhewe. Emane suwene telung sasi aku ora nate weruh. Jarene John aku ke­tinggalan brita nganti ana maba ora patiya ngreken. Apese maneh, Ika lagi wae pede­kate karo Dimas, ketua kelas­ku. Wah, lu­wak mangan tales, awak yen lagi apes! **

Sumber: Majalah Panjebar Semangat

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s