Tresno Kapisan lan Pungkasan


Wis watara sewulan iki omahe Ramawati ketekan tamu nganti ping lima. Tujuane para tamu mau mung siji yaiku pengin nglamar Rahmawati. Na­nging kabeh ditulak kanthi tanpa ngurangi rasa urmate para tamu. Alesane mung siji yaiku durung kepengin omah-omah. Rahmawati iku kagolong wanita kang mandhiri, kang bisa njaga ajining dhiri lan keluwargane. Sanajan dheweke wis ora duwe wong tuwa, nanging tetep nga­bekti marang simbahe kang wis ngrumat wiwit ditinggal wong tuwane.

Saiki Rahma umure wis rongpuluh taun. Satamate SMA ndhisik dheweke kur­sus njait. Saiki Rahma nyambut ga­wene nang omah nrima jaitan saka tang­ga-tanggane. Asile lumayan kena nggo urip sadina-dina karo simbahe. Ora lali saben entuk dhuwit mesthi nyisihake di­celengi, ora ketang mung sethithik.

Saka kaping lima nulak wong kang nglamar, ndadekake simbahe kurang ke­penak klawan tangga-tanggane.

“Ndhuk, wis wong lima sing nglamar kowe, kenangapa satemene kok mbok tulak kabeh? Prawan saumuranmu ki wis pantes omah-omah lo. Kanca-kanca SD-mu sing wadon ya wis padha omah-omah kabeh…” pandangune simbahe.

“Ora papa kok mbah” jawabe Rahma glagepan sinambi mbenakne jaitan.

“Ah aja ngono… satemene karepmu ki piye…? Simbahe ngoyak senajan kanthi tembung sareh.

“Anu… mbah… aku ngenteni wong sing tak tresnani kok” Rahma sajak ke­peksa blaka.

“Sapa ta ndhuk?”

“Angga Prahmedya mbah”.

“Angga kancamu ndhisik? Nang ndi saiki bocahe? Kok ora tau dolan maneh?”

“Nang Kalimantan mbah, nyambutga­we nang kana.”

“Lho adoh tenan ndhuk, apa kowe yakin dheweke iku bakal setiya karo ko­we? Prawan Kalimantan ayu-ayu lho ndhuk, apa ra kuwatir?”.

“Insyaallah ora mbah, mas Angga wis janji bakal nglamar aku yen wis sukses nang kana.”

“Kapan dheweke arep nglamar ko-we?”

“Nek mas Angga mulih mbah…”

Simbahe mung manthuk-manthuk.

Setaun wis liwat nanging sing dienteni pranyata durung bali uga. Malah sing keri iki ora tau krungu kabare merga wis te­lungwulanan ora kirim layang. Senajan mangkono Rahma tetep setiya ngenteni Angga. Ora mung Rahma sing ngenteni, Aji kancane Rahma uga melu ngenteni. Aji iki kanca SMPne Rahma lan Angga. Aji dhewe sakjane wis duwe kekarepan mba­ngun bale wisma, nanging dheweke durung gelem omah-omah sadurunge we­ruh Rahma omah-omah. Merga Rahma ndhisik pancen tresna kapisane Aji.

Wiwit SMP Aji wis seneng karo Rahma, nanging dheweke ngerti yen Rahma se­neng karo Angga.

Aji ngrumangsani yen sing pertama durung mesthi sing paling apik, nanging sing paling apik biasane sing pungkasan.

Aji kepengin banget duwe sisihan Rahma, nanging yen Rahma dudu jo­dhone Aji bisa nrima kanthi legawa.

Wis watara telungtaunan Rahma ngen­teni Angga. Mentas iki Rahma kru­ngu kabar yen Angga wis bali. Nanging Rahma durung yakin merga Angga du­rung menyang omahe. Dhek biyen Angga wis janji yen bali mengko arep enggal me­nyang omahe Rahma.

Aji uga ngerti yen Angga bali nanging durung ketemu. Wong loro iki dadi ora sabar kepengin ketemu Angga.

Kanthi dikancani Aji, Rahma banjur menyang omahe Angga. Nanging rada gumun wong loro iki nalika tekan plataran omahe dheweke weruh Angga dolanan karo bocah cilik umur rong taunan.

“Ji, Mas Angga karo sapa ya? Sa­ngertiku dheke ora seneng karo cah cilik?”

“Iya ya, aku dhewe ra ngerti. Mbok­menawa saiki wis berubah dadi seneng karo cah cilik,” jawabe Aji.

Ujug-ujug ana wong wadon metu sa­ka njero omah trus nggendhong bocah cilik mau. Atine Rahma dadi saya ora ka­ruwan …

Rasane kaya watu karang diantem ombak nalika Rahma ngerti yen wong wadon iku pranyata sisihane Angga lan bocah cilik kuwi anake. Rahma sakala ngajak Aji pamit mulih. Rahma gela karo Angga.

“Aku gela mas karo njenengan, yen pancen njenengan wis ora seneng karo aku, kudune kirim layang utawa sms, insya Allah aku ikhlas kok, nyangapa mas ora terus terang?” pitakone Rahma.

“Sepurane dhik. Satemene mas wis kirim layang kanggo bapak, aku titip pesen nyang bapak supaya ngomongi kowe, tapi bapak sajake ora ngomong nang kowe, aku ora ngerti sebabe” ujare Angga akeh-akeh.

Watara nem wulan sajege kedadeyan kuwi Rahma sithik-sithik wis bisa nyuda lara atine merga dikhianati Angga mau. Malah saiki Aji sing teka menyang omahe Rahma dikantheni wongtuwane. Rahma kaget lan ora ngira Aji ujug-ujug nglamar dheweke.

Pungkasaning crita Aji sida sesandhingan klawan Rahma, tresna kapisan lan pungkasan kanggone dheweke.

Pancen bener yen sing pisanan durung mesthi sing paling apik, nanging sing paling apik biasane sing pungkasan, batine Aji. Apamaneh sing jenenge umur, rejeki, jodho kabeh wis ana sing ngatur ….

Sumber: Majalah Panjebar Semangat

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s