Apa Bener Wong Jawa Urik?


Apa Bener Wong Jawa Urik?

image

WONG Jawa pancen dhemen njarik lurik, alias urik. Ora gedhe, ora cilik, kabeh dhemen urik-urikan. Yen bocah cilik, latihan urik, dolanan adu wayang, ana sing ditekuk. Ana sing dolanan karet (uthut), ning ora beres. Ana sing seneng dolanan oyak-oyakan, dhelik-dhelikan, umpet-umpetan, esem-eseman, ning sejatine pengin njegal kanca. Iku ati Jawa. Semonoa yen gelem ngakoni.

Urik tegese pinter apus krama. Senengane ngepring apus. Mbulet-mbulet. Ting prungkel pikirane kaya dhadhung, muntir-muntir. Seneng nyandiwara. Kadhangkala, abang dikandhakake ijo, ijo dikandhakake abang. Beteke kepengin golek untung. Untunge dhewe sing diubres, sokur kelompoke (trahe), njur wani dolanan tembung. Tembung sing katone digawe manis manuhara, jebul sok ngemu melik. Tobat-tobat, anak kadhal jare tobil. Tobil-tobil, anak kethek jare munyuk.
Wong dhemen urik, uripe katon nganggo larikan, ning morak-marik. Ora karu­wan. Merga, atine pijer kepengin ngakali wong. Pengin ngukil-ukil perkara, ben ba­thine mili menyang awake dhewe. Hemmm!
***
DAYA nalar Jawa pancen akeh sing nyurung tekan jagad urik. Seneng adu-adu. Mula ana tembung adu manising rembug kaya kapuk, empuk, ning kopong mlompong. Pong-pong bolong ndhog merang ndhog sapi, pecah-pecah endhogmu siji. Ateges sing dioyak siji thil, bathine dhewe, Najan wong liya gundhul, dha ‘’PCDS’’ pecas endhahe (nuwun sewu), awake dhewe gela-gelo, seneng atine.
Wis-wis, wong Jawa yen wis namakake jiwa urik tansaya nggladrah. Kadhangkala tekan mbahne urik, yaiku dhemen ngglibeng. Ora perlu kaget, kadhangkala katone njaba manthuk-manthuk, mesem-mesem, ning njerone ngandhut melik. Isih mendhing yen mung melik, pamrih, sing mbebayani ana niat nendhang, nempang, njegal, lan ngebrukake. Yen wis wong liya jekangkangan, keplengkang-plengkang, sajake lega ndonya. Yen wis ngen iki lhadalah!
Wong seneng urik iku dhasar, gawan bayi. Ning uga ana sing kedayan seka wong kiwa tengene. Wong sing cedhak karo Sengkuni, iki sok klemak-klemek, ning mengkal-mengkal sikile. Sengkuni-isme, jebul asring mili ing getihe wong Jawa. Luwih-luwih yen wis kulina ngenam-enam tembung, tembung sing bisa ngruntuhake ati, jan tansaya mbebayani. Saya marahi gendra.
Tumrap sing hobi Sengkuni-isme, lagak langguke wis cetha. Biasane sok plak-plek, tembunge katon putih, memes, alus, jebul nggegirisi. Sing luwih medeni meneh, wong urik iku asring ngutip-ngutip ayat suci, ngutip tembang-tembang kuna, kanggo ngyakinake sing dijak omong. Yen wis ngono iku, adate sok njalari wong kapiluyu, kesedhot, njur katut, keli, kolu tekan jagad sing peteng. Luwih-luwih yen Sengkuni-isme mau ketemu Dornaistis, jan saya keplantrang adoh.
Ndlangentak sontoloyo ta! Lha piye, pancen wong Jawa kuwi ngono, sugih krenah. Ning kebacute krenah, sok tekan julig. Pol-pole ana sing tegel nekak gulune kanca bebasane. Katone nyedhak-nyedhak, ning jane adoh, Katone mesem-mesem, ning mung lamis, ulas-ulas bawang, mangka bawang kopong. Iku ruh sing kadhang mili ing getih kenthele wong Jawa. Abang-abang lambe, alias basa-basi asring ngembangi donya Jawa.
Diakoni apa ora, wiwit jaman biyen wong Jawa pancen ngono. Jaman Ajisaka ngrang­ket Dewata Cengkar, rak ya wis nganggo urik ta. Ndadak nggelar iket (udheng), jebul njur tegel njegurke segara. Jaman Sunan Kudu, Arya Penangsang, lan Sultan Hadi­wijaya rak ya wis mambu urik-urikan ta? Ndadak sing duwe tembung rajah Kalacakra, apa tembung liyane, intine yen kurang begja sok mblondrokake. Malah ing alam, Ora beda nalika Rara Jonggrang nolak tresnane Bandungbandawasa, ndadak kon mbangunake candhi, apa ngono iku ora kle­bu urik. Urik ta? Nyatane njur nggugahi wong-wong tani, simbok-simbok kon dha tangi, nutu beras, ben dikira wis bangun rahina.
Sajake, urik iku pancen wis mbalung sungsum tumrape wong Jawa. Malah ana sing sedina-dina rumangsa kurang, kleru, lan utang yen ora nguriki wong liya. Suwalike, wong liya uga kudu siap nampani urike pihak liya. Sing marahi senut-senut, antarane sing urik lan sing dijak urik, kadhang wis ana gedheg anthuk lan pidak jempol. Takera-takeran untung ngene iki sing sok keplayu tekan jagad letheg, reged, lan jember.
***
DONGENG Kancil, rak ya ngono ta, ana urik-urikan, sing penting dhirine sukses. Donyane wayang kulit uga ngono. Kresna sing kondhang wicaksana, jane uga sugih jiwa urik. Jaman ranjapan Abimanyu, priye trekahe Kresna ngaling-alingi srengenge. Jaman Banjran Dursasana, Kresna uga duwe jiwa urik. Samono uga jaman Duryunana gugur, kabeh kebak pitenah, kepengin nguwasani wong liya. Donya fiktif Jawa iku satemene nggambarake alam pikire wong Jawa, sing sawektu-wektu bakal dumadi.
Mula ora perlu kaget, yen ing jagad Jawa iki, akeh sing wis wareg urik-urikan. Bal-balan, badminton, sekak, lan olah raga liyane asring kebak urik. Dolanan gobagsodor, jamuran, mul-mulan, macanan, cu­blak-cublak suweng, lan liya-liyane asring tinemu jiwa urik. Njur digebyah uyah, kabeh cak-cakaning urip ana urik-urikan, dolanan, main-main, lan apus-apusan.
Sing marahi menjelut weteng, yen dolan­an urik-urikan mau uga nggepok peprentahan lan negara, mbilaeni ta. Mosok, antarane partai siji lan sijine katone akur kaya mimi lan mintuna, jebul atine dha kebak singgat ketaton. Utawa, suwalike, ketoke dha ana satru bebuyutan, udreg-udregan, jebul bareng wis ngopi bareng, ilang kabeh. Kabeh lumaku setel kendho kenceng.
Pancen seprene durung ana sanksi kang cetha, tumrap sing gelem dolanan ilat. Obahe ilat kuwi pancen sing kanggo gaman urik. Yen ilate wis ngilat ula, woww, akeh cawang-cawange, tur ngemu upas mandi. Ora wurung bakal ana korban. Wong-wong cilik biasane sing nampa akibat. Yen wong gedhe-gedhe dha adu manising tembung, katone mung sanksi alam sing bakal ngerti. Alam sing bakal menehi ukum. Yen wong biasa, kiraku bakal mopo, pasrah, lan mangga kersa Kang Gawe Urip.
Najan ngonoa, yen kurang waspada, adate sok ana sanksi sosial sing ora ana wates wektune. Sanksi sosial iki bakal nggeret kabeh laku urik tekan alam sing ora mekolehi ati. Deloken wae, nalika akeh wong wis dhemen urik donya Jawa iki cepak jebole. Luwih-luwih yen ana guru wis nguriki murid, wartawan nguriki pembaca, kyai nguriki santrine, pemrentah nguriki rakyat, lan suwalike. Yen wis adu urik-urikan, genah saya akeh dredah.
Lan sing luwih mbebayani meneh, yen ana wong tegel nguriki kluwargane, anake, lan bojone, genah cepak ambrole bale wisma sing diwangun pirang-pirang taun. Gawat meneh, yen ana wong wis tegel nguriki pribadine. Mosok tegel karo awake dhewe, Mangga, ning ing jagad Jawa bakal ana wong-wong sing dolanan urik kuwi. Genahe, wong sing seneng urik kuwi merga duwe gegayuhan kumel. Pepenginan sing mburu wudele dhewe.
Urike bapak marang anak, dhawuh: ‘’Tukokna rokok’’, kamangka arep duwe karep liya. Urik kuwi akal-akalan, jiwa kancil, sing golek slamete dhewe. Urik sing apik, jare angger dora sembada, oleh. Angger ana digdaya lan nyatane. Nguriki maling, oleh. Sing payah, yen maling nguriki maling, aneh ta kuwi. Ning sapa sing urik, biasane tetep njelehi. Urik tetep sok ngrugeni wong liya.  Haratayah, piye yen kepleset, jekangkangan, terus klenger ta! (35)

(—Suwardi Endraswara, pengajar Filsafat Jawa FBS UNY /)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s