Cepet, Slamet, Ora Klelat-klelet


Cepet, Slamet, Ora Klelat-klelet

image

ORA beda karo swasana ing dalan-dalan gedhe jero kutha, ing jagading politik uga kabeh padha ketok kesusu olehe lumaku. Kabeh padha rebut dhisik. Kabeh padha kepengin ana ngarep dhewe. Sing penting cepet, nganti sok-sok lali menawa apa wae iku temene kudu nganggo wewaton, kanthi irama, lan angon wektu.

Jagad unen-unen temene wis kebak dening pamrayoga supaya samubarang tumindak tansah ora ninggal ing pangati-ati. Sing penting slamet lan ketekan sedyane. Nanging jroning swasana sing saya cepet owah-owahane, ing kahanan sing sok-sok sarwa ora bisa dipesthekake, apa isih relevan unen-unen kayadene ‘’alon-alon waton kelakon’’?

Ing jagad pewayangan, Baladewa kerep digambarake minangka ratu sing srogal-srogol, samubarang tumindak kudu sarwa cepet. Nanging ya kuwi, saking srogal-srogol lan cepete, sok-sok dadi kecepetan lan kurang ing petung. Titik kelemahan mangkono iku sing banjur dimanfaatake dening rayine, Prabu Kresna sing jejer minangka botohe Kresna. Baladewa diapusi, dikon tapa ing Grojogan Sewu sasuwene Bratayuda. Pamrihe, ratu Mandura iku ora ngrewangi Kurawa, saora-orane ora ngrusuhi skenario sing wis dirancang dening Kresna.

Senajan ora nganti fatal akibat saka tindak-tanduke sing sarwa cepet, sok-sok luput uga patrape Baladewa. Semonoa, Baladewa tetep dadi werna liya sing ngregengake jagad pewayangan.

Ing lakon ketoprak, Arya Penangsang bisa dadi gambarane kebat kliwat. Jroning memungsuhan karo Sultan Hadiwijaya saka Pajang, Arya Jipang iki katon banget olehe kepengin cepet-cepet ngrampungake perkara. Marang gurune, Sunan Kudus, dheweke nyuwun tulung maeka marang mungsuh bebuyutane.
Jroning musyawarah ing Panti Kudus, Sunan Kudus nyiyapake kursi khusus kanggo Hadiwijaya. Kursi mau wis dirajah sadurunge. Kanthi mengkono, sing nglungguhi kursi mau bakal apes, bakal ilang kekuwatane.

Nanging Hadiwijaya, kanthi diampingi-ampingi Pemanahan, orang kurang ing kaprayitnan. Nalika dimanggakake supaya lungguh ing kursi sing wis dicepakake, dheweke nulak alus. Pungkasane, malah Arya Penangsang dhewe sing nglungguhi.
Ing kono, wong loro mau malah padudon, padha ngagakake kerise dhewe-dhewe. Sunan Kudus sing mrepegi banjur nyapih, nyekeli tangane Hadiwijaya kanthi ngucap, ‘’Rangkakna!’’

Kuwi jarene pralampita amrih Arya Jipang ngrangkakake keris menyang awake Hadiwijaya. Nanging ora mengkono panampane Penangsang. Keris dirangkakake.

Nalika campuh perang Jipang-Pajang, Arya Jipang uga wis diwanti-wanti supaya luwih sabar, aja nganti nyabrang Bengawan Sore. Nanging dhasare watak wantune sarwa grusa-grusu, Penangsang lali marang petung, satemah nemahi tiwas perang mungsuh putra angkate Hadiwijaya, Senapati.

Kebat Ora Kliwat

Jroning khazanah unen-unen Jawa, kejaba ‘’alon-alon waton kelakon’’, uga ana ‘’kebat kliwat, gancang pincang’’. Semangate padha, padha-padha nengenake tumindak sing luwih sareh, yaiku sakabehing tumindak kudu ditimbang lan dilimbang, ditinting lan ditanting mungguh tuna lan bathine.
Nanging apa sing sarwa cepet iku mesthi bakal nuwuhake kapitunan? Apa sing cekat-ceket iku mesthi ora mikolehi? Mengko dhisik.

Wisanggeni contone. Kejaba tegas, putrane Arjuna iku tumindak sarwa cepet lan pas, luwih-luwih kanggo njaga utuhing bangsa. Wisanggeni uga ora tau mangu-mangu. Upama ora ana Wisanggeni, bokmenawa tlatah Banakeling, Widarakandhang, lan Tunggarana durung manunggal jroning bedhamen. Mangka, sadurunge tansah ora ana kerampungane.

Saka babon Ramayana, Rama digambarake ora enggal tumindak sanajan Sita wis suwe ana jroning cengkeremane Rahwana. Tujune ana Sugriwa lan bala wanara liyane sing tansah cukat, ceket, trampil, trengginas jroning tandang grayang.

Semono uga Arjunasasra, sing jan-jane uga ora beda karo Sumantri. Loro-lorone dianggep padha kasil nindakake pakaryane dhewe-dhewe. Kamangka, ora! Dudu Sumantri, apamaneh Arjunasasra, nanging Sukasrana. Sukasrana sing ‘’pasang badan’’ nalika Sumantri dadi duta pamungkase ratu Maospati mboyongi Dewi Citrawati. Sukasrana uga sing kelakon muter Taman Sriwedari nalika Sumantri, uga Arjunasasra, isih mikar-mikir piye carane minangkani pamundhute sang dyah ayu mau.

Ya, Sukasrana lan uga para wanara wis tumandang cepet jroning kaanan krusial, kahanan sing mbutuhake apa-apa kudu ditindakake kanthi cekat-ceket, ora klelat-klelet.

Pancen, apa-apa iku ana wektune sahingga ora perlu nggege mangsa. Nanging ora banjur mung angon wektu, yen kuwi uga mung mujudake sikap pasif utawa malah thenguk-thenguk ngarep-arep nemu kethuk.

Dalan rupak aja nganti kedhisikan! Iku sing sok-sok ndadekake luwih padha milih dalan sidhatan, merga luwih cepet tekane, senajan sing mengkono iku sok-sok nyebal. Nanging ing kono uga satemene dumunung kreativitas, saliyane kuwanen —klebu wani nanggung risiko.

Ewasemono, aja banjur gumampang, mundhak katunjang-tunjang. Ora kesusu yen mung bakal kleru. Aja nganti kebat kliwat sarta gancang nanging temahan pincang. Sing bener lan pener, mesthi wae kebat nanging ora kliwat, gancang nanging ora pincang. Ora klelat-klelet, nanging slamet. Merga ya slamet, rahayu, iku tujuan sing luhur dhewe.

Sareh dimen pikoleh iku ora banjur  nguler kambang, satitahe wae. Merga yen lakune alon-alon, kapan bakal kelakone. Ora mung merga wedi kelancangan, merga yen ngugemi pituture Sasrakartana, piye bisane rikat tan nglancangi. Utawa maneh, ora perlu ditunggu nanging dienteni karo mlaku.

Crita saka Babad Tanah Jawi kaya-kaya bisa dadi kaca benggala. Wahyuning praja, tumrap Ki Ageng Giring, temene wis kari dipuluk. Emane, klapa degan minangka wadhage wahyu ora enggal-enggal diombe, nanging malah didokok ana paga. Marang sing wedok, dheweke uga wanti-wanti supaya degan mau direksa. Ki Ageng Giring nduwe panemu, ‘’ngombe degan’’ iku uga kudu ngenteni sangat sing pas, angon wektu, ora perlu kesusu lan grusa-grusu.

Sajake Ki Ageng lali, manawa sing ngoyak tumuruning wahyu ora mung dheweke. Pemanahan sing pancen sarwa cekat-ceket nanging tansah kebak ing petung, ndilalahe mampir ing omahe Ki Ageng. Dhasar ngelak, degan diombe, nganti entek. Wahyu keprabon nyarira tunggal ing anggane Pemanahan. Ki Ageng mung bisa ngemut driji. (35)

(Sucipto Hadi Purnomo, dosen Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa FBS Universitas Negeri Semarang/)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s