Jawa ing Jaman Postradisional


Jawa ing Jaman Postradisional

image

BOCAH cilik saka Jombang sing jeneng Ponari wus gawe pangeram-eram karana nemokake watu bledheg kanggo nambani maneka warna lelara. Ewonan wong saben dina teka ana wismane Ponari mung saperlu golek tamba. Ora mung bisa nambani lelara nganggo medhia banyu tawa, jare Ponari malah wis ngedegake industri minuman kalengan. Ah mosok iya? Ora percaya?

Mangga tindak warung terus mundhut Ponari Sweat! Panjenengan bisa ngrasakake nikmate minuman iki. Kuwi mono mung anekdot nanggapi saya horege swasana; Geger Ponari.

Akehe wong kang pengin mertamba ana papane Ponari satemene nuduhake pola pikire warga bebrayan kabeh.

Wong-wong isih padha ngarep-arep tekane mukjizat kanggo ngrampungake masalah uripe. Ora muhung jalaran nora duwe yatra kanggo mertamba utawa jalaran saka layanan kesehatan sing nguciwani konsumen. Luwih saka kuwi, para warga kepengine bisa waras kanthi dalan pintas. Cukup diluluri banyu putih utawa diusap jimat banjur sirna kabeh memala, lunga sawernaning lelara, lan ilang maneka panandhang. Kang kaya ngono kuwi asring tinemu ing alam dongeng. Nanging bebrayan isih percaya banget anane mukjizat mula banjur padha rame-rame ngupadi usada lewat dalan magis.

Saliyane fenomena Ponari, ana maneh kanyatan kang gawe sesek dhadha nalika nyumurupi wong Jawa padha rebutan sesaji. Ing ritual-ritual tradisional wiwit sekaten, saparan, merdi desa, bersih makam, kirab pusaka, larung, lan sapanunggale kang lumrah mesthi ana sesaji kang didongani sakteruse kanggo diedum-edum marang warga bebrayan kabeh. Mbok menawa ora dadi masalah yen ritual kuwi muhung kanggo ngleluri tradhisi. Sing njalari prihatin ora liya anane rebutan berkah sing dilambangake nganggo rebutan barang-barang sing kanggo sesaji kuwi. Manut pinemune wong akeh, barang-barang sing wis didongani banjur duwe daya linuwih.

Jimat

Woh-wohan, gegodhongan, lan sapanunggalane bisa mahanani ayem tentreme bebrayan, kabagyan rumah tangga, lan sukses urip liyane. Nora mokal nalika Ibu Tien seda lan andum beras kanggo warga sakiwa tengene, beras pawewehe Ibu Tien kuwi disimpen ana papan penyimpenan beras lapis kapisan kanthi pangajab bisa kanggo jimat. Pangarep-arepe karben mahanani kecukupan boga saben dina.

Kanyatan masyarakat nora gelem ngupadi piwulang kang siningit ing suwalike lambang-lambang ing upacara ritual nanging muhung melu anut grubyug. Ing kamangka lamun gelem ngupadi piwulang kang siningit ing suwalike pralambang, warga bebrayan bisa nemokake spirit urip sing migunani. Contone, nalika ana sekatenen akeh ditemokake wong-wong kang dodolan pecut lan endhog amal. Pecut mono pralambange nafsu kang kudu dikendhaleni. Yen ora bisa ngendhaleni nafsu mula mbebayani. Pecut iku kudu dilepas nanging uga kudu dicekeli kenceng. Sateruse endhog amal wus ngarani yen wong urip dibeciki anggone ngamal mring sepadha-padha. Kuwi mono piwulang luhur ing suwalike upacara sekatenan.

Yen para nimpuna lan para pujangga duking uni wus keraya-raya gawe piwulang kang diwujudake dadi pralambang-pralambang kaya kuwi karepe karben luwih gampang disumurupi lan diamalake ing urip padinan. Emane, masyarakat Jawa isih luwih seneng bab-bab sing ngayawara kayata rebutan sajen, rebutan banyu bekas kanggo ngresiki kreta utawa pusaka liyane, rebutan lurup makam, utawa rebutan lethong kebo bule. Kudune warga bebrayan luwih ngutamakake ngupadi piwulang luhur para sarjana sujana kang nilari pusaka wujude piwulang kautaman.

Ana siji maneh sing klebu fenomenal; wong sesirih aneng tengahe Kali Brantas nganti tumekeng pati. Kaya wus tinulis ing Suara Merdeka sawetara wektu kepungkur, ana priyayi setengah sepuh loro asal Sragen sing mati sawise kungkum ing Kali Brantas ing madyaning ratri. Anggone padha kungkum iku muhung nuruti pituduhe saweneh paranormal sing umure lagi telung puluhan taun. Laku kungkum kuwi dilakoni amarga padha duwe gegayuhan. Sing siji kepengin entuk bojo (mesthine ya sing ayu njaba njero) sawise dadi dhudha sawetara wektu dene sijine maneh kepengin anake kangkat dadi pegawai negeri sipil (PNS). Kungkum pancen klebu laku spiritual sing asring diwulangake dening para sepuh. Nanging tanpa petung sing permati wong bisa kena cramp wetenge. Kaya lelakon iki akhire loro-lorone dadi korban ambisine anggayuh sukses liwat dalan sidhatan.

Papan Wingit

Ora mung laku kungkum wae, yen kita gelem teka ing papan-papan panepen lan pasujarahan kita bakal digawe gumun nyumurupi kahanan. Atusan lan malah ewonan wong padha teka ing papan-papan wingit ing dina-dina khusus (malem Jumat Kliwon, malem Selasa Kliwon, lan sapanunggale). Yen ditakoni apa sebabe sesirih ing papan kuno, ana sing njawab jare pengin cedhak mring Pangeran kang Maha Kuwasa. Pengin cedhak mring Pangeran kok ndadak kudu nganggo laku ritual kaya kuwi? Wangsulane jare manut para leluhur sing wis rumuhun iya padha nindakake laku kaya ngono. Nanging yen ditakoni maneh banjur padha ngaku anggone laku ritual iku jare kepengin sukses uripe; bisa munggah pangkat, bisa dadi anggota DPR, bisa dadi lurah, bisa sugih, bisa kajen keringan, bisa sekti, bisa lulus ujian, lan sapanunggale. Saweneh caleg ing pesisir lor malah ngadani laku ritual nyekar kabeh makam keramat sedawane pesisir lor. Nora kawruhan kabul kawusanane embuh caleg iki dadi anggota DPRD apa amarga dheweke saka partai cilik.

Kanyatan-kanyatan kang dakaturake ing dhuwur satemene mung nguwatake tesise Neil Mulders (1996) sing ngandhakake yen wong Jawa iki lagi tumapak ing alam postradisional. Post traditional society iki mujudake alam bebrayan sing durung tumeka ing alam modern. Ing jaman iki bebrayan Jawa isih ngugemi lan nindakake tradisi-tradisi nanging dibuntel kayadene pakarti modern mula nora kawistara. Bebrayan uga nindakake eksperimen-eksperimen kanthi bentuk lan organisasi anyar lan modern, nanging isi sejatine isih mambu kahanan/tradisi lawas. Prastawa-prastawa ing dhuwur nuduhake kabeh kanyatan kang diandharake dening Mulders.

Satleraman kaya-kaya wong Jawa wus mlebu ing alam modern yen nonton kahanan fisik. Kita bisa nyumurupi tata panguripan padinan sing sarwa modern. Fasilitas urip kang nora ketinggalan jaman, sandhangan lan gaya urip sing ora primitif maneh, sesrawungan, pola mangan, lsp kabeh wus neniru gaya lan panguripan ing era modern. Nanging, yen kita tliti kabeh kuwi mung winates ing alam lair utawa lagi tekan tataran lair. Bebrayan isih akeh sing ngugemi tradisi-tradisi nanging wus dikemas wujude mula nora katon primitif maneh. Bab petung nasib kanthi ngirim SMS menyang saweneh paranormal, umpamane, conto nyata yen pola pikire wung-wong kuwi isih tradisional. Akehe upacara tradhisi kang diadani saben taun nora muhung kanggo event wisata nanging isih akeh sing ngugemi sarining nilai tradhisi conto liya yen kabeh kuwi pakarti tradisional sing diwungkus nganggo klambi anyar.

Ing kahanan kaya kuwi satemene masyarakat isih angel diajak nampa nilai-nilai anyar sing luwih maju lan profesional. Budaya tepat waktu klebu nilai anyar sing mesthine ditindakake dening wong modern. Budaya iki isih angel banget ditindakake ing urip padinan amarga angel anggone padha nindakake perilaku urip disiplin. Akeh sing isih ngendhe-endhe wektu lan nora nenimbang efisiensi wektu nalika nindakake saweneh bab. Budaya tepat waktu kuwi mbokmenawa mung bisa disumurupi nalika ngadani kendhuri. Nalika diundang kendhuri adate padha teka sadurunge wektu jalaran isin yen tekane telat. Upama bisa dikembangake ing kegiatan liya mbokmenawa kita bisa mlebu ing alam modern.

Kajaba iku, wong-wong isih akeh kaiket dening simbol-simbol nanging nora ngupadi esensi utawa hakikat saka pralambang-pralambang mau. Fanatisme simbol utawa lambang iki kadhang njalari daredah ing tengahe masyarakat ing kamangka wong-wong sing fanatik simbol iki nora ngerteni hakekat. Lambang kang wujud agama, organisasi agama, partai politik, suku, dhaerah, asring nyebabake wong-wong padha nindakake tetimbangan nalar lan iku mbebayani banget munggung kanggo njaga srawung ing urip padinan. Tekan kapan era post tradisional iki lumaku ing bebrayan Jawa? Kabeh gumantung marang kita kabeh. Yen nora padha gelem ngowahi pola pikir lan perilaku selawase wong Jawa kekungkung ing alam postradisional iki.

(—Sudadi, dosen FKIP, Universitas Muhammadiyah Purworejo /)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s