Kaprawiran


Kaprawiran

Kaprawiran iku asale saka tembung ”prawira”. Prawira utawa perwira iku sifat utawa bebuden kang kudu didarbeki dening para manggalaning jurit. Sifat perwira iku sifat tatag-tanggon, kendel, ora ngucireng yuda. Perwira iku ora wedi kangelan, tansah mrantasi karya, disiplin, lan ngugemi bebener. Perwira iku nduweni rasa tanggung jawab kang gedhe, tansah njaga martabat utawa harga dhirine, lan adoh saka tindak kang nistha. Upama nganti tumindak kang luput, wong sing perwira mau wani ndhandha kaluputane lan siyaga nampa pidana kang bakal dipatrapake.
Bebuden sing kaya mangkono mau ora mung perlu didarbeki dening para manggalaning jurit, nanging uga dening abdining negara liyane. Para menteri, para kepala daerah, para wakiling rakyat. Para pemimpin perlu nduweni kaprawiran. Saya dhuwur kalungguhane kudu saya kandel sifat kaprawirane. Ing masyarakat kang sifate paternalistis iki para pemimpin perlu nyadhari menawa tindak-tanduke tansah tinulad dening anak buah lan rakyate. Mula, para pemimpin iku kudu bisa dadi tuladha kang becik.
Sifat perwira iku kaya-kaya durung mbalungsumsum ing kalanganing para pemimpin lan birokrat. Kalungguhan ora kawawas minangka kalodhangan kanggo ngabdi negara, kamulyan lan kesejahteraan bangsa. Kalungguhan sing kadhang kecekele kanthi ngetokake prabeya sing ora sethithik iku luwih kawawas minangka kalodhangan golek pepulih, golek tambahing kaskaya murih raharjaning kulawarga sumrambah marang anak-putu. Sawetara pejabat ana kang namakake senjata ”aji mumpung”. Ing sadhengah papan ana kebocoran anggaran. Dhuwite negara banjur ora cukup kanggo mbangun praja lan gawe sejahterane rakyat. Senajan wis mardika pirang-pirang puluh tahun, masyarakat kang adil lan makmur berdasarkan Pancasila durung bisa kagayuh. Kaprawiran iku durung didarbeki dening para pemimpin lan wewakiling rakyat.
Para pemimpin perlu nengenake tanggung jawab saha njaga kaurmataning kalungguhane sarta wani ndhadha kaluputane. Akeh sing padha endha menawa nampa kritik, golek dhalih lan pembenaran tumrap apa kang wis katindakake.
Ing Jepang, pemimpin sing rumangsa wis nindakake kaluputan, sing rumangsa gagal, kanthi rila legawa mundur kanggo nuduhake rasa tanggung jawabe. Iki uga mujudake sikap perwira sing durung didarbeki dening para pemimpin Indonesia.
Sifat perwira iku ngedohi tindak nistha. Pemimpin perlu nyadhari menawa kalungguhan lan pangkat iku nduweni konsekuensi kang abot. Kalungguhan lan pangkat ngudokake para pemimpin iku nduweni bebuden sing ora mung padha karo sadhengah uwong. Pemimpin kang ajiwa perwira iku dibutuhake banget. Emane isih akeh pemimpin kang kengguh ing panggodha, saya-saya yen olehe antuk kalungguhan mau kanthi nggunakake cara kang ora becik. Golek pepulih, gedhening pamrih, ngaji pupung, dumeh duwe panguwasa, bisa ngilangake kaprawirane.

Dening Soedjarwo

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s