Kegodha Donya, Kuwasa, lan Kenya


Kegodha Donya, Kuwasa, lan Kenya

image

MANUNGSA kuwi jebul pancen duwe nepsu brangasan. Nepsu iki bakal nyurung manungsa kelayu gebyar. Pengin donya brana, panguwasa lan kenya. Pengin menang-menange dhewe. Njur rumangsa amba jangkahe, nggedhengkreng lungguhe, emoh medhun, terus sok lali bibit kawit. Luwih-luwih yen pepenginan mau wis mbuta cakil, methakil, kemethak, lan sapa sira sapa ingsun. Ora wurung njur pengin ngemperi jagad. Semangat uripe tansah bojleng-bojleng prajaka belah jejegan iblis laknat, ngumbar hawa, nggugu karepe dhewe.

Watak brangasan kasebut bisa mbludag, merga ing awake kesinungan nafsu warna abang, kedadeyan seka anasir getih. Bab iki asring kempel dadi nepsu amarah, sing bisa mbrongot kekarepane sapa wae. Yen klakon kedilat geni amarah, jiwane kobar, malik dadi angkara murka, luwih-luwih yen lagi duwe panguwasa. Yen wis duwe kalungguhan, lumuh kungkulan. Ana sing nedya ngedan. Anehe, sing ngedan mau sok malah bisa dandan, ora kewudan. Ngono yen lagi ora apes. Yen lagi keplenyok, wow, kaya manuk kudanan njekutrut.

Nafsu angkara yen wis umeb, nggodha, rosane ngungkuli gunung njeblug, lan ndayani wong pengin nyakrawati mbaudhendha. Pengin numpuk raja brana. Lan sing paling mbebayani wong mau malik seneng ”SWS”, seneng wong (liya) sengsara. Yen ana wong liya kedhungsang-dhungsang, keplok. Ngene iki sok njalari ati tegel, tega, lan degsiya. Dheweke asring awatak ”SWM”, tegese susah wong (liya) mulya. Mula, ora mokal yen ana sing arep entuk kabegjan, serik, mrekitik, njur sok nggunakake nafsu bejate, neka-neka. Luwih nggegirisi meneh yen wong kasebut wis kesengggol ajining dhiri, rumangsa bakal kewiyak wadine, sok gelem nekad. Gelem nekak gulu, najan kudu nabok nyilih tangan.

Menawa manungsa wis kebrukan bandha lan kelayu donya, pancen sok ndleya. Gelem tuku panguwasa lan dolanan kenya. Dheweke gelem ngejur-ngejer dana kanggo kulak wibawa lan esem ngujiwat wanita. Dadi, kuwasa, kenya lan wibawa dikertaji aji nganggo donya, wani pira, dudu wani ngapa. Ing kene drajat pangkat semat nikmat, wis njalari wong Jawa tambah keparat. Tobil anak kadhal, wong kasebut sok keyungyun nikmat, endahe kahanan. Gajege, angger apa-apa keturutan, utamane wong priya, ora sethithik sing lali lajer uripe. Gampang kepilut tembung manis manuhara. Kesengsem megole bokong. Kelayu lambe tipis, pipi nyemburat abang maya-maya, ngelayoni. Luwih-luwih yen wis nyawang kali satengahe gunung kembar, kaya-kaya bisa ngelun kedhunge rasa.

Nyah-nyoh

Coba eling-elingen, jaman Jaka Tingkir wis dadi tamtama, piye? Gelem mlebu keputren ta, gandheng karo Rara Sampur, kang saiki dadi kisah Dhadhungawuk. Prabu Dipakusuma piye, uga lali, kegiwang Dewi Daruwati nganti nuwuhake lembu peteng. Adipati Cakraningrat nganti rebutan wanita kinyis-kinyis karo Pangeran Tejaningrat. Kisahe Sri Tanjung karo prabu Silakrama lan Tantri Kamandaka, malah saben wengi njaluk prawan. Samono uga kisah Yuyu Kangkang, wis, dhemen krubyuk sengok, hemmm.

Mangkono sapiturute isih akeh banget, angger priya wis bisa idu geni pancal mubal, anehe sok gampang kegodha kecopak iwak, kemrincinge receh, lan pledhinge wentis kuning. Wong lanang mau sok moprol, nyah-nyoh, lan sak-sok glogok marang kenya pepujane.

Godhong asem (sinom), pancen luwih nengsemake, timbang godhong garing. Kang dibledig, wong kasebut nikmating donya. Mula, saiki genti nepsu supiah kang ngrajani angen-angene. Aku njur kelingan gendhing ”Slendhang Biru” karyane Ki Nartasabda, ana larik sing muni: kedhep tesmak aku nyawang slendhang biru, lan sapiturute. Iki nggambarake priya sing ketlikung obahe slendhang, methoke gelungan, lan kedhep liringe kenya kinyis-kinyis. Uga geguritan ”Jaman” karyane Moh Yamin MS sing ana gatra kang muni: jaman maju wong urip sarwa kesusu, mlebu metu neng hotel nyandhing wong ayu. Gula dikruyuk semut, wis tuwa dha ra nyebut!

Lhadalah! Jebul akeh tenan ing bumi Nusantara iki, priya sing wis kekeceh bandha, linak-lijo, limbah-limah, lica-lingga tumindak nasar, nrejang sarak nyingkiri bebener. Katone, priya mau sing baku bisa nuruti wudele. Marem! Dheweke lali unen-unen: senenge mung sak klentheng, rekasane sak rendheng. Uh! Lamun ngene iki lumaku terus-terusan, mesthi wae uripe priya kuwasa lan wibawa, dadi nyandiwara, kaya ing ndhuwur panggung. Bakune, ”wong ngomah” ora ngerti, gedibal-gedibal diblebet lambene nganggo angka, wusana aman-aman wae. Karepe mbilung, iya ta. Lha Togog?

Kesrimpet

Wong sepuh biyen, jane wis sok mejang, jare godha kuwi luwih rosa. Yen nganti lena bisa tiba nistha. Ujare, wong lanang ki cen wedhus, yen diumbar, ndrawasi. Malah sing alok wong lanang ki ra beda kucing, yen didhepi gereh? Cen ”asem”! Wong lanang ki gampang kesrimpet padon tapih. Pokal sing penthalitan, sesidheman, lan dolanan mawa mau sok kekudhung, priya kudu duwe curiga, wanita, kukila, lan turangga. Isih kelingan ta, jaman Ken Arok bareng wis lungguh ing Tumapel, nglirik wae marang Ken Dedes. Dheweke mak dheg nalika weruh tapihe Ken Dedes nglingkap.

Kisah iki, dening Suparta Brata tau diukir dadi crita cekak sing sesirah ”Reca”. Ora beda karo Ajisaka, kang ora kuwat nyawang wanita sing lagi nutu pari ing lumpang, merga kesempyok angin, tapihe sumilak, ndudut ati lanang. Ki Ageng Mangir kang kelayu karo wanita desa sing lagi rewang, wusana digambarake nganggo lading kang ilang lap ing pangkone kenya iku. Samono uga Ki Ageng Pemanahan karo Nyi Ageng Giring, nuwuhake mitos degan ijo.

Wis, wis, wis! Sangertiku durung ana raja Jawa kang bisa uwal seka godha. Prabu Dasamuka bareng wis dhogdheng samaladheng, pengin remu-remu pipine Sinta, najan alasane ngupadi titisane Sri Widawati.

Prabu Maesasura sawise nguwasani kraton Guwa Kiskendha, uga keglibeng endahe rupa dewi Tara, putri kahyangan. Prabu Baka uga kedanan manis nejeme lathi Rara Jonggrang. Sajake, yen wis kedilat godha, ”iman” sok kuwat ning ”imin” sing ora kuwat.

Mula, yen kepengin uwal seka godha sing nyolok mata, wong tuwa biyen mrayogakake: Yen durung duwe panguwasa, njangkaha sing amba, yen wis duwe wibawa, nglungguhana trapsila. Yen durung nyandhing kenya meleka sing amba, yen wis duwe merema ning premana. Ulegane unen-unen iki nunggal misah karo gegebengane para luhur kang unine nulada laku utama, tumrape wong tanah Jawi, wong agung ing Ngeksiganda, Panembahan Senapapti, kepati amarsudi sudaning hawa lan nepsu, pinesu tapa brata, lan sapiturute. Wose, yen pengin kalis seka godha, ngeker hawa nepsu kanthi tarak brata, iki sing abot.

Laku ngeker kanthi sesirik pancen abot. Kejaba butuh resik lair batine, uga ora asring cedhak-cedhak kebo gupak. Yen bisa ngugemi bapang den simpangi. Urip ora kudu mubra-mubra, dhemen ngemut legining gula. Ana gerongan salisir ing gendhing Jawa kang muni: garwa sang Sindura prabu, wicara tanpa karana, aja dolan lan wanita, tan nyata asring katarka. Yen cedhak karo kenya, kurang begjane nuwuhake pandakwa sing ora-ora, cubriya, lan nyenyamah. Isih arep diterus, emoh dalan padhang ta? O, wong salah bakal seleh. Bathang kuwi arepa disasabi, tetep mambu. Hih! (35)

(—Suwardi Endraswara, mulang Filsafat Jawa ing FBS UNY/)

Komentar
  1. Suliyanto mengatakan:

    Cocog, Lur …!

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s