Lampahipun Nyi Roro Kidul ing Kabudayan Jawi


Dening Arswendo Atmowiloto

Lampahipun Nyi Roro Kidul ing Kabudayan Jawi

image

KAGEM sutresna basa tuwin sastra Jawi, keparenga kawula sumela atur sawetawis. Nyuwun gunging samodra pangaksami menawi wonten atur kawula ingkang mboten mranani penggalih utawi natoni manah panjenengan sedaya.

Sejatosipun sastra Jawi sampun lengser duk nalika aksara Jawi mboten dipun-ginaaken malih, lan kasalin aksara Latin. Ing ngriku, dados wonten ingkang ewah, ingkang ical. Kadosta ungelipun ”o”, ”-a”, ”a”, dados kisruh. Luntur ugi, filosofi ingkang ngrengku aksara kalawau. Mboten wonten pangku ingkang mateni.

Nalika samanten tasih wonten pangajeng-ajeng bilih sastra Jawi mawi aksara Latin bakal ngrembaka. Lumintu saking lan dening majalah, buku, tuwin sesrawungan utawi piwulang ing sekolahan. Nanging saya dangu kahananipun inggih saya nglangut kadidene ”susuhing angin”, kadidene ”dog amun-amun”. Katon wonten ing panyawang, nanging ilang sak nalika dipun cedhaki.

Manawi sakpunika tasih sutresna ingkang prihatos, ingkang nandhang luh cintraka, inggih punika priyantun ingkang ngugemi saestu datang sastra Jawi, inggih punika priyantun ingkang linuwih ing kasetyan. Pejah gesang ndherek sastra Jawi. Kawula ngaturaken sungkem, ngurmati panjenengan ingkang linangkung ing zaman. Kedah wonten ingkang makaten.

Panci mrihatosaken, nanging sejatosipun ”Kabudayan Jawi” mboten namung wonten ing basa, ing aksara, ing pocapan kemawon. ”Kabudayan Jawi” langkung ageng, langkung wiyar tebanipun, langkung sekti mandraguna, langkung ajur-ajer tinimbang kaliyan basa utawi sastra, utawi keris, utawi keris, utawi blangkon tuwin selop, utawi gebyog, utawi kembang setaman. Sedaya kalawau punika namung woh, ron, utawi kembang. Ingkang saged ngrembaka ing sajroning zaman kelakone. Ingkang dados wos, ingkang ndadosaken sedaya ron, woh tuwin kembang punika inggih punika oyod kabudayan Jawi. Inggih punika ingkang katelah Kejawen, dening mbah buyut. Sejatosipun kejawen punika ingkang dados suksma sejati. Suksma ingkang bade ngrembaka, tuwuh lan tuwuh malih, najan to ketinggalipun malih rupa.

”Manuk Gusti”

Keparenga kawula ngunggak kabudayan sanes, ingkang dipun tengeri Kabudayan Semit. Punika budaya ingkang dipun agem bangsa-bangsa Semit wonten Timur Tengah. Sareng kaliyan wolak-waliking jaman sarta kasrambahan budaya sanes, budaya Semit katelah budaya Yahudi, lan salajengipun budaya Kristen, kalayan Islam. Kapitadosan —antawisipun— dhateng Gusti Panguwasa Jagat ikang dipun wastani YHWH (amargi mboten kepareng dipun sebat, najan wonten ingkang nyebat Yahweh)— ingkang satunggal, dados kapitadosan meh sedaya umat ing donya. Kita nampi agami, nabi, Gusti, kitabipun, lumantar budaya Semit kala wau, ingkang mathok paugeran agami pinangka syarat-syaratipun.

Ing babagan punika, budaya Jawi gadhah paradigma ingkang benten, inggih punika ingkang kasebat ”Manuk Gusti”, utawi ”Manunggaling Kawula Gusti”.  Punika konsep, filosofis, jejer, ingkang saestu benten —najan to mboten kedah dredrah lan mungsuhan. Benten, nanging mboten sulaya. Sedaya kala wau sampun dados sesanggeman, dados jejer ingkang ajur ajer, nalika srawung kaliyan agami utawi budaya Hindu, Buddha, utawi sanes-sanesipun, wiwit jaman ja-mbejuja ngantos dinten punika.

Kawula nginten bilih konsep agung ”Manuk Gusti”, wewujudan Kedjawen ingkang jenius, ingkang kampiun, ingkang ”mbrojol sela-selaning garu”, ingkang waskita, ingkang saged nggathukaken bab-bab ingkang suci, sakral, kalian kahanan urip saben dina. Kula kinten, dereng nate mireng, panyandra Gusti Kang Murbeng Jagad tuwin umat kadosdene , ”curiga manjing warangka”, ingkang sumanak, enak, ruwin ngangeni.

Jumat Kliwon

Suksma sejati saking Kejawen punika sampun wiwit kina-makina, mawujud rikala paraga Panakawan melebet ing pawayangan. Saknalika, wayang —kathah ingkang mastani saking India— dados benten. Panakawan —saged Semar, Gareng, Petruk, Bagong, utawi Togog, Mbilung utawi katambahan Limbuk, Cangik— ndadosaken rakyat pidak pedarakan dados mulya. Ngungkuli para dewa-dewa ing Kahyangan Jonggring Saloka. Malah kepara lakung gecul, amargi dewaning-dewa Hindu, kenger dening —nuwun sewu—entutipun (ana jenenge ora ana rupane) Semar (ora lanang ora wadon).

Punika sanggit ingkang linangkung agung. Ingkang tasih ”tumimbal lair” rikala Kanjeng Sultan Agung Hanyokrokusuma ”ngrabekaken” petangan kalender Hindu, Jawi, Islam dados setunggal ing tanggal 1 Sura. Pananggalan sakdonya remek ical dening petungan pananggalan Masehi, nanging etungan pasaran Pon, (Wage, Kliwon, Paing,Legi) tasih sanget dipun ginaaken. Malah kepara pinunjul, amargi saged mbedakaken wigatinipun dinten Jumat setunggal kaliyan sanesipun.

Punika saestu sanggit ingkang nggegirisi, jer petungan Jawi tasih kasebat, saged urip bebarengan kalian pananggalan Masehi utawi petungan sanesipun.
Panginten kawula, sanggit ingkang sami maujud mbotenipun selop —sepatu Walanda ingkang iris wingkingipun, gampil dicopot kangge mlebet Keraton, surjan— jas ingkang krowok kangge ngetingalen keris, lan sapanunggalipun.

Nyi Roro Kidul

Manawi yektos makaten, punapa sejatinipun suksma sejati Kejawen punika?

Benten kaliyan pamanggih manca ingkang sarwa pratitis damel definisi, Kejawen mboten saged dipun watesi, mboten saged kinunjara: o, kuwi ngene, ora ngono. Amargi Kejawen punika suksma, ingkah tasih gesang. Ingkang tansah tumimbal lair, ingkang nitis lan nitis malih, ingkang tansah maujud malih lan malih lan malih. Ing pocapan, inggih punika ingkang kawastanan ”ngono, ning ya aja ngono”.

Wonten conto ingkang nglegena. Upaminipun wonten —utawi mboten wontenipun,— Nyi Roro Kidul, punapa kemawon sebabatanipun. Meh sedaya tlatah ing pinggir seganten, wonten mithos lan cariyos Nyi Roro Kidul. Nanging rumaos kawula, namung cariyos Nyi Roro Kidul ing Jawi ingkang luhur wiwit mula buka.

Sawijining putri ingkang nedya lestantun, ngrewangi para raja kangge kamakmuran bangsa, malih rupi dados ”lelembut”, dados ”paraga lembut”. Amargi namung punika margi supados lestantun, salami-lamipun, sareng umuring jagad.

Punapa Nyi Roro Kidul, yektos wonten? Utawi namung carios ngayawara?

Sedaya kalawau mboten wigatos malih, mboten kedah wonten wangsulan ingkang baku, utawi namung setunggal.

Semanten ugi kejawen. Wonten utawi mboten wonten sastra utawi basa Jawi, keris, blangkon, selop, kembang setaman, macapatan, mboten wigatos malih. Sauger tasih wonten manungsa ingkang kempal sareng, ngrembag, nguri-uri, ngembakaken, tasih wonten ingkang saged nyawang wontenipun ”dog amun-amun”. Saged ngraosaken wonten ”susuhing angin”, saged ngraita ”sangkan paraning dumadi”,  saged ”keplok tangan kiwa”, saged ngudarasa kaliyan sesami. Nuwun. (35)

*) Cathetan mirunggan punika, jan-janipun kangge sedherek ing Trenggalek, Kediri ingkang ngawontenaken Festival Sastra Jawa, utawi patemon ing Bale Sudjatmoko, Solo, ing wulan Agustus 2009.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s