Ngurubake Pamore Wong Jawa


Ngurubake Pamore Wong Jawa

image

PAMORE wong Jawa wus saya mbleret. Dudu sapa-sapa, sing njalari mbleret ora liya saka wong Jawa dhewe. Akeh wong Jawa kang pinercaya dadi punggawa praja nanging padha laku nyasar. Emane, anggone tumindak nyasar, plinthat-plinthut, lan ngunthet bandha negara iki asring ditutupi nganggo slogan-slogan piwulang Jawa sing adiluhung.

Ora wurung kang kaya ngono iku nglunturake kawibawane wong Jawa. Yen digambarake pindha kekudhung walulang macan. Karepe karben slamet nanging jebul malah gawe kucem jenenge wong Jawa. Adate yen wis kapanggonan pangkat drajat, wong-wong iku terus migunakake aji mumpung kanggo golek keuntungan pribadi sing sakakeh-akehe.

Ora mung merga kekudhung walulang macan kaya kang disebutake dening Sucipta Hadi Purnomo (SM Minggu, 14 Mei 2006). Saka rumangsaku, wong Jawa duweni perilaku lan sikap negatif sing bisa nglunturake kuncarane wong Jawa dhewe. Ing antarane yaiku sifat lelamisan, ora konsisten, kurang ngregani wektu, lan isih ginubel mistis magis.

Sing sepisan, sifat lelamisan utawa munafik wis suwe tumempel dadi identitas Jawa. Asring wong Jawa mbuntel sikap Ian perilakune kanthi alus mula ora kasumurupan mungguh sifat lan kekarepan kang sejatine. Ungkapan inggih-inggih lan manthuk-manthuk sinungging ulat kang manis durung mesthi tumusing ati. Ing ngarep padhang nanging ing mburine embuh ora kawruhan. Ana tetembungan inggih-inggihe wong Jawa asring ora kepanggih. Persis kaya filsafat blangkon sing dadi ageman mustakane wong Jawa. Ngarepe alus ning mburine nggembol kepelan. Sakwise suwe sesambungan karo wong Jawa terus padha bisa niteni pakarti sing kaya ngene iki. Akibate kepercayaan iku saya luntur mula kudu ngati-ati yen memitran karo wong Jawa.

Sifat lelamisane wong Jawa uga ginambarake ing ungkapan-ungkapan basa Jawa kang ora tinemu ing basa liyane. Sajroning basa Jawa ana istilah nglulu, ngentol, nyemoni, nyasmitani, lan sapanunggale. Nglulu tegese nyekarep wong liya kanthi leluwihan supaya ora nindakake pakarti kuwi. Wong sing ora ngerti dilulu rumangsa diuja mula bakal nuruti sakabehe. Ing kamangka saktemene ora kaya mangkono sing dikarepake dening sing ngomong. Kudune ana duga lan prayoga. Nglulu beda karo ngentol. Ngentol tegese mbuntel kekarepan kanthi nyebutake sing suwalike. Ethok-ethoke emoh dicalonake dadi ketua RT nanging saktemene karepe kenceng. Ngentol ditindakake supaya wong liya simpatik terus milih dheweke dadi ketua RT. Istilah nyemoni tegese nguneni wong liya nanging ethok-ethok ditujokake wong sijine maneh. Adate wong wadon sing seneng semon-semonan. Dene tembung nyasmitani bisa ditegesi menehi prentah utawa kawruh kanthi samudana. Cinarita nalika Kanjeng Sunan Kudus nemokake Sultan Hadiwijaya lan Arya Penangsang, panjenengane menehi sasmita ghoib supaya nyarungake pusakane Arya Penangsang. Dudu nyarungake ing warangka nanging ing dhadhane Sultan Hadiwijaya. Eman, sasmita iku ora difahami dening Arya Penangsang. Ungkapan-ungkapan ing dhuwur (nglulu, ngentol, nyemoni, lan nyasmitani) nuduhake yen wong Jawa seneng nggunakake ungkapan sing ambigu kang padha wae seneng lelamisan. Ora gathuk antarane njaba njero lan ora seneng cablaka.

Dene sifat sing angka loro kang uga njalari wong Jawa ilang kuncarane yaiku ora konsisten. Sakteruse wong Jawa uga duwe sifat sing kurang pas kanggo ngadhepi alam panguripan modern. Anggone kurang ngregani wektu njalari uripe lumaku nguler kambang satitahe wae. Dene sing pungkasan, wong Jawa isih ginubel ing alam pikiran mistis magis. Sing jeneng firasat, impen, kedut, wisik, lan sapanunggale isih nemtokake keputusan-keputusan penting sing bakal dilakoni wong Jawa.

Bukti liya yen wong Jawa isih ginubel alam mistis magis yaiku akehe papan-papan panepen, pepundhen, pasujarahan, lan papan wingit, bangunan angker, sakpanunggalane. Majalah Jawa mesthi duwe kolom mirunggan kanggo liputan papan-papan sing keramat iki.

Saliyane iku ing alam pikirane wong Jawa uga dikenal maneka warna makhluk ghoib. Suwardi Endraswara, pemenang hadiah sastra Rancage 2006, malah ngarang buku Dunia Hantu Orang Jawa. Pancen wong Jawa duwe konsep sing cetha ngenani wujude maneka warna rnakhluk kajiman kayata gendruwo, wewe, thuyul, jrangkong, thethekan, banaspati, wedhon, glundhung pringis, pocongan, lan kewan-kewan mistis liyane. Sing nggumunake, bebrayan Jawa bisa gawe definisi sing kompak nalika jlentrehake wujude makhluk ghoib kuwi. Umpamane, sing jeneng thuyul kuwi makhluk kajiman sing wujude kayadene bayi cilik, drijine mung telu, seneng dimimiki susune juragane wadon.

Ngurubake Pamor

Kanggo ngurubake pamore wong Jawa, wis samesthine yen kita ngadani pambudidaya kanggo wujudake identitase wong Jawa modern. Piye carane? Sifat lan perilaku sing bakal nggubel jangkah tumuju kemajuan kudu padha ditinggalake. Umpamane, wong Jawa kudune wiwit ninggalake laku lelamisan. Mesthine wong Jawa ora nggumun yen wiwit nemoni wong-wong sing seneng cablaka (terus terang) awit iku luwih pas kangge ngadani komunikasi global. Ora perlu ethok-ethok kajaba sing ana sesambungane karo etika lan kesopanan. Yen bab etika lan kesopanan mesthi wae kudu nggunakake eufimisme.

Sateruse kita kudu wiwit ajar konsisten lan tepat wektu. Utamane tumrap wong Jawa sing makarya ing dedagangan, industri, lan pelayanan publik kudu wiwit sinau supaya maremake pelanggan. Ing kene aspek konsistensi (ajeg) banget diperlokake. Aja nganti lirwa sakwise pelanggan wis padha teka terus sakakrepe dhewe. Mbudidaya teat wektu uga penting. Awit ing alam modern wektu iku duwe pengaji sing gedhe banget. Perlu tafsir anyar ngenani piwulang ‘alon-alon waton kelakon’. Piwulang iku ora ngajarake wong Jawa supaya nglemer lan ngendhe-endhe wektu. Manut Sri Sultan HB IX, piwulang ‘alon-alon waton kelakon’ kuwi kudu ditegesi kanthi koma mula kudune diwaca ‘alon-alon, (mawa) waton, (bakal) kelakon’. Nyata yen piwulang iku beda karo sing kita ngerteni saksuwene iki.

Sing pungkasan, wus samesthine kita wiwit mersudi nalar. Alam magis mistis minangka cirine masyarakat primitif kudu wiwit kita kiwakake. Karben wae ana konsep hantu orang Jawa. Mung wae mesthine bangsane kewan lelembut kuwi urip ing alam liya. Kabeh padha sibuk karo urusane dhewe-dhewe. Wus samesthine yen kepercayaan sing kaya kuwi dilungguhake ing porsi sing samesthine. Yen ana perkara ing panguripan kita, kudu ana tetimbangan akal lan nalar. Aja kabeh terus dipikir nganggo tetimbangan mistik. (Sudadi, dosen FKIP Universitas Muhammadiyah Purworejo, cumondhok ing Wadaslintang-35)

(Sudadi/35)

Komentar
  1. Ningtyas Edy Pangestu mengatakan:

    nyuwun palilah andum mas, matur nuwun

  2. Suliyanto mengatakan:

    Eh …, tembung ‘jawa’ iku kena ditegesi pinter. Wong pinter ora dhemen nglarani atining liyan. Kang katindakake dibisa ‘karyenak tyasing sasama’. Mula, yen ana rembug kang kaanggep lelamisan, lsp. kudu ditegesi lan ditampa kanthi pinter uga. Lire, takona marang awake dhewe sadurunge nanggapi panemuning liyan. ”Kenangapa aku dingenekake, aja-aja kang daktindakake nglarani atine dheweke?”

  3. parlin2002 mengatakan:

    kanyataning wong jawa,jawi,jewish….
    Ummat kang pinter “ngeyel” duk jamaning kuno nganti saiki!
    Mugi-mugi…kita sedaya kalebu Ummat kang tansah eling lan waspada…Suwun!

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s