Puja Brata kang Patitis ing Wengi-wengi Winadi


Puja Brata kang Patitis ing Wengi-wengi Winadi

image

NALIKA agama Hindhu-Buddha dadi werna kang dominan ing tengah-tengah bebrayan, Jawa nduwe Siwaratri Kalpa. Nalika Islam ngejawa lan sumebar mratah, wong Jawa banjur duwe lailatul qadar. Ing antarane kuwi, isih ana malem Jemuwah Kliwon, malem 1 Sura, kejaba ana malem selikur.

Ing kekawin Lubdhaka, Mpu Tanakung nyritakake lelakone sawijining pawongan sing nduwe pegaweyan mbebedhag kewan ana ngalas. Kamangka, pegaweyan mateni kewan, padha-padha titah kayadene menungsa, iku tumrap agama Hindhu, apamaneh Buddha, klebu nistha banget.

Sawijining dina, pawongan iku lunga mbebedhag. Nanging sedina mumput dheweke ora entuk siji-sijia buron alas. Nalika sengenge meh angslup, wong kuwi ngenteni ing pinggire tlaga, mbokmenawa ana kidang-menjangan sing mampir ngombe. Nanging pengangen-angene mau ora mawujud.

Sawise srengenge angslup tenan, dheweke ora wani bali amarga alas petheng dhedhet. Kejaba iku, dheweke wedi yen nganti dituweg macan utawa kewan galak liyane. Mulane wong lanang kuwi banjur nginep ing alas.

Turu ing ngisor, dheweke ya wedi, mula banjur menek wit maja sing manglung sadhuwure tlaga. Arep turu sadhuwure wit, ya wedi yen nganti tiba. Mula kanggo cegah lek, wong kuwi methiki godhong maja sing terus ditibakna ing tlaga, siji mbaka siji.

Ndilalah sajrone banyu tlaga ana lingga. Kamangka, lingga iku lambange Bethara Syiwa. Kapinujon uga, muja Syiwa iku apik dhewe yen ditindakake kanthi mapanake godhong maja sadhuwure lingga. Ping telune, sing ijeh klebu kebeneran, wengi iku peteng dhedhet, sing diarani Syiwaratri. Tegese wengine Bathara Syiwa.

Soksapa sing wengi iku melek sewengi natas bakal nampa ganjaran gedhe banget. Dadi, tukang mbebedhak mau, senajan ora sengaja, wengi iku wis asung puja brata marang Bathara Syiwa kanthi patitis.

Mulane, nalika tukang mburu sato kewan mau nemoni ngajal, Bathara Syiwa utusan abdine supaya mapag rohe wong mau amrih dilebokna menyang swargaloka.

Uwal saka panduga manawa crita mau kaanggit dening Mpu Tanakung minangka pangalembana tumrap Ken Arok -tilas brandhal- kang lagi jumeneng nata, kang kang diandharake dening Prof Dr RM Poerbatjaraka ing Kapustakan Djawi, lelakone Lubdhaka tetep wae dadi kaca benggala mungguh pituwase kalamun puja brata iku ditindakake kanthi angon wektu. Mligine ing wengi adi kadidene Syiwaratri mau.

Wengi Pengare-arep

Bisa entuk ganjaran gedhe lan tundhone ngrasakake swargaloka, temene orang mung dadi iming-imingi Siwaratri. Ngancik jaman Jawa-Islam, tumekane wengi kang kebak rahmat lan iming-iming ganjaran iku tetep wae ana. Lailatu qadar arane.

Senajan manut sawetara tafsir tumekane ora gumathok, nanging mratah ana ancer-anacer manawa wengi adi iku tibane ing malem ganjil likuran kalane wulan Pasa. Mula, prayoga ing wengi-wengi kasebut, padha ningkatake amalane. Sebab, saksapa kang ngamal ngibadah ing wengi kasebut, bakal ditekel-tikelake ganjarane. Wengi sing luwih mulya tinimbang sewi wulan, pindhane.

Jawa mesthi wae banjur nduwe cara sing khas kanggo mapag tekane wengi adi kuwi. Tradisi malem selikuran, upamane.

Bancakan, kendhuren, mangan bareng, minangka sarana kanggo manembrama tumekane wengi kang kebak pengarep-arep iku. Saben kulawarga nggawa ambenge dhewe-dhewe. Diadhep bareng ing sawijining panggonan. Mangan bareng ngadhepi ambeng kanthi lawuh sing rada beda saka biyasane, kejaba nuduhake prinsip ?mangan ora mangan kumpul? uga dadi pepeling sarta pangajak supaya ngenteni tumekane wengi kebak kamulyan iku kanthi rasa seneng-gumbira lan kebak pangarep-arep.

Pratandha ngenani tekane wengi kuwi pancen asring digambarake kanthi swasana kang wingit. Persis karo janturane ki dhalang nalika sang prabu arep medhar pangandikan: gegodhongan datan obah, samirana datan lumampah ?aja-aja pratelan iki ugi minangka sarana kanggo ngukuhake anane wengi adi kasebut.

Nggedhekake puja brata ing wayah wengi, temene uga keplok karo tradhisi lek-lekan lan tirakatan sing bisa dinuga wis ana adoh sadurunge Islam ngejawa. Mula ora nggumunake manawa ing wengi-wengi sing dianggep mirunggan mau, banjur wong-wong padha lek-lekan.

Nanging Jawa iku pancen sajake tansah “ora kudu”, mula banjur lek-lekan lan tirakatan mau maneka warna wujude. Wiwit saka sing tadarus ing langgar/mejid, sing nenepi, nganti sing padha ngungkret kretu, watone cegah lek.

Malah ora mung ing malem likuran, “laku” mangkono asring katindakake. Malem Jemuwah Kliwon, kejaba dianggep malem wingit sing bisa uga marakake medeni, uga dadi wengi sing kudu direksa. Sabisa-bisa ing wengi kuwi aja nganti turu kesoren. Mengkono uga ing malem 1 Sura. Kapara ing malem disebut keri iki, anggone padha mapag kanthi tirakatan nganti seprene isih katon sengkud lan massal.

Rehne dianggep minangka wengi kang wingit, mula akeh laku spiritual kang ditindakake nalika wengi-wengi kasebut. Tintrime wengi ndadekake sangsaya khusyuke laku. Ora aneh yen saben wengi, jroning sepi, tansah “mendra saking wisma, ngambah laladan sepi, saperlu angisep sepining sopana.”

Saliyane kuwi, lumantar sagatra tembang asmaradana, para sepuh uga wis paring pepeling: Aja turu sore kaki/ ana dewa nganglang jagad/ nyangking bokor kencanane/ isine donga tetulak/ sandhang klawan pangan/ yaiku bagehanipun/ wong melek sabar narima.

(Sucipto Hadi Purnomo/35)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s