Sabejane sing Kesed Isih Kasil sing Wani Rekasa


Sabejane sing Kesed Isih Kasil sing Wani Rekasa

image

YEN ora gelem lara lapa, mesthine ora perlu ngarep-ngarep bakal kecandhak sing diidham-idhamake. Pancen ana wae wong-wong sing klebu ”thenguk-thenguk nemu kethuk”. Nanging sabegja-begjane wong kesed, mesthi luwih begja sing wani rekasa tur ora kendhat olehe mbudi daya. Mula ora aneh manawa saben keberhasilan banjur dianggep perlu dipahargya, dipanebrama kanthi cak-cakan kang maneka warna.

Temene wis akeh crita sing liding dongenge: ora ana kesuksesan tanpa pambudi daya. Upamaa ana, dudu kesuksesan sing sejati, nanging mung asipat artifisial, kamuflase, utawa instan wae. Tegese, kesuksesan sing gampang bubrah keterak ”aratan”.

Emane, sing instan, sing cepet dadine, kepara yen bisa cukup tinempuh kanthi liwat dalan sidhatan, kuwi sajake sing luwih akeh diidham-idhamake. Ora perlu ngrekasa, ora usah ndadak ngenteni suwe, ning asile cetha. Cetha yen sukses, nanging ngiwakake proses. Apa bisa?

Sawernane biografi utawa autobiografi sing ditulis dening para tokoh sing kagolong sukses, padha crita ngenani pengalamane tokoh kasebut ngranggeh kesuksesan. Sajake angel diprangguli, bisane para tokoh mau ngranggeh kesuksesane srana nempuh ”dalan sidhatanî. Sing lumrah, para tokoh mau padha nyritakake niba tangine, lara lapane, lan patrap sing ora gampang nglokro nalika ngadhepi pepalang lan gagal. Gagal ora dianggep tekane kiamat, nanging mujudake kesuksesan sing tertunda. Iki laras uga karo unen-unen ”sapa temen bakal tinemu”.

Pancen, babare saben biografi lan autobiografi kaajab bisa dadi tepa palupi marang sapa wae sing kepengin ngranggeh kesuksesan. Kanthi mangkono, para mudha utawa sapa wae sing lagi bebadra, gelema ndadekake minangka kaca benggala.

Lara Lapane Damarwulan

Crita-crita sejarah, fiksi klasik, lan crita babaran anyar uga kerep ngandharake ”piwulang” mangkono. Lakon Damarwulan Ngenger, upamane. Sekawit, adoh saka desane, Paluamba, Damarwulan mlebu wewengkon Keraton Majapait kedereng saka kepengine dadi narapraja. Yen kawawas saka sangu, lair-batin, wis luwih dening cukup. Dhasar pidegsa, bagus, lantip ing panggraita, tur pinunjul ing gelar bandayuda.

Ewosemono, Damarwulan lila legawa nalika sowan ing kepatihan dheweke malah didadekake pekathik. Pegaweyan ngupakara jaran, sakeplasan bisa dianggep adoh saka panjangka sekawit. Nanging kanthi dadi pekathik, pranyata Damarwulan tetep entuk dalan, kejaba ing kono dheweke uga ngalami kadidene pematangan.

Arepa kependhem sajroning lumpur, mutyara mesthi tetep mutyara lan mesthi bakal ketok cahyane. Semono uga Damarwulan.

Sabanjure Damarwulan sing wis sambung tresna karo putrine Patih Logender, Anjasmara iku pinilih minangka duta sraya kanthi jejibahan ngrampungi Menakjingga ing Blambangan sing dianggep mbalela. Sesanggan sing abot, senajan yen kasil bakal ngregem panguwasa Majapait lan ndhaup sang ratu, Dyah Kencanawungu.

Sawetara kuwi, putra kembare Logender, Seta lan Kumitir, uga ngarep-arep bisa ngukup sayembarane sang Ratu. Nanging bocah kuwi wegah rekasa, milih gampange wae.

Damarwulan sing kudu perang tandhing dhewe mungsuh Menakjingga, malah nganggo semamput barang, akire kelakon nindakake pakaryane. Kasil nyirnakake Menakjingga.

Kosokbaline, Seta lan Kumitir wanine mung nglimpe. Damarwulan dilimpe, diarah patine. Dene sirahe Menakjingga dirampas, disowanake minangka bukti ing keraton. Arang sang Ratu, uga ramane, kekarone padha nglapurake manawa wis kasil nindakake pakaryan.

Nanging apa wae anggere bosok, mesthi bakal ngganda mambu. Semono uga pokale Seta-Kumitir.

Trologine Suparto Brata, Gadis Tangsi, Kerajaan Raminem, lan Mahligai di Ufuk Timur, uga kanthi landhung nyritakake lelakone tokoh aran Teyi sing urip lara lapa nanging tundhone bisa ngregem ”Kerajaan Raminemî. Sekawit sengsara nanging pungkasane mulya.

Senajan wis ora kurang-kurang piwulang lan kaca benggala tumrap kepriye ngranggeh kesuksesan, tetep wae mentalitas ”dalan sidhatan” nggodha sadhengah wong. Ora mung supaya ”dalan rupak aja nganti kedhisikan”, nanging uga sapa ngerti ”thenguk-thenguk nemu kethuk”. Sapa ngerti mak tlepok ketiban rejeki. Sapa ngerti begja.

Mulane ora nggumunake, sawernane sayembara, embuh sing mambu main utawa pancen main tenan, tetap dadi paran pangarep-arep kanggo ngranggeh kesuksesan. Luwih-luwih sing sambung rapet karo fulus. Bola-bali mentalitas ”melik barang kang melok, kesusu malah merga keselak muluk”.

Kamangka, sabeg-begjane wong sing ngarep-arep kesuksesan ”mak tlepok” mau mesthi luwih begja sing pancen gelem lara lapa, ngrekasa, lan wani ngrekadaya.

Manembrama Kesuksesan

Jalaran ngranggeh kesuksesan iku ya ora gampang, mula kasil ngregem iku uga kerep banjur dipanembrama, dimulyakake, utawa diramek-ramekake. Ing kene iki uga banjur thukul syahwat nyega mambu: pamer.

Senajan sok-sok dibuntel kanthi niyat mulya, aweh dana driyah marang sapadha-padhane sing lagi kesrakat, nanging merga kura titis pangreksane malah dadi ”welas tanpa alisî. Mula ing kene banjur ora keladuk yen ana sing nduwe rasa cubriya, jan-jane naika padha aweh dana-driyah kae, kanthi diupacarakake, kuwi kanggo sapa? Kanggo sing diwenehi apa kanggo sing menehi? Yagene nalika tangan tengen ngulungae pambiyantu, ora mung tangan kiwane sing weruh, nanging prasasat kudu dicongol-congolake marang liyane?

Uwal saka niyat tulus sing ana, pancen ora lidok unen-unen sing ngandhakake, saya dhuwur wit-witan kuwi, saya banter tumiyupe angin.

Nanging patrap sing ”welas tanpa alis” mau tetep wae dianggep luwih mendhing tinimbang sing malah dadi ”kacang lali kulite”. Ora sethithik uga sing banjur selak marang lelakon kawuri. Iki kaya kang kacetha ing lakon Sekar Pudhak Kencana, mligine tokoh Jaka Sambara sing ora ngakoni Lambangsari jalaran melik nglanggengake kamulyan ing keraton. Ya, ora patiya adoh karo lelakone crita Melayu Si Malin Kundang sing kaloka iku.

(Sucipto Hadi Purnomo/)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s