Samin Never Ending


Samin Never Ending

image

RONG abad wis kliwat yen kepetung saka olehe Samin Surontika nangkarake ajarane kang sepinan ing Klopodhuwur, Blora. Walanda, kang banjur dadi pihak sing paling dimungsuhi nalika semana, uga wis sepuluh windu punjul oncat saka tanah Jawa. Ngancik alam kamardikan tumeka jaman reformasi, wong samin utawa sedulur sikep banjur entuk stigmatisasi minangka ‘’wong sing angel sraten-sratenane’’.

Ewasemono, ora banjur ateges ilang pamore Samin lan ajarane. Pancen yen disawang saka takeran kuantitatif, seprana-seprene ora saya tambah kanthi signifikan cacahe warga sing kegolong minangka sedulur sikep iki. Nanging sacara kualitatif, saminisme isih tetep rumasuk, rumesep ing sanubarine wong Jawa liyane sing embuh ing ngendi papane. Ora mung sing dedunung ing Klopodhuwur lan kiwa-tengene, nanging uga sing wis adoh papane satemah saminisme uga ngalami diaspora.

Dhapur ngelingake, taun 1905, wong-wong desa sing nganut ajarane Samin Surontika wiwit ngowahi tata cara uripe dibandhingake karo urip saben dinane ing desa. Wong-wong kuwi wis ora gelem maneh setor pari menyang lumbung desa lan ora gelem mbayar pajeg. Kejaba ik, ora gelem ngandhangake sapi lan kebone ing kandhang umum bareng karo sapine wong-wong liyane sing dudu klebu wong samin.

Nalika mandhor alas narik pajeg lemah, kanthi demonstratif wong-wong samin padha mlumah nong tengah-tengahe lemah karo mbengok, ‘’Kanggo!’’

Iku sing terus ndadekake para panguwasa lan wong-wong kutha sinis lan ngarani pergerakan mau mung minangka kumpulane wong-wong ora nduwe tata. Malah-malah didramatisasi kanthi falsafah Jawa kuno kang ngandhakake ‘’wong ora bisa basa’’. Akibate, sing padha nggilut ajarane Samin diece lan dikucilake saka pesrawungan.

Ora wurung, tumindak mokong mau ndadekake bingung lan jengkele pamong desa. Kanthi warga ora kurang saka limang ewu wong, wong-wong samin padha dirangket Pemerintah Kolonial ing Desa Kedhungtuban Blora, 1 Maret 1907 nalika dianaake slametan, kanthi pandakwa lagi tata-tata mbrontak.

Nanging ing taun iku uga, Samin Surontika ‘’disengkakake ngaluhur’’ dening para pendhereke minangka Ratu Adil kanthi sesebutan Prabu Panembahan Suryangalam. Kuciwane, patang puluh dina sawise kuwi, Samin Surontika dirangket dening Raden Pranono, Ndara Seten (Asisten Wedana) ing Randhublatung, Blora. Samin banjur dibuwang ing luwar Jawa nganti temuka pati ing Padang taun 1914.

Stigmatisasi

Kecekele Samin Sorantika ora ateges curese pergerakan Samin. Senajan akhire padha dicekel, para pendhereke sengkud olehe nggiyarake ajaran Samin nganti tumeka wilayah Madiun, Kayen Pati, Jatirogo Tuban, Grobogan, Bojonegoro, Undaan Kudus. Ing ngendi-ngendi papan, sedulur sikep padha mokong, ora gelem mbayar pajeg.

Ora mokal yen wong-wong Samin banjur diidentikake minangka golongane masyarakat sing ora kooperatif, ora tau mbayar pajeg, wegah rondha, senengane mokong karo mbantah. Malah ana uga pendakwa sing luwih nggegirisi, ateis.

Temene, gerakan Samin sekawit ora uwal minangka respons marang swastanisasi alas ing taun 1875 sing banjur nyahak tanah-tanahe keratin satemah nyengsaraake masyarakat lan maraake wong-wong ditundhung sanah tanah leluhure. Kamangka, manut panemune ajarane Samin: gur tameh eling bilih sira kabeh orak sanes turun Pandhawa, lan uwis nyipati kabrokalan krandhah Majapait sakeng kakrage wadya musuh. Mula sakuwit liyen kala nira Puntadewa titip tanah Jawa marang ing Sunan Kalijaga. Iku maklumat tuwila kajantaka.

Stigmatisasi marang Samin tetep lumaku nalika jaman Orde Baru. Nalika ana sawetara warga kang gelem ninggalake saminisme, dianggep minangka kedadean sing pantes dipahargya. Nikah massal sangang pasang warga Desa Karangrowo, Undaan, Kabupaten Kudus, Jawa Tengah, 3 Januari 1997, upamane, digebyagake minangka pratandha manawa ajaran samin sing wis turun-temurun dianut dening sangang jodho mau ditinggalake.

Nanging tindakan represif lan stigmatisasi mau pranyata ora ndadekake pamore Samin dadi mbleret. Pancen, tinimbang padha diece, tinimbang tansah dianggep sarwanegatif wong-wong Samin banjur milih nganggo sebutan wong sikep, nanging Samin lan saminisme tetep ngambar-arum. Saminisme uga ngalami transformasi kanthi pratelan eskpresif lumantar kesenian rakyar sing urip ing tlatah Pati, Grobogan. Blora, lan Rembang utamane. Lan ing kono, kethoprak kanthi lakon Saridin kudu disebut sepisanan minangka ‘’neo-Samin’’.

Saiki, nalika ing saben dina sing ana mung sarwalamis lan apus-apusan, saya katon mencorong ajarane Samin Surontika lan tindak-tanduke sedulur sikep.

Apa ta temene ajarane Samin, kejaba mokong mbayar pajeg lan ngukuhi bumine dhewe? Ajaran-ajarane Samin temene wis ‘’dikodhifikasi’’ ana ing Serat Punjer Kawitan, Serat Pikukuh Sejati, Serat Uri-uri Pambudi, Serat Jati Sawit, lan Serat Lampahing Urip.

Nanging ing tradisi lisan, kerep muncul pratelan saka sedulur sikep kayadee ‘’agama iku gaman, adam pangucape, man gaman lanang’’, ‘’aja drengki, srei, tukar padu, dahpen kemeren. Aja kutil jumput, bedhog-colong’’.

Kejaba iku, ‘’sabar trokal empun ngantos drengki srei empun ngantos riya sapadha empun nganti pek-pinek kutil jumput bedhog colong. Napa malih bedhog colong, napa malih milik barang, nemu barang teng dalan mawon kula simpangi’’. Uga ‘’wong urip kudu ngerti uripe, sebab urip siji digawa selawase’’.

Mula, yen saben-saben ana kedadeyan sing kira-kira nggepok senggol karo adeg-adege, sedulur sikep ora bakal meneng wae. Sabisa-bisa bakal melu cancut taliwanda. Ora mung nalika bumi sing dadi hake bakal dienggo bancakan wong-wong sing sugih bandha donya, nanging uga nalika nyipati manawa sedulur liya mbutuhake pangentheng-entheng. Buktine nalika banjir gedhe ing wilayah Pati, awal 2008 kepungkur, sedulur sikep padha ‘’turun ke jalan’’, mbagekake sega buntelan kanggo para sopir lan kernet sing lagi padha kapiran.

Dadi, yen swargi Prof Dr Suripan Sadi Hutomo nate mratelaake manawa lestarine ajaran Samin amarga sinengkuyung dening tradisi lisan lan kang tinulis, temene isih perlu dikompliti. Samin, saminisme, lan sedulur sikep tetep wae mencorong pamore ing tengah-tengahe bebrayan sing sarwa ora tumata iki, amarga wis bisa nuduhake conto kang nyata lumantar tumindak. Ora mung kandheg ing pasal-pasal hukum sing gampang ditekuk lan dituku, nanging lumantar tumindak kang jumbuh karo pikukuh sejati lan pituduh liyane. Kanthi mangkono, never ending Samin, saminisme, lan sedulur sikep.

(Sucipto Hadi Purnomo/35)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s