Sembah-Sumpah kagem Simbah


Sembah-Sumpah kagem Simbah

image

ANGGERE ora kakehan polah, simbah pancen pantes disembah. Anggere bener tumindake lan bisa diugemi unine, simbah wis samesthine dipundhi-pundhi minangka pepundhen. Jer ing jiwa lan sarirane simbah, sing ana ora mung gendheng-ceneng karo kang asipat geneologis wae, nanging uga bab-bab sing magepokan kalawan kepentingan-kepentingan ideologis lan praktis.

Sing kegolong wong lumrah utawa kaum pidak pedarakan, simbah sebutane. Ana uga sing ngarani embah. Senajan yen ditlesih, tembung “simbah” iku saka si + embah, nanging “simbah” dirasakake luwih alus lan mriyayeni tinimbah embah utawa mbah thok.

Ana maneh sing ngarani kakek. Senajan tembung iku uga cedhak karo tembung “kaki”, rasane luwih Indonesia. Saora-orane dudu “Jawa”. Ana maneh sing maone dirasakake dudu “Jawa” nanging saiki saya lumrah digunakake, yaiku “opa”, bareng karo saya akehe sing nyebut papa tumrap bapake lan mama marang emboke.

Banjur sing kegolong kaum priyayi utawa ningrat, dudu embah sebutane nanging eyang. Malah sok-sok ditambahi kanjeng barang. Dadine kanjeng eyang sapa ngono. Nanging embuh embah, simbah, eyang, kakek/nenek, embuh opa utawa oma, kabeh mau sekawit ngrujuk marang priyayi sing mujudake bapake utawa ibune wong tuwane sing nyebut. Utawa samendhuwure, kang banjur ketambahan dadi embah buyut, embah canggah, embah wareng, lan sapiturute.

Ewasemono, sebutan embah utawa eyang temene ora ngemungake marang wong kang nduwe hubungan geneologis. Marang soksapaa sing pantes disepuhake, lumrah uga nampa sebutan kaya mangkono.

Klebu marang wong-wong sing dianggep wong pinter, sebutan iki uga kerep dinggokake. Upamane marang dhukun-dhukun. Malah ora marang manungsa wae sebutan iku kanggo. Pundhen-pundhen lan papan keramat, klebu sing dianggep minangka cikal bakale desa utawa sing dadi penunggune kayadene gunung, uga kerep nganggo sebutan mbah utawa eyang.

Kanggo sapa lan apa wae, temene simbah utawa eyang kuwi mujudake sosok (sosok dibayangake) sing pancen pantes diurmati. Pantes uga dibekteni lan dirungokake apa sing dadi dhawuhe. Kepara dianggep bisa paring pengayoman.

Simbah utawa eyang uga dianggep pamong tumrap anak-putu. Ora mung dadi jujugan utawa playon nalika disrengeni wong tuwane, nanging uga papan kanggo entuk crita-crita liyane. Malah lumrah dingerteni, tresnane simbah marang putune akeh-akehe ngungkuli marang anake dhewe. Mula, bocah-bocah nalika sunat utawa malah sing lagi dadi penganten, rumangsa luwih ayem yen ketunggon simbahe.

Mula saben-saben ana patemon kulawarga gedhe, upamane nalika halalbihalal, kerep-kerepe sing nom tansah mratelakake pangajabe supaya simbah awet olehe momong putra-wayah. Semono uga sing dadi simbah, rumangsa mongkog atine dene isih disowani, isih dianggep minangka pepundhen. Malah luwih saka iku, sok-sok dadi sarana kanggo ngumpulake balung apisah.

Ing ngarepe simbah, yen perlu para anak putu mratelakake sumpah prasetyane. Prasetya bakal padha guyub rukun, ora bakal padha congkah. Sumpah bakal mestuti apa kang dadi dhawuhe pepundhen. Apamaneh tumrap para simbah, temene kabagyane anak putu uga kabagyan sing ngungkuli tinimbang kabagyane dhewe. Dadi ora aneh yen para eyang tansah ora kendhat anggone ngengurangi amrih kamulyane anak putu.

Eyang Gurnadur

Merga dianggep bisa menehi pengayoman, gubernur jenderal saka kongsi dagang Walanda dening ratu Mataram diuwuh nganggo sebutan Eyang Kanjeng Gubernur Jenderal utawa ing Babad Giyanti kanthi sebutan Eyang Gurnadur Jendral. Ora nggumunake, senajan yen dipikir ya ngguyokake, yen ora malah babar pisan ngisin-ngisini.

Kanthi sebutan mau, ora diselaki manawa ratu kayadene Amangkurat II sing marang kawulane kejeme ora ilok iku, jebul ing ngarep penggedhene kongsi dagang iku mung ndhepipis, ora wani apa-apa. Khas tipe politik kodhok, marang sing luwih kuwasa nyembah, marang kiwa-tengen nyikut, dene marang sing ana ngisor njejak.

Nanging eyang sing maone tampil minangka pengayoman, sing maone ngopeni marang “anak-putu”, bisa wae banjur dadi malik grembyang. Simbah utawa eyang bisa rumagang gawe kanggo putra wayah sauger isih ganep pancadriyane, isih nalar pikirane. Nanging yen prakara mau gothang, utawa ganep nanging wis kebacut lalu yuswa, bisa wae malah dadi rumatan.

Sing maone mandi unine, dadi saucape mung dadi guyon tumrap sing ngrungokake. Sing maone medeni, malih dadi melasake. Sok-sok malah nalika wis ngunduri sepuh, wis mapag tekane pati nanging ora enggal kasendhal mayang, para putra wayah banjur padha kumpul. Bajur dirembug, banjur digoleki, apa sing kira-kira ngrendhet-redheti “lakune” simbah menyang jaman kelanggengan. Upama ana “cekelan”, marang sapa cekelan iku bakal diturunake.

Nanging bab kepengin entuk seneng atine “eyang”, uga wis dicontoni dening crita wayang. Resi Bisma mujudake eyang tumrap Pandhawa lan Kurawa. Mula, nalika Bisma tatu arang kranjang ing tengah-tengahe medhan Kurusetra, kabeh padha asung muka. Ora sing Kurawa, ora sing Pandhawa.

Ana bantal guling sing dicepakake dening bala Kurawa. Nanging ora ana siji-sijia sing ditampa dening resi saka Talkandha iku. Bareng Arjuna nglepasake jemparing, pirang-pirang tumancep ana ing lemah dipisungsungake marang Bisma, senapatine Kurawa iku bisa nampa kanthi senenge ati. Jalaran, tumrap satriya kang ngayuni bandayuda, ya landhepe jemparing-jemparing kang luwih pantes dadi tatakane awak tinimbang kasur utawa bantal lan guling.

Mangkono iku tumrap eyang sing cetha-cetha ngeculake keprabon, nanging malah banjur madeg kapandhitan lan babar pisan wadat selawase urip. Dudu kaya ratu liyane sing lereh keprabon merga dilorot dening kawulane lan banjur ora madeg kapandhitan, nanging malah madeg kabandhitan.

(Sucipto Hadi Purnomo/73)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s