Wajik Klethik Gula Jawa


Wajik Klethik Gula Jawa

SWARGI Ki Nartosabdho nate maringi pasemonan iki: Dadi wong sugih iku ora gampang. Mikir bandhane, ora bisa turu. Bingung, mapanake bandhane. Arep disingidake ngendi wae, kuatir konangan. Saking jibege, dhuwite banjur dijegurake ing jedhing.

Pancen kakean bandha iku murugake ati ora bisa tentrem lan marem. Beda lan wong sing ora sugih bandha, senadyan lawange dijarke mengo ngowoh-owoh, dheweke ora kuatir menawa omahe dileboni maling. Umpamaa maling arep nyatroni omahe, bandha apa sing bisa digawa? Wong sing ana ing omahe ya mung barang-barang sing ora ana regane.

Iku mau mratelake menawa ajine manungsa iki ora gumantung saka mbrewu lan lubering bandha. Mula ana kawicaksanan Jawa sing unine: Manungsa iku kudu luwih saka bandhane. Yen manungsa mung rebyeg kainteran ing kekarepan, mendah begjane yen  omahe bisa dadi luwih apik, kamangka omahe wis gedhong magrong-magrong, utawa mendah gagahe yen duwe maneh montor sing kinclong, kamangka montore wis lima cacahe tur kabeh wis kinclong-kinclong wernane, manungsa kaya mengkono mau sejatine wis kelangan ajine.

Wong sing kedanan bandha iku ora nate marem. Persis kaya dene wong sing ngragas ing panganan. Nadyan wis mamah apa wae, isih terus ngelih. Kagandhulan bandha, urip iki dadi nggrenggiyek kabotan sanggan, pepindane uripe dadi sarwa ribed kesrimped bebed.

Kanggo wong sing kasrimpung ing bandha iku, para pinisepuh mbiyen maringi piwulang iki marang aku kabeh. Sepisan, wong kudu weruh ing tuju. Lire, apa ta sejatine tujuane uripku ing donya iki. Mesthine dudu kanggo nglumpukake bandha, ning kanggo nggayuh ajining dhiri lan tentreming ati. Saka kuna makuna aku ngreti, menawa ajining dhiri lan tentreming ati iku bakal bisa ginayuh, yen aku gelem ngelungake dhiri lan maringake saperangan bandhaku kanggo sapa sing mbutuhake. Banjur weruh ing tuju uga ateges weruh ing kasampurnaning urip. Cetha menawa kasampurnaning urip iku bisa dak gayuh menawa aku wani nglumpati urip iku, banjur mulih ing Sing Gawe Urip, sing gedhene ngungkuli sakabehing bandhaku ing donya iki.

***

Supaya ora kasimprung ing bandha, para pinisepuh mbiyen banjur paring piwulang kang kapindo iki: wong kudu weruh ing watese. Manungsa iku ora sarwa bisa, utawa sarwa mikolehi. Kabisan itu ana watese. Ngendi watesing kabisanku? Yen aku bisa mangsuli pitakonan iki, lakuku ora bakal ngalor ngidul tanpa tujuan. Bandha uga ana watese. Pribasane, aku ora bisa nglebokake prabot apa wae ing omahku sing mung cilik ukurane. Yen dak peksa-peksa, wewangunaning omahku mung dadi lan ora pantese. Parandene, yen aku isih tetep meksa, kudune aku nglegewa, menawa rasa srakah wis wiwit sumusup ing awakku. Pancen sumusuping rasa srakah iku alus, ora dak rasakake, weruh-weruh aku wis kebulet ing pepengenan sing ora ana watese. Mula yen aku sadhar, kapan rasa srakah iku wiwit nyusupi aku, aku banjur bisa nggepuk rasa srakah iku, sadurunge rasa mau mrambat lan nyrambahi sakabehing uripku.

Banjur, iki piwelinge para sepuh kang katelu: wong kudu weruh ing prelu. Pancen, manungsa iku kerep kajiret ing bandha lan prekara sing sejatine ora prelu kanggo uripe. Yen penganggoku akeh nganti turah-turah, kapan anggonku nganggo. Wong sing ora duwe, nganggone mung iku-iku wae. Ngonoa, dheweke sejatine luwih ngajeni penganggone tinimbang aku sing penganggone luwih-luwih. Aku mung nyimpen penganggoku ing lemari. Nalika aku arep nganggo, bingung anggonku milih. Tundhone, ya nganggo sing iku-iku wae. Coba penganggoku sing mung nganggur mau dak paringake liyan sing mbutuhake, rak banjur terus kajen merga dienggo. Lire piwulang sing katelu iku mratelake menawa apa sing dak duweni iki sejatine luwih akeh tinimbang sing dak prelokake. Katembungake liya: kapreluanku sejatine mung sethithik, mula aku ya ora prelu nduweni barang sing tundhone ora dak prelokake.

Ora ngugemi weruh ing tuju, weruh ing wates, lan  weruh ing prelu, ya telung prekara iki sing mururagke wong kasandhung ing tumindak korupsi. Pancen, korupsi iku sejatine mung tembung liya kanggo sikep sing ora weruh ing ing tuju, ing wates, lan ing prelu. Kosok baline wong sing ngugemi telung prekara mau, dheweke bakal tinuntun sing marganing kabegjan lan katentremen, sing njalari dheweke bisa mbenerake paribasan iki: Wajik klethik, gula jawa, luwih becik dadi prasaja.

Dening Sindhunata

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s