Wis Tekan Jaman Wolak-walik


Wis Tekan Jaman Wolak-walik

image

ORA ngerti sangkan-paran, mak jegagik, kaya ngimpi awakku. Ngimpi sing wis paro wengi, puspa tajem. Jebul, uripku iki wis mancik jaman wolak-walik. Malik grembyang. Merga, akeh pimpinan sing kedanan lompong sethe, nganti kawulane kudu mbalung pakel. Kawula, pijer kopong, ndomblong, njur alok-alok hoseee. Hemm! Lha piye, ana priyayi sing udut, kang dimut malah nggon genine. Iku bebasane pemimpin jaman wolak-walik. Jaman akeh sing kewalik jagade.

Wis tekan jaman wolak-walik. Tekan janji suci, sajake. Kadhang, ramalane pujangga ki kaya kojahe ki dhalang: ndamu murub, mancal mubal, lan idu geni. Ramalane RNg Ranggawarsita kudu maujud. Ujare Ki Pujanga Agung: ”Lamun wong-wong wis dha njupuki apa ta apa seka papan jember, digawa menyang papan resik, dienik-enik, disawang-sawang, mengko akeh wong sing kuwalik paningale.”

Gagasen. Saiki akeh sing ngusung lompong seka papan jember, diwadhahi pot pengaji mayuta-yuta, dipajang ing teras. Ana lompong sing regane malik dadi yutan, dipajang ing kamar hotel, lan sapiturute. Piye wae, lompong iku lemes, bisa alum. Lompong iku ora bakal awoh mutiara. Paling ngundang uler. Tegese, barang sing seka jember iku, ya sok mung endah sawetara wektu, njur malik klipuk, reged meneh.

Ayo, diakoni apa ora, mangga. Mitraku seka luar Jawa, merga kudu sidhang ing Jakarta, disangoni yutan, akhire ing kutha gedhe iku ”golek kemul”. Lompong ta iki. Nggoleki kemul seka ”donya jember”, ora wurung dolanan lompong. Nuju sidhang ya mung kelingan lomponge, ngantuk. Lha rak wis adoh seka janjine biyen. Jare dadi lancure negara, jebul mung butuhe dhewe.

Tenan ora. Donyane priyayi kang (kudune) mimpin negara piye, coba. Ana ta sing kudune dadi suh, malah nyebar rerusuh. Priyagung sing biyen cedhak lumbung, ana sing mbambung, rak wiwit kewolak-walik ta? Lire, kudune para pemimpin mau melu udhu urun ngiseni lumbung, saiki wis akeh sing wiwit nawu lumbung. Akeh para pemimpin sing malah katut ”usung-usung lumbung”, kanthi korupsi, suap, beteke biyen anggone ngrebut kursi ya ngono, golek pepulih..

Tobat-tobat, soto babat campur trasi. Akeh pejabat sing saya nekad, saya kedanan kursi. Lhadalah! Tobil-tobil anak kadhal ngoyak anak cecak. Negarane dhadhal, yen akeh sing sawiyah-wiyah. E, bojleng-bojleng tenan kok donya nuswantara iki. Wong cilik sing biyen lungguhe dhingklik, oglak-aglik, saya mendelik. Wis tekan jaman wolak-walik iki. Akeh sing bingung , kewalik-walik pandelenge. Wis kepenak, njaluk kepenak.

Yen biyen, ana sing kuwat ngugemi gegebengan pemimpin Astha Brata, saiki sapa sing kuwat. Nglengkara. Najan konsep iki sok digembar-gemborke calon pimpinan, ning sok mung turah lambe. Uga ana cekelan pimpinan sing luwih sethithik, yaiku Tri Brata, emane ya wis dha dila­lekake. Cekelan Tri Brata, nuduhake pimpinan sing ora mung ndopok thok. Yaiku, pimpinan kudu nganggo watak (1) tanu brata, (2) ranu brata, lan (3) manu brata.

Tanu brata, iku watak (brata utawa laku) wantune pimpinan sing kaya tanu (godhong). Tegese, godhong iku kayadene lelagon Ilir-ilir, ijo royo-royo. Bisa ngayomi, mayungi, lan ngayemi. Godhog iku patrape alus, ledhung-ledhung, endah yen dinulu. Dheweke bisa asah asih asuh marang kawulane. Njur, kapan olehe bisa ngayomi, menawa golek adil paramarta wae angel. Kasus-kasus sing nyenggol wong dhasenan, nyatane mak plenthus. Perang mahasiswa nolak BHP, kawula nolak digusur, rakyat nolak PHK, lan liya-liyane akhire dha penthung-penthungan.

Ranu brata, iku bratane pimpinan sing kaya ranu (banyu). Banyu iku watake anyep, menehi rasa adhem. Banyu uga terus ngenggoni ngisor, andhap asor. Banyu uga ngrejekeni. Luwih-luwih sing jeneng udan, tanpa pilih kasih. Banyu iku pimpinan sing bisa manjing ajur-jer, tur alus. Mula, ana unen-unen lembut ngungkuli agal ngungkuli gunung. Tur meneh, banyu iku nguripi. Tumraping iwak, jelas nikmat ing banyu. Apa ana pimpinan sing kaya ngene iki, sewu siji mbokmenawa.

Manu brata, iku watake pimpinan kang manu (meneng). Manu ateges prihatin. Manu, uga asring nunggal misah karo manuhara. Tegese, nyenengake, ngelam-lami. Pimpinan kang nganggo watak manu, iku gelem nengenake tapa brata. Anggone ngembani negara srana alus, nengsemake, ora grusa-grusu, beteke sruwa-suwi lambaran alusing budi. Pimpinan sing dhemen olah tapa, kayata tapa ngrame, tapa mutih, tapa mbisu (mona), anggone mimpin cukup nganggo pasemon ”dhupak bujang esem mantri semu bupati sasmita narendra”. Kanthi mangkene, empan papan, sarwa ditrapake kanthi wijang, ora wor suh.

***

SATEMENE, calon pimpinan iku ora uwal seka padatan saben dinane. Yen saben dina kulina urip resik, mimpin uga resik. Gampange wae, yen kulinane mangan keclap, sendhoke kluthak-kluthik, tur jegang sisan, iki dadiya pimpinan sok clekopan thok. Sugih omong ning kothong. Dheweke sok wit gedhang awoh pakel, omong gampang ning buktine angel. Malah yen wis kepengkok pancabaya, kewiyak wadine, isih mencak-mencak, arep selak. Iki genah kena dayane jaman wolak-walik. Sing ijo bisa dadi abang. Lompong bisa dibopong-bopong. Najan wis ana sing mbalung pakel, tetep njangan gori. Ndableg.

Tumrap kadang-kadang sing kulinane turu njingkrung, modhel ”turu urang”, tur ngorok pisan, iki dadiya pimpinan uga sok ati dhondhong. Lire, njaba alus, omonge kaya mentes-mentesa, manuhara, jebul njerone ting srongat ora karuwan. Ngerti dhewe ta, urang kuwi awake bengkong terus, nganti wis digoreng tetep bengkong. Mbokmenawa, merga utege kurang landhep. Senengane, akeh bab sing ditutup-tutupi, njingkrung krung, kareben slamet dhewe. Tur meneh, ana ta unen-unen ”supit urang”? Wow, medeni, yen wis nyapit, durung pati-pati pethal, yen durung metu getihe. Cekak cukupe, dheweke seneng njoged ing banyu bening, ning uga ndhelik ing ngisor watu.

Pimpinan ngono iku persis kaya unine lelagon ”Aja sok gampang dadi wong manis, jebul amung lamis.” Katone, urang iku endah, manis, ning jebul sok kebak lamis. Mula seka kuwi, yen pengin duwe turun kang bakal dadi pimpinan agung ing nuswantara, kulinakna wiwit seka padatan ”mangan lan turu”. Yen anggone mangan wis ora trapsila lan olehe turu kurang becik, yen dadi pimpinan bakal ndrawasi. Sing mbilaeni, yen nganti dheweke kuwi ngedhekake ”aluamah”, uripe mung nggedhekake puluk, pijer mamah kang diudi —korupsi bakal ndadi. Bakal akeh lompong dikrobong-krobong, jebul isine mlompong.

Jiwa pimpinan uteg urang, uga pancen reged, kudu dikumbah. Yen dienengke wae, dheweke bakal duwe gegebengan ”madhep ngalor sugih, njangkah ngidul sugih.” Aji mumpung bakal ngembangi utege. Yen wis ngono iku, njur carane mimpin negara mung sluman-slumun slamet. Waton wudele dhewe slamet. Iki gandane pimpinan sing pijer sekuthon, pidak jempol, akhire ngglendem. Samengko, dhemen nglelithing lompong, dolanan bokong, moh medhun seka kursi. O. alah bapak balung pakel, najan akeh sing alok (reged) tetep ngeyel. Lompong mlebu ngomah, jane cen ”ompong” wegah salah! Huuu!

(Suwardi Endraswara/)

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s