Jenderal Inggris Gugur ing Palagan Surabaya


Jenderal Inggris Gugur ing Palagan Surabaya

 Tokoh pertempuran telung dina (26-29 Oktober 1954) ing Surabaya. Saka kiwa (ngarep) Kol.Soengkono, Residen Soedirman, Gubernur Surio, ing baris no. 2, kiwa : Roeslan Abdulgani, Doel Arnowo (mburine Gubernur Surio).

 KELAKONE wus 65 taunan kepungkur; cethane maneh dhek minggu pungkasan sasi Oktober 1945. Kira-kira jam lima sore ngono, Mas Martono karo aku medhun saka sepur ing stasiun Gubeng Surabaya. Aku sakloron dhek samana isih siswane Sekolah Guru Tinggi ing Jakarta. Miturut ujare Mas Ton, lagi ditugasi (embuh langsung embuh ora, aku ora miterang) dening Bung Hatta ngedegake Palang Merah Indonesia ing wilayah Jawa Timur.

Dhek jaman samana, wis dadi adat kelumrahan, manawa ana “tugas” saka Pe­mimpin, ora nate kita dadak takon: “Endi Surat Perintahe? Lha endi uang sakune? Njur numpak apa?”, lan pitakon liyane maneh sebangsane ngono mau.

Mas Ton mono bareng Ibukota Re­publik pindhah nyang Yogya njur dadi Ko­mandan Tentara Peladjar; lha sabanjure nate uga dadi Ketua Umum Himpunan Kaum Tani Indonesia, sarta dadi Menteri Transmigrasi).

Lha ya iku mau; saka stasiun Gubeng lenging ati nuju nyang Kantor Gubernur­an. Ning, rehning durung ngerti lor kidule kutha Surabaya, trem sing dak tumpaki dadak nuju nyang Sawahan. Lha iya ing sadalan-dalan katon ana barisan sing lagi baris; breg-breg-breg. Kabeh padha nye­kel gegaman dhewe-dhewe; komandane nyengkelit pedhang; malah ana uga sing nyandhang pistul barang.

Pikiranku wong loro njur tumuju nyang kahanane kutha Jakarta (dhek samana). Persasat saben dina serdhadhu Sekutu sing digoncengi NICA = Netherlands Indies Civil Administration, tansah nganakake terror, kekisruhan, kerusuhan, raja tatu, raja pati. Ora ming gawe onar kantor-kantor Republik bae, ning uga marang rakyat, kawula Cilik.

Yen si serdhadhu NICA pengin nem­bak uwong, ha iya nembak bae; pengin ngrampog duweke rakyat, ha iya diram­pog lawaran bae. Ora ana sing wani meng­gak, ora ana sing wani ngaru biru. Iya bener saben bengi sering ana suwara “siaaapppp!!”, tegese supaya para pen­duduk, mligine para mudha padha siyaga ngadhepi ontran-ontran sing arep di­ana­kake si NICA, ning suwening suwe per­lawanan ngadhepi serdhadhu Landa (ana sing kulit putih, ana sing sawo mateng, ana sing ireng) iki, pasukan rakyat saya mundur, mundur. Tekan Krawang, Bekasi, Tangerang, lan sakiwa tengene.

Satemene bae, bareng Jepang wis teluk, Tenno Heika pidato asrah bong­kok­an nyang Sekutu 15 Agustus 1945, pama­rentah Landa babarpisan wis ora nduweni apa-apa ngenani tilas jajahane sing dise­but Hindia­Walanda kae. Soale, iya wiwit 15 Agustus 1945 kuwi mau sing nguwa­sani bumi Nusantara ana pihak loro. Wi­layah Sumatera karo tanah Jawa dipas­rahake nyang pihak Inggris, sing diko­man­doni Lord Louis Mountbaten; lha sisa­ne maneh kayadene Kalimantan, Sulawesi sapengetan nganti tekan Papua dikuwa­sa­kake marang pimpinan-tertinggi ang­katan perang Australi, Jendral Sir Thomas A. Blamey.

Letjen van Mook sing dadi tetunggule pamarentah Landa ing bang Wetan sing rikala kuwi ngungsi nyang Australi, nate ngadhep nyang manggalaning Angkatan Perang Darat Amerika, ing wilayah Pasifik, jendral Douglas MacArthur ngenani pra­kara iki. Ning sang Jendral iki nampa tugas saka dhedhuwurane Joint Chiefs of Staff ing Washington, operasi militere ing daerah Hindia Walanda supaya mung di­arahake bisane ngrebut bali Tarakan (Kali­mantan) dalah Balikpapan sing sugih lenga-patra. Dene wilayah liyane dipasra­hake nyang pihak Inggris karo Australi.

Cethane maneh: MacArthur ora susah ngrebut bali pulo Jawa barang. Tiwas mbu­wang tenaga, nyawa, lan wektu bae. Kathik kudu nyedhiyakake peralatan, sing yektine wus cumpen. Pihak Inggris, sate­mene wegah nampa tugas ngurusi Suma­tra karo Jawa. Kejaba anak-buahe wis akeh sing sayah merga perang, wilayah mau dudu wilayahe, dudu tilas jajahane. Ora ana urusan apa-apa. Ha teka ditugasi dikon ngurusi.

Ning, ha ya jeneng Sekutu, gelem ora gelem ha hiya kepeksa nindakake tugas mau. Kelakon tanggal 29 September 1945 pasukan Inggris ndharat ing Tanjung Priuk. Komandane: Letjen Sir Philip Christison, mbawahake mayjen D.C. Hawthorn (kanggo Jakarta); Mayjen A.W.S. Mallaby kanggo Surabaya, lan mayjen H.M. Chambers kanggo Medan.

Lha iya rikala ndharat ing Priok iki, di­goncengi pihak Landa; dumadi saka KL karo KKIL, dalah pemerintah sipile pisan.

 (Mobil sing ditumpaki Brigjen Mallaby kobong ing sacedhake gedhong Internaio, Surabaya (20 Oktober 1945).

 Ing Surabaya, Inggris ndharat tanggal 25 Oktober 1945, kekuwatane 6.000 jurit, komandane: Brigjen A.W.S. Mallaby. Ugal-Ugalan, dadak njur nyebar surat selebar­an, isine prentah amrih rakyat Indonesia padha masrahakake gegaman sing didar­beni nyang pihak Inggris. Terus ngluwari para tawanan Landa ing Kalisosok tanpa izine pihak Indonesia. Suwasana njur dadi tegang. Pihak Indonesia nulak mentah-mentah.

Iya ing ndalem situasi sing tegang ngono mau, tekaku wong loro dhek sa­mana ing Surabaya. Kakangaku, Djoko Utomo sing manggon ing papilyun. Kantor Gubernuran ngandhani aku wong loro, manawa saiki iki Surabaya lagi tegang; serdhadhu Inggris ubel-ubel (sing tembe­ne katelah serdhadhu Gurkha) wis wiwit gawe propokasi. Baris urut kacang siji­siji karo nyangga bedhil, mripate pendirang­an ngiwa nengen sajak nyujanani saben uwong sing dipethuki.

Embuh sapa sing miwiti, dumadakan bae keprungu suwarane mimis pating jle­dhor, saut-sautan. Pertempuran wis ke­lakon pecah.

Sajake persatuane rakyat mula wis gilig gumolong dadi siji. Sanyari bumi, sa­dumuk bathuk, ditohi pati, pecating nyawa sarta wutahing ludira.

Aku weruh Mas Ton ha teka iya njur entuk bedhil, melu campuh ing yudha. Per­tempuran sewengi natas; lha esuke bedhil-bedhilan katon rada mendha. Njur awane ngono, —iya ing Kantor Gubernur­an, aku weruh Bung Karno, Bung Hatta karo Menteri Penerangan Amir Syarifuddin rawuh. Dibarengi sawatara opsir Inggris.

Sawatara taun sawise kuwi, aku lagi ngerti, yen rikala kuwi pihak Inggris ke­seser ing pupuh. Malah-malah tembene Bung Tomo aweh keterangan manawa Inggris sing ana gedhong Internatio, kabeh-kabeh bakal mati kobong, yen ta Bung Karno karo Bung Hatta ora enggal teka Surabaya.

Soale, bareng Inggris ngrumangsani yen serdhadhu Gurkhano bakal akeh sing mati kobong banjur njaluk tulung nyang Bung Karno karo Bung Hatta supaya ker­soa nengahi pertempuran mau.

Priyagung loro dikantheni Menpen, karo sawatara opsir Inggris sing dadi peng­hubung, terbang nyang Surabaya. Saka ngisor ditembaki rakyat; njur saka radio keprungu suwarane Bung Tomo: ”Aja ditembak dulur-dulur. Mengko bae, yen wis ana ngisor kita serbu!”. Kalakon pesawat ndharat kanthi slamet.

Lan rakyat banget gawok dalah suka sukure dene sing metu katon Bung Karno, Bung Hatta karo priyagung sijine maneh sing isih durung patia dikenal (Iya Mr Amir Syarifuddin kuwi, sing dhek jaman Jepang diukum selawase urip ana kunjaran Lowok­waru, Malang).

Sing ngedab-edabi maneh, —miturut- keterangane Cak Roeslan Abdulgani, dhek samana Bung Karno ngasta gendera Merah-Putih, dikibarake ana ngarape para opsir Inggris mau. Metu saka lapangan ter­­bang opsir Inggris njaluk dikawal pa­sukan Indonesia, merga kuwatir yen bakal diserbu jalaran lapangan terbang mula iya wus dikepung pasukan pemuda Indonesia.

Rombongan tekan Kantor Gubernur; katon mayjen Mallaby, Gubernur Suryo, tokoh-tokoh liyane, uga jurubasa tuan Kundan, pedagang India sing simpati nyang gerakan kamardikan Indonesia. Iya prastawa iki sing dakweruhi karo Mas Ton. Wong loro saka Jakarta babarpisan ora nate ngira yen bakal dadi seksi sejarah.

Kerampungane rundhingan pertem­pur­­an dilereni sawise telung dina tembak-tembakan.

Terus didhapuk: Kontakbiro sing dadi sarana sesambungan antarane pihak Republik karo pihak Inggris.

Tanggal 30 Oktober esuk rombongan Presiden Soekarno kondur nyang Jakarta sarana nitih sepur. Lha bareng sorene, iya isih tanggal 30 Oktober mau ana pras­tawa sing gawe gendra temenan.

Mayjen Mallaby diwartakake tiwas, rikala lagi (arep) dianakake rundhingan an­tarane Kontakbiro karo pasukan Gur­kha/Inggris sing ana gedhong Internatio.

Sajrone sejarah Inggris, iya lagi sepisan ji iki, ana jendral Inggris sing nganti kapracondhang ing yuda; gugur, tiwas ing peperang­an. Gugure ana kutha Surabaya. Sura-ing-baya.

Gugure Mallaby mujudake berita-jagadan; sumebar ing saindenge donya sarta gawe nepsune pimpinan tertinggi

 (Kekendelane arek-arek Surabaya ngusir penjajah sing nuwuhake anane Hari Pahlawan 10 Nopember 1945 “Merdeka atau Mati)

Angkatan Perang Sekuthu ing pulo Jawa, Jendral Christison. Minangka gantine Mallaby ditamtokake Mayjen E.C. Man­sergh, sing ing sabanjure ngetokake ultimatum/pangancam marang rakyat Sura­baya kabeh bae. Isine supaya ing wektu sing wis ditamtokake padha masrahakake sakehing gegaman sing didarbeni nyang pihak Inggris. Ora gegaman sing rupa bedhil pistol bae, ning uga klewang, keris, peso lipat lan sejenise maneh.

Kabeh-kabeh kudu ditindakake sadu­runge tanggal 10 Nopember 1945. Wus mesthi bae, ultimatume Mansergh mau ora digubris dening pamarentah propinsi Jawa Timur kanthi gubernure Raden Pandji Suryo, sing dibantu dening mayjen Sungkono, residen Surabaya Sudirman, walikota Pamudji, Roeslan Abdulgani dalah barisan pemuda sarta barisan buruh liyane sing wis gumolong dadi siji: ngan­dhemi kamardikane bumi Pertiwi, Re­publik Indonesia.

Sapa bae  dhek samana sing ana, ya? Pemerintahan Propinsi Jawa Wetan, pa­ma­rentahan karesidenan dalah kutha Su­ra­baya, Tentara Keamanan Rakyat (TKR), Pulisi, Pemuda Republik Indonesia (PRI), Barisan Pembrontak Rakyat Indonesia (BPRI), Laskar Buruh lan isih akeh maneh tunggale. Kabeh-kabeh emoh, ora sudi nu­ruti karepe si Inggris sing sawenang­ wenang.

Tanggal 9 Nopember 1945 jam 21.00 Gubernur Surio pidato nyang ngarep corong radio; ditujokake marang rakyat Jawa Wetan kabeh, mligine kawula ing Surabaya, ngenani situasi sing diadhepi saiki iki. Terus dianakake hubungan karo Bung Karno ing Jakarta. Terus karo Menlu Ahmad Soebardjo. Tanpa kasil apa-apa. Jam 22.10 Gubernur Surio pidato maneh, nerangake manawa Pimpinan Pemerin­tahan ing Jakarta masrahake situasi Sura­baya marang rakyat dhewe. Dadi, ter­serah nyang kita dhewe.

“Ayo saiki nenuwun marang GustI Kang Maha Kuwasa amrih kita kabeh oleh kekuwatan lair batin dalah rahmat sarta taufiq ing ndalem perjuangan. Selamat       berjuang!”.

Mangkono kurang luwih pidatone Gu­bernur Surio kanthi tenang, wijang, tegas sarta manteb. Laras karo watak wantune priyagung sing pepake asma: Raden Adi­pati Ario Surio iki. Sajam sadurunge ulti­matume Mansergh entek wektune.

Esuke: 10 Nopember 1945 pecah per­tempuran ing Surabaya, ngandhemi Re­publik. Dikira Inggris bisa nguwasani kutha mau sajrone seminggu, ning nyata­ne lagi 3 minggu Surabaya lagi kena di­atur­ake: jatuh ke tangan musuh….(Soebagijo IN)

Tinggalkan komentar